Pelajaran 1
SK
1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan berupa pesan langsung dan cerita tokoh wayang.
2. Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan untuk menanggapi permasalahan dan melakukan wawancara sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Mampu membaca dan memahami teks bacaan teknik, intensif, dan membaca huruf Jawa.
4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis huruf Jawa.
KD
1.1 Mendengarkan pesan.
2.2 Melakukan wawancara.
3.2 Membaca kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan panyigeg wanda.
4.1 Menulis surat pribadi
A. Nyemak:
Nyemak Crita Pesen
Semaken kanthi premati pesen ing ngisor iki!
Basa Jepang Kuna
Tanggaku, priyayi asli Ngayogyakarta Hadiningrat. Putrane sing ragil wis mahasiswa ing salah sawijine pawiyatan luhur ing Surabaya. Nalika semana nampa tilpun, yen bapak diaturi tindak menyang daleme Pak Darsana. Putrane mau banjur matur marang bapake “Pak, ana tilpun saka Pak Darsana, bapak mangke dipunaturi tindak dhateng dalemipun Pak Darsana”. Banjur putrane takon, “Pak, dipunaturi iku apa tegese, Pak”. Bapake, sing rumangsa priyayi Ngayogyakarta rada duka, “Dipunaturi iku basa Jepang kuna”. Putrane, disemoni kaya mangkono sajake ya durung mangerti, banjur takon maneh, “Basa Jawane piye?”.
Ngendikane bapake, “ Mbuh, mbuh gak weruh.”
Kedadean kaya ngono iku bisa wae kedaden menawa pancen tenan-tenan ora mudheng basa. Malah mbok menawa wae bisa luwih lucu menawa kang dititipi pesen ora weruh carane ngaturake pesen. Cara ngaturake pesen iku gampang, kang kudu digatekake menawa dititipi pesen yaiku:
1. Jenenge sing pesen.
2. Isi pesen, yen perlu ditulis utawa dicathet.
3. Nalika ngaturake kudu nggatekake unggah-ungguh.
4. Gunakna tembung utawa ukara kang cetha lan gampang ditampa.
Tuladha ngaturake pesen:
- Bu Jumirah kula dipunutus Bu Weni ngaturaken pesen, bilih mangke Bu Weni mboten saged tindak arisan amargi wonten tamu saking Palembang.
- Pak, kala wau pikantuk telpun saking Pak Marbani wau titip pesen, acaranipun mboten siyos wonten bale desa dipunundur jam kalih wonten Semar Resto.
Gladhen
Rampungna ukara ing ngisor iki! Setitekna sing temen!
1. Bapak meling marang Ikhsan supaya Sayuti enggal mulih anggone bal-balan.
Ikhsan kandha marang Sayuti, “.....................................................................................”
Wangsulan:
“Sayuti, aku mau diweling bapakmu supaya kowe enggal mulih anggone bal-balan.” (Kreativitas Siswa)
2. Ibu Retna meling marang Bu Jaya supaya Bu Narni didhawuhi ngresiki aula amarga arep kanggo rapat.
Bu Jaya matur marang Bu Narni, “...........................................................................”
Wangsulan:
“Bu Narni, kalawau pikantuk pesen saking Ibu Retna supados panjenengan ngresiki aula amargi badhe kangge rapat.” (Kreativitas Siswa)
3. Widi meling marang Yanti supaya Eki dikon ngenteni Widi.
Yanti kandha marang Eki, “........................................................................................”
Wangsulan:
“Eki, aku mau entuk weling saka Widi supaya kowe ngenteni dheweke.” (Kreativitas Siswa)
4. Estri meling marang Faham supaya Fiqih nggawa laptop.
Faham kandha marang Fiqih, “...........................................................................................”
Wangsulan:
“Fiqih, aku mau entuk pesen saka Estri supaya awakmu nggawa laptop.” (Kreativitas Siswa)
5. Bu Siwi meling marang Santi supaya Bu Angga besuk Minggu tindak ing daleme Bu Nessa.
Santi matur marang Bu Angga, “....................................................................................”
Wangsulan:
“Bu Angga, kalawau kula dipunutus dening Bu Siwi supados ngaturaken pesen menawi benjing Minggu dipunaturi tindak ing dalemipun Bu Nessa.” (Kreativitas Siswa)
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
B. Micara:
Wawancara
Wawancara (bahasa Inggris: interview) arupa pacelathon antarane wong loro utawa luwih lan lumaku antarane narasumber lan pewawancara. Tujuan saka wawancara yaiku kanggo ngupaya informasi ing ngendi pewawancara ngajokake pitakonan-pitakonan supaya oleh wangsulan dening narasumber kang diwawancarai.
Kasil orane wawancara saliyane ditemtokake dening sikap wartawan uga ditemtokake dening tingkah polah lan sandhang panganggo. Sikap kang apik biasane ngundang simpatik lan gawe suasana wawancara adil gayeng, akrab alias komunikatif. Wawancara kang komunikatif ditemtokake dening kawruh lan kabisan bab materi utawa topik wawancara saka narasumber apa dene pewawancara.
1. Bentuk-Bentuk Wawancara
Bentuk-bentuk wawancara antarane yaiku:
a. Wawancara berita ditindakake kanggo golek kabar/berita.
b. Wawancara kanthi pitakon kang disiapake luwih dhisik.
c. Wawancara telpun yaiku wawancara kang ditindakake liwat pesawat telpun.
d. Wawancara pribadi.
e. Wawancara marang wong akeh.
f. Wawancara dadakan.
g. Wawancara kelompok yaiku serombongan wartawan nindakake wawancara marang sawijining pejabat, seniman, olahragawan lan sapanunggalane.
2. Jinis-Jinis Wawancara
Wawancara dibagi dadi 3 jinis yaiku:
a. Wawancara Bebas
Pewawancara bebas takon apa bae marang narasumber. Kudu digatekake lan dijaga supaya pitakon-pitakone iku ana sesambungane marang data kang diperlokake, menawa ora ngati-ati, pitakonan bisa teka ngendi-endi.
b. Wawancara Terpimpin
Pewawancara wis disangoni daftar pitakonan kang lengkap.
c. Wawancara Bebas Terpimpin
Pewawancara nggabungake antarane wawancara bebas karo wawancara terpimpin. Nalika nindakake pewawancara wis nggawa pituduh apa wae kang kudu ditakonake.
3. Sikap-Sikap kang Kudu Diduweni Pewawancara
Nalika nindakake wawancara, pewawancara kudu bisa nggawe suasana ora kaku supaya narasumber bisa mangsuli kabeh pitakonan. Mula, sikap-sikap kang kudu diduweni pewawancara antarane yaiku:
a. Netral, tegese pewawancara ora komentar kanggo setuju utawa ora setuju marang informasi saka wangsulane narasumber. Tugase mung ngrekam kabeh katrangan saka narasumber.
b. Ramah, tegese pewawancara nggawe swasana kang bisa narik minat narasumber.
c. Adil, tegese pewawancara kudu bisa ngatonake pakurmatan kang padha marang narasumber kang luwih saka siji.
4. Nindakake Wawancara
Fadil : “Assalamu’alaikum!”
Pak Abi : “Wa’alaikumsalam. O….. Fadil njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa?”
Fadil : “Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun priksa sejarahipun “Pertempuran 5 hari’ ing Kitha Semarang.”
Pak Abi : “O…. kuwi terus apa sing arep koktakokake marang bapak?”
Fadil : “Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kedadosanipun paprangan 5 dinten ing Kitha Semarang?”
Pak Abi : “Mangkene critane. Nalika iku kamardikaning negara Republik Indonesia wis diproklamasekake dening Ir. Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging Walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadean kaya ngono iku ana ing ngendi-endi kaya ta Medan, Surabaya lan sapanunggalane. Semono uga ing Kutha Semarang. Nalika semana tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen pawarta mau bener, tegese wong sa-Semarang ora wurung bakale mati keracunan. Mula pangarsa Laboratorium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) Kutha Semarang, dr. Kariadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut iku mau. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang-alangi maneh. Perjuangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang.”
Fadil : “Lajeng, pasulayan punika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten Pak?”
Pak Abi : “ Saka tanggal, 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina.”
Fadil : “Lajeng punapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Muda, Pak?”
Pak Abi : “Ana, Monumen Tugu Muda kuwi dibangun kanggo mengeti kedadean kuwi.”
Fadil : ”O… Mekaten. Samenika kula sampun mangertos Pak, matur nuwun seserapanipun.”
Pak Abi : “Ya, padha-padha.”
Fadil : “Menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin nggih Pak.”
Pak Abi : “Iya, ngati-ngati.”
Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar isi wawancara ing dhuwur!
1. Walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia kang diproklamasekake 17 Agustus 1945, bab iku kedaden ing ngendi bae?
Wangsulan:
Kedadean iku ana ing Medan, Surabaya, Semarang, lan sapanunggalane.
2. Miturut pawarta, apa kang arep diracuni dening Jepang?
Wangsulan:
Tandhon banyu Wungkal, Siranda
3. Sapa dr. Kariadi iku?
Wangsulan:
Pangarsa Laboratorium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) Kutha Semarang.
4. Sapa sing berontak nalika dr. Kariadi diprejaya Jepang?
Wangsulan:
Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran.
5. Kena ngapa dibangun Monumen Tugu Muda?
Wangsulan:
Kanggo mengeti lan ngeling-eling kedadean perang limang dina ing Semarang.
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
C. Maca:
Maca Aksara Jawa
Pangkon lan Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeg wanda iku ana telu yaiku wignyan, cecak, lan layar. Dene pangkon iku lumrahe kanggo sigeg ing pungkasan tembung utawa ukara. Nanging, kadhangkala pangkon uga digunakake kanggo sigeg ing tengah tembung utawa ukara.
Kanggo luwih cethane wujud lan pangetrapan pangkon lan sandhangan panyigeg wanda, gatekna katrangan ing ngisor iki kanthi premati.
D. Nulis:
Nulis Layang
Sadurunge nulis layang, kudu ngerti urut-urutan peranganing layang.
Urut-urutan peranganing layang yaiku:
1. Adangiyah : unggah-ungguhe sing kirim layang.
2. Pambuka (purwaka) : puji syukur utawa kabar keslametan.
3. Isi (surasa basa) : isi sing perlu dikabarake.
4. Panutup (wasana basa) : pungkasane layang, njaluk pangapura yen ana klerune.
5. Titimangsa : tanggal nalika nulis layang.
6. Peprenahan : sesambungan (prenahe) antarane sing kirim layang karo sing dikirimi.
7. Tapak asma : tandha tangan.
8. Asma terang : jenenge sing kirim layang.
Tuladha pangetrapan urutan peranganing layang ana ing layang:
Kanggo
Kancaku Arif Pamungkas
Ing Surabaya (1)
Lumantar layang iki aku kirim kabar keslametan, muga-muga kanca-kanca ing Surabaya uga tansah pinaringan bagas waras. Sengaja aku ora sms utawa telpun, karepku muga-muga layangku iki bisa makili aku, nyambangi Surabaya. (2)
Kajaba saka iku, aku aweh kabar menawa aku saiki ana ing Sragen. Aku ditampa ing kelas V SD Gondhangrejo II. Ana Sragen aku uga wis krasan. Kancaku akeh lan srawunge marang aku padha becik. Malah sing nambahi krasan, yen ana tugas kelompok utawa sing angel, aku mesthi dibantu kanca-kanca, tugase mesthi digarap bebarengan. Aku wis bisa melu wulangan kanthi lancar, muga-muga mangkono sateruse.
Guruku kakung anggone paring piwulang nyenengake lan gampang ditampa. Wis kaping bola-bali aku didhawuhi maju, nyritakake pengalamanku ana ing Surabaya. Kanca-kancaku padha seneng dakcritani kahanane kutha kang dadi ibu kota Jawa Timur iku. (3)
Dakkira, cukup semene dhisik ya, liya wektu bisa disambung maneh. Sungkem bektiku aturna Bapak/Ibu Guru ing Surabaya. (4)
Sragen, 09 Agustus 2012 (5)
Kancamu (6)
(7)
Pungkas Prasetya (8)
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sapa sing kirim layang?
Wangsulan:
Pungkas Prasetya
2. Layang kiriman iku katujokake marang sapa?
Wangsulan:
Arif Pamungkas
3. Kapan anggone nulis layang?
Wangsulan:
09 Agustus 2012
4. Apa sebabe dheweke luwih milih kirim layang?
Wangsulan:
Karepe penulis (Pungkas Prasetya) muga-muga layang iku bisa makili penulis nyambangi kanca-kancane ing Surabaya.
5. Apa sesambungane sing kirim lan sing dikirimi layang?
Wangsulan:
kanca sekolah
6. Sekolah anyare Pungkas ana ngendi?
Wangsulan:
SD Gondhangrejo II
7. Kepriye kahanane Pungkas ana sekolahe sing anyar?
Wangsulan:
Pungkas uga wis krasan. Kancane Pungkas akeh lan srawunge padha becik. Malah sing nambahi krasan, yen ana tugas kelompok utawa sing angel, Pungkas mesthi dibantu kanca-kanca, tugase mesthi digarap bebarengan. Pungkas wis bisa melu wulangan kanthi lancar,
8. Surat Pungkas dikirim saka kutha ngendi?
Wangsulan:
Sragen
A. Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!
1. Perangan layang kang ngandhut isi sing perlu dikabarake, yaiku ....
a. surasa basa
b. purwaka basa
c. titi mangsa
d. adangiyah
Wangsulan: a.
2. Pewawancara nalika nindakake wawancara iku kudu nduweni sikap ....
a. sopan, kendel, nyedulur
b. netral, ramah, adil
c. ramah, jujur, kritis
d. netral, kendel, kritis
Wangsulan: b.
3. Nalika ngaturake pesen iku kudu nggatekake ....
a. papan lan panggonan
b. wektu
c. unggah-ungguh
d. sandhang panganggo
Wangsulan: c.
4. Unggah-ungguh basa iku kanggo njaga sopan santun nalika micara. Unggah-ungguh basa kang kanggo ing sajerone Kraton diarani basa ....
a. bagongan
b. antya basa
c. krama inggil
d. kramantara
Wangsulan: a.
5. Nalika ngaturake pesen iku becike nggunakake tembung kang ....
a. akeh, apik narik kawigaten
b. cetha, gampang ditampa
c. cekak, aos
d. ringkes, mentes
Wangsulan: b.
6. ... yaiku kanggo ngupaya informasi ing ngendi pewawancara ngajokake pitakonan-pitakonan supaya oleh wangsulan dening narasumber kang diwawancarai.
a. Tujuan wawancara
b. Tugas narasumber
c. Tugas pewawancara
d. Arti wawancara
Wangsulan: a.
7. Pewawancara kudu bisa nggawe ... supaya narasumber bisa mangsuli kabeh pitakonan.
a. guyonan
b. pitakon
c. pilihan jawaban
d. swasana ora kaku
Wangsulan: d.
8. Sebab saka Paprangan 5 Dina ing Semarang yaiku keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang mula ... budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut iku mau.
a. dr. Kariadi
b. Kolonel Sudirman
c. dr. Muwardi
d. Kolonel Ahmad Yani
Wangsulan: a.
9. ... kuwi dibangun kanggo mengeti anane kedadean Paprangan 5 Dina ing Semarang.
a. Lawang Sewu
b. Rumah Sakit dr. Muwardi
c. Monumen Tugu Muda
d. Bandara Ahmad Yani
Wangsulan: b.
10. ... iku gunane kanggo nyigeg utawa mateni aksara Jawa kang disandhangi.
a. Cecak
b. Wignyan
c. Pangkon
d. Layar
Wangsulan: c.
11. “Mas Agus, aku mau dipeseni Budhe Darti kowe ndang kon mulih meh dijak menyang Sala”
Adhedhasar ukara ing ndhuwur kang ngajak menyang Sala yaiku ....
a. Mas Agus
b. Aku
c. Bapake Mas Agus
d. Budhe Darti
Wangsulan: d.
12. “Mbak Atik, Ari mau pesen yen Panjenengan mantuk risik sisan kon methuk Ari”
Adhedhasar ukara ing ndhuwur kang njaluk dipethuk yaiku ....
a. Aku
b. Mbak Atik
c. Ari
d. mbakyune Ari
Wangsulan: c.
13. Kang diarani “tapak asma” ana ing peranganing layang iku awujud ....
a. jenenge sing kirim layang
b. unggah-ungguhe sing kirim layang
c. tandha tangan
d. sesambungan antarane sing ngirim karo sing dikirimi
Wangsulan: c.
14. ... gunane kanggo nyigeg utawa mateni aksara Jawa kang disandhangi supaya mati -ng.
a. Cecak
b. Wignyan
c. Pangkon
d. Layar
Wangsulan: a.
15. Telitinen dhisik pilihan jawaban ing ngisor iki kanthi premati!
1) mati 4) maca
2) nangis 5) pacul
3) bathi 6) turu
Manut panemumu, kang klebu jinising tembung lingga yaiku ....
a. 1, 2, 5
b. 3, 5, 6
c. 1, 3, 6
d. sedaya
Wangsulan: b.
B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. ... yaiku serombongan wartawan nindakake wawancara marang sawijining pejabat, seniman, olahragawan, lan sapanunggalane.
Wangsulan:
Wawancara kelompok
2. Wawancara kanthi pewawancara wis disangoni daftar pitakonan kang jangkep diarani ....
Wangsulan:
wawancara terpimpin
3. Peranganing layang kang nuduhake wong kang ngirimi layang diarani ....
Wangsulan:
asma terang
4. Kanggo nyigeg utawa mateni aksara Jawa kang disandhangi supaya mati -r digunakake sandhangan ....
Wangsulan:
layar
5. Peranganing layang kang isi puji sukur utawa kabar keslametan arane ....
Wangsulan:
pambuka
6. Perangan layang kang isi tanggal nalika nulis layang diarani ....
Wangsulan:
titimangsa
7. Sandhangan panyigeg wanda iku ana .... werna.
Wangsulan:
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sebutna bab-bab kang perlu digatekake nalika ngaturake pesen!
Wangsulan:
a. Jenenge sing pesen.
b. Isi pesen, yen perlu ditulis utawa dicathet.
c. Nalika ngaturake kudu nggatekake unggah-ungguh.
d. Gunakna tembung utawa ukara kang cetha lan gampang ditampa.
2. Wawancara iku bisa dibedakake dadi telung jinis. Sebutna jinising wawancara iku!
Wangsulan:
Wawancara bebas, wawancara terpimpin, wawancara bebas terpimpin.
3. Sandhangan panyigeg wanda iku ana pira? Sebutna lan wenehana tuladha tembunge nganggo aksara Jawa!
Wangsulan:
4. Tulisna urutan peranganing layang kanthi urut!
Wangsulan:
a. adangiyah
b. pambuka (purwaka)
c. isi (surasa basa)
d. panutup (wasana basa)
e. titimangsa
f. peprenahan
g. tapak asma
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 5 SD/Gasal"