Materi Basa Jawa Kelas 5 SD/Gasal

Pelajaran II
SK
  1. Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan berupa pesan langsung dan cerita tokoh wayang.
  2. Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan untuk menanggapi permasalahan dan melakukan wawancara sesuai dengan unggah-ungguh.
  3. Mampu membaca dan memahami teks bacaan teknik, intensif, dan membaca huruf Jawa.
  4. Mampu menulis karangan dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis huruf Jawa. 

KD
1.2 Mendengarkan cerita tokoh wayang Werkudara.
2.1 Menyampaikan tanggapan dan saran.
3.1 Membaca teknik (teks pidato, berita, dialog dan sebagainya).
4.2 Menulis kalimat berhuruf Jawa menggunakan sandhangan panyigeg wanda.

A. Nyemak:
Crita Wayang Werkudara
Semaken crita wayang kang diwacakake guru utawa kancamu iki kanthi premati!

Werkudara
Werkudara iku dumunung ing kasatriyan Jodhipati. Werkudara minangka panenggak utawa pangguluning Pandhawa amarga Werkudara iku anak kaping loro saka Dewi Kunthi. Werkudara iku putra angkat lan siswane Bathara Bayu, mula asring disebut Bayu Tanaya. Isih ana sebutan liyane, kayata Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Gandawastratmaja, Jagal Abilawa, Dandunwacana, lan Jayalaga.

Kacarita laire Bratasena awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Mung Gajah Sena kang bisa mbedhah bungkuse. Sawise dibedhah, bayi mau digadhing ananging malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Sukmane nyawiji karo Bratasena.

Miturut versi Ngayogyakarta, Raden Werkudara duwe garwa telu, yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urang Ayu. Ananging miturut versi Surakarta, Raden Werkudara mung nduwe garwa loro, yaiku Dewi Nagagini lan Dewi Arimbi. Karo Dewi Nagagini peputra Raden Antareja kang awake nduwe sisik kaya ula. Karo Dewi Arimbi peputra Raden Gathotkaca kang nduwe siung.

Dene karo Dewi Urang Ayu peputra Raden Antasena kang nduwe sungut. Raden Werkudara nduwe pusaka aran Kuku Pancanaka sing landhepe pitung pinyukur utawa tikel pitune silet (lading cukur), Gada Rujakpolo utawa Gada Lambita Muka lan Bargawastra arupa Panah lan Gendewa. Dheweke uga nduwe aji-aji, yaiku aji Bandung Bandawasa, Ungkal Bener, Blabag Pangatol-antol, lan aji Bayu Bajra. Kanthi kaluwihane mau, Raden Werkudara bisa mbongkar gunung lan mlayu cepet kaya angin.

Werkudara iku omongane ladak, ora bisa basa marang sapa wae. Omongane tansah nganggo basa ngoko. Mung Sang Hyang Wenang lan Dewa Ruci sing dibasani. Watak liyane yaiku setya tuhu marang guru, bekti marang wong tuwa, teguh ing janji, blaka suta, bela bebener, mbrasta angkara, dhemen tetulung, rasa tresna marang kadang lan adil. Busanane Werkudara yaiku Gelung Minangkara cinandhi kang nggambarake keluhuran budi.

Pupuk jarot Asem kang nggambarake lembuting ati, sabar lan sareh. Sumping Pudhak sinumpet, nggambarake gedhe semangate. Kelat Bahu Candrakirana, nggambarake pikirane kuwat lan atine padhang. Sabuk Nagabanda, nggambarake bisa ngendhaleni hawa nepsu. Kampuh Poleng Bintuluaji, nggambarake wibawa lan kekuwatan. Kang pungkasan Clana Cindhe Udagara, nggambarake kendel, bisa mawas dhiri, lan tepa slira.

Ing carita pewayangan Jawa Timuran, Raden Werkudara utawa Bhima Sena duwe kalungguhan dadi Jeksa ing Lumajang Tengah. Saking pinter lan prigele ulah perang sarta dhemen tetulung marang sapadha-padha, Maharsi Wiyasa paring dhawuh marang Prabu Puntadewa, supaya Bhima Sena kadhawuhan ngayahi kuwajiban sarta mranata ing babagan Keadilan lan Kejujuran. Sawetara para dhalang Jawa Timuran liyane ngandharake yen Lumajang Tengah iku mujudake papan ksatriyan Raden Bhima Sena. Mula ana sing ngarani yen Bhima Sena iku satriya ing Lumajang Tengah, iya Jeksa Lumajang Tengah.
Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar crita wayang “Werkudara”!
1. Ing ngendi kasatriyane Werkudara iku?
Wangsulan: 
Jodhipati

2. Miturut versi Ngayogyakarta Werkudara iku nduwe bojo pira? Sebutna!
Wangsulan: 
Telu, yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urang Ayu.

3. Kepriye wewatakane Werkudara?
Wangsulan: 
Omongane ladak, nanging uga awewatak setya tuhu marang guru, bekti marang wong tuwa, teguh ing janji, blaka suta, bela bebener, mbrasta angkara, dhemen tetulung, rasa tresna marang kadang lan adil.

4. Busanane Werkudara kang arupa Clana Cindhe Udagara iku minangka simbol wawatekan apa?
Wangsulan: 
Nggambarake kendel, bisa mawas dhiri, lan tepa slira.

5. Ing crita pewayangan Jawa Timuran  Werkudara iku duwe kalungguhan apa? Apa sebabe diwenehi kalungguhan iku?
Wangsulan: 
Ing carita pewayangan Jawa Timuran, Raden Werkudara utawa Bhima Sena duwe kalungguhan dadi Jeksa ing Lumajang Tengah. Saking pinter lan prigele ulah perang sarta dhemen tetulung marang sapadha-padha,

B. Micara:
Nanggapi Critane Kanca
Sanadyan seneng crita nanging Widodo duwe masalah. Saben maju ing ngarep kelas, atine Widodo dheg-dhegan. Mangkene iki critane Widodo.

Dheg-Dhegan
Saben maju ana ngarep kelas, atiku dheg-dhegan. Awakku gemeter. Rasane adhem panas dipandeng wong akeh. Aku kurang percaya marang awakku dhewe. Nalika ana ngarep kelas, aku krasa isin lan kuwatir. Satemene aku wis unjal ambegan kanggo ngilangi mindherku, nanging aku isih tetep gemeter.

Perkara sing takalami kuwi amarga aku kurang percaya dhiri bae. Mulane aku nyuwun pituduh marang Bu Guru. Untunge Bu Guru kersa paring pituduh.

Ngendikane Bu Guru, supaya aku bisa percaya dhiri, aku kudu nancepake rasa kendel marang atiku dhewe. Sakuwat-kuwate aku kudu nukulake rasa bisa. Bu Guru ngendika sapa wae angger gelem usaha mesthi bisa. Malah Bu Guru ngaturi cara kanggo latihan kendel.

“Becike kowe kerep gladhen ngomong ana ing sangarepe kancamu,” mangkono ngendikane Bu Guru.

Latihan mau bisa dibacutake ana ing tengahing kulawarga, kanca-kanca ing kampung, lan sapanunggalane. Suwe-suwe aku bakal bisa ngadhepi wong akeh tanpa nganggo wigah-wigih utawa wedi. Rasa wedi iku bakal ilang karepe dhewe.

Bu Guru uga kagungan pramayoga marang aku. Ngombe banyu putih kuwi uga bisa kanggo gawe pikiran ayem. Mula menawa nduwe rasa wedi lan kuwatir ngadhepi kanca-kanca, aku diparingi pramayoga ngombe banyu putih dhisik. Mesthi bae uga kudu ndonga marang Sing Kuwasa.

Bebarengan karo kancamu sakelompok setitekna kedadean-kedadean ing ngisor iki, banjur rembugen kanthi rukun, kritis, lan tanggung jawab, kira-kira kepriye menehi pitutur sing apik tumrap kedadean iki!
Parji nduwe dolanan akeh banget. Nanging disilih adhine siji wae ora oleh.

Harini nduwe tanduran kembang akeh. Dheweke ora tau gelem nyirami, mula kembange alum.
Nurma nduwe sepedha anyar. Nalika numpaki sepedhane mesthi ngebut banter banget.

C. Maca:
Maca Pemahaman
Tilik wong lara iku ana tata cara lan aturan kang kudu dimangerteni. Upamane bae yen tilik wong lara ora pareng guyonan lan meden-medeni karo sing lagi nandhang lara. Kareben cetha wacane carane tilik kanca lara ing ngisor iki, wacanen kanthi premati!  
Tilik Kanca Lara

Aku lan kanca-kancaku kelas 5 wingi tilik Rina sing lagi lara tipes ana rumah sakit. Wis udakara patang dina Rina opname ana rumah sakit.
Esuke rikala aku mlebu sekolah, aku lan kanca-kancaku sing tilik wingi diaturi Pak Guru supaya kumpul  ana ruang perpustakaan. Aku lan kanca-kanca terus dikandhani Pak Guru, “Yen padha tilik kancamu ana rumah sakit, kudu ngerti aturane tilik wong lara. Aja kaya wingi kae.”

“Kados pundi ta, Pak. Aturanipun tuwi tiyang sakit niku?” Wangsulanku kepengin ngerti.
“Coba padha nyedhaka mrene, Pak Guru arep paring piwulang karo kowe kabeh sadurunge tilik!”
Sawise aku lan kanca-kancaku lungguh jejer ana ngarepe Pak Guru, Pak Guru banjur maos tata cara tilik wong lara. Mangkene unine:

Tata cara tilik wong lara ing rumah sakit:
1. Anggone tilik kudu manut pranatan jam kang wis ditemtokake ana rumah sakit.
2. Tilik wong lara aja kakehan crita. Omong saprelune bae tur yen ngomong surasane bisa gawe tentreming sing lara. Aja malah meden-medeni wong lara.

3. Mlebu kamar, becike aja nganggo sepatu, mundhak bisa nuwuhake swara.
4. Mlebu ing kamar kang lagi nandhang lara, kudu sabar. Mbukak lawang alon-alon. Becike sandhal utawa sepatu dicopot luwih dhisik.
5. Sawise teka, nyedhaki sing lara, terus salaman lan ndongakake sing lara supaya enggal waras.
6. Menawa tilike rombongan, mlebune kamar genti genten.

Gladhen
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing ndhuwur!
1. Sapa sing lagi lara? Wis pirang dina larane?
Wangsulan: Rina, wis patang dina larane.

2. Apa sebabe sawise kelas 5 tilik, esuke banjur dikumpulake ana perpustakaan?
Wangsulan: Amarga pak guru arep maringi priksa bab aturan tilik wong lara ing rumah sakit.

3. Wektu kang apik tilik wong lara ing rumah sakit iku wektu sing kepriye?
Wangsulan:  Anggone tilik kudu manut pranatan jam kang wis ditemtokake ana rumah sakit.

4. Apa kang becike ditindakake sawise teka ing ruangane sing lara?
Wangsulan:  Sawise teka, nyedhaki sing lara, terus salaman lan ndongakake sing lara supaya enggal waras.

5. Kepriye apike menawa tilik kanthi rombongan/bebarengan? 
Wangsulan:  Menawa tilike rombongan, mlebune kamar genti genten. 


Ananging ora kabeh aksara Jawa bisa disigeg. Mula kudu uga nggatekake tuntunan ing ngisor iki, yaiku sandhangan panyigeg wanda.
Kang diarani sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan minangka sesulih wanda kang mati (disigeg). Dene cacahe ana 3, yaiku:

2. Sandhangan Rangkep
Sandhangan panyigeg wanda bisa digabungake karo sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling, taling tarung). 
Ing ngisor iki tuladha tembung-tembung kang nggunakake sandhangan rangkep lan tuladha panulisan aksara Jawane:



A. Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!
1. Raden Werkudara iku satriya ing .... 
a. Jodhipati
b. Ngamarta
c. Ngastina
d. Pringgandani
Wangsulan: a

2. Kareben kendel lan ora dheg-dhegan nalika maju ana ngarep kelas becike kudu asring ....
a. maju
b. ngombe
c. ngomong
d. gladhen
Wangsulan: a

3. Kanggo nyigeg utawa mateni aksara Jawa kang disandhangi supaya mati –h nggunakake .... 
a. wignyan
b. cecak
c. layar
d. pangkon
Wangsulan: a

4. Raden Werkudara iku asring disebut Satriya ... Pandhawa.
a. Pambarep
b. Pangrembe
c. Panengah
d. Panenggak
Wangsulan: d

5. Crita wayang iku ana akeh versine. Tuladha miturut versi Ngayogyakarta, Raden Werkudara duwe garwa ... ananging miturut versi Surakarta, Raden Werkudara mung duwe garwa ....
a. 1, 2
b. 2, 3
c. 3, 2
d. 2, 1
Wangsulan: c

6. Raden Werkudara duwe pusaka aran ... sing landhepe pitung pinyukur utawa tikel pitune silet (lading cukur).
a. Panah Bargawastra
b. Kuku Pancanaka
c. Keris Pulanggeni
d. Keris Gandaludira
Wangsulan: b

7. Ing carita pewayangan Jawa Timuran, saking pinter lan prigele ulah perang sarta dhemen tetulung marang sapadha-padha, Bhima Sena kadhawuhan ngayahi kuwajiban sarta mranata ing babagan Keadilan lan Kejujuran. Kacarita Bhima Sena duwe kalungguhan dadi .... ing Lumajang Tengah.
a. Raja
b. Jeksa
c. Satriya
d. Hakim
Wangsulan: b

8. Tilik wong lara becike aja kakehan crita. Omong saprelune wae tur yen ngomong surasane bisa .... sing lara.
a. nambani
b. gawe tentreme
c. meden-medeni
d. gawe ngguyune
Wangsulan: b

9. Ngajeni wektu iku becik ditindakake, tuladhane weruh wektu kang apik tilik wong lara ing Rumah Sakit. Yaiku wektu sing ....
a. nyedhaki jadwal Rumah Sakite wiwit bukak
b. ora mbarengi wektune dhokter ngontrol kesehatane pasien
c. manut pranatan jam kang wis ditemtokake ana Rumah Sakit
d. ora mbarengi jadwal mangane pasien kang arep ditiliki
Wangsulan: c

10. Jepri ora tau sinau mula bijine elek.
Saranku, Jepri saben sore kudu ....
a. sregep
b. adus
c. nggarap PR
d. sinau
Wangsulan: d

11. Tembung “kelir wayang” iku menawa ditulis nganggo aksara Jawa ngunakake sandhangan panyigeg wanda arupa ....
a. cecak
b. layar
c.   layar lan cecak
d. pepet lan wulu
Wangsulan: c

12. Kalen ngarep omahe Japra kebuntetan uwuh, banyune mblabar menyang dalan. Ora let suwe malah mlebu menyang omahe Japra.
Saran kang trep kanggo kadadean kasebut yaiku ....
a. Becike Japra enggal ninggalake omah, golek papan sing luwih ndhuwur.
b. Kanca-kancane Japra kudu enggal menehi bantuan kanggo Japra.
c. Japra kudu enggal ngresiki kalenan lan lekas nggatekake karesikan lingkungan.
d. Tangga-tanggane Japra kudu sregep gotong-royong.
Wangsulan: c

13. Paraga wayang ing sisih iku mujudake putrane Raden Werkudara patutan karo Dewi ....
a. Urang Ayu
b. Nagagini
c. Drupadi
d. Arimbi
        Wangsulan: d

14. Primus kepengin melu wisata preinan semester sesuk nanging ora duwe ragat.
Saran sing becik kanggo Primus yaiku ....
a. Becike Primus enggal-enggal sregep nabung.
b. Primus ora usah melu wisata.
c. Primus apike melu ngono bae.
d. Primus bisa nyuwun keringanan.
Wangsulan: a

15. Jupri ora nggarap PR. Dheweke wedi marang Pak Guru.
Saran sing apik kanggo Jupri, yaiku ....
a. Ora perlu wedi marang Pak Guru, amarga Pak Guru ora medeni. 
b. Becike matur apa anane marang Pak Guru lan nyuwun pangapura.
c. Apike ethok-ethok bae rumangsa wis nggarap sakabehe PR.
d. Becike age-age nyonto kanca sing wis nggarap PR. 
Wangsulan: b 


B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Werkudara iku putra angkat lan siswane Bathara ....
Wangsulan: Bayu

2. Tilik wong lara iku sawise teka, salaman terus ndongakake sing lara supaya enggal ....
Wangsulan: mari/waras

3. Jeneng kutha iku ora kena dikramakake nanging ing basa Krama Desa jeneng kutha Boyolali dikramakake dadi ....
Wangsulan: Bajulkesupen 



C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sapa wae kang diarani Pandhawa iku? Sebutna!
Wangsulan: 
Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, Sadewa.

2. Ari angon wedhus nanging ditinggal dolan dhewe, wedhuse ora dicencang dadi mangani tanduran teka ngendi-endi. Wenehana saran kang becik marang Ari!
Wangsulan: 
Becike Ari angon wedhus sing tenanan, wedhuse diawasi supaya ora tekan ngendi-ngendi. Utawa yen Ari lagi ana urusan, wedhuse dicencang dhisik.

3. Aranana tatacarane tilik wong lara ing Rumah Sakit sing koweruhi!
Wangsulan: 
a. Anggone tilik kudu manut pranatan jam kang wis ditemtokake ana Rumah Sakit.
b. Tilik wong lara aja kakehan crita. Omong saprelune bae tur yen ngomong surasane bisa gawe tentreming sing lara. Aja malah meden-medeni wong lara. 
c. Mlebu kamar, becike aja nganggo sepatu, mundhak bisa nuwuhake swara.
d. Mlebu ing kamar kang lagi nadhang lara, kudu sabar. Mbukak lawang alon-alon. Becike sandhal utawa sepatu dicopot luwih dhisik.
e. Sawise teka, nyedhaki sing lara, terus salaman lan ndongakake sing lara supaya enggal waras.
f. Menawa tilike rombongan, mlebune kamar genti genten. 



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Basa Jawa Kelas 5 SD/Gasal"

Back To Top