Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 4 SD/Gasal


Pelajaran 1
SK
1.1. Mendengarkan pembacaan teks nonsastra.
2.2. Mengungkapkan keinginan dengan menggunakan ragam bahasa yang tepat. 
3.1. Membaca nyaring dengan lafal dan intonasi yang tepat (20-25 kalimat).
4.1. Membuat percakapan/dialog sederhana.

KD
1. Dengan studi pustaka tentang teks nonsastra, siswa dapat menceritakan kembali bacaan yang didengar.
2. Dengan pengamatan terhadap suatu objek, siswa dapat mengungkapkan keinginan dengan bahasa sendiri secara tepat.
3. Dengan tanya jawab tentang membaca seru, siswa dapat membaca dengan lafal dan intonasi yang tepat.
4. Dengan diskusi tentang dialog, siswa dapat menulis teks dialog secara sederhana.

Nyemak:
Nyemak Wacan

Nandur Pari
Kanggo nyukupi kebutuhan pokok babagan pangan, para among tani padha nandur pari. Anggone nadur ing mangsa rendheng. Ing mangsa ketiga, sawah sing bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari, jenenge digadhu. Malah sawah ing sakiwa tengene ilen-ilen saka wadhuk bisa ditanduri pari setaun kaping telu.

Nandur pari supaya akeh wulu wetune kudu nindakake panca usaha tani, yaiku:
1. Milih bibit unggul,
2. Ngolah lemah,
3. Ngatur banyu,
4. Ngrabuk tanduran, lan
5. Mbrastha ama. 

Pari sing ditanduri gabahe, carane gabah disebar dhisik ana ing pawinihan. Yen wis thukulan umur 25 utawa 30 dina, banjur didhaut.

Lemah sing arep ditanduri, kudu diolah sing becik. Diluku, dipacul, lan digaru. Manawa wis dadi ler-leran, winih sing didhaut banjur ditandur.

Manawa wis umur 2 minggu, banjur didhaut. Rabuke UREA dicampur TS, pamrihe lemah mau bisa ajeg empuk. Suket ing sakiwa tengene diwatun resik. Pangrabuke yen wis umur 30 dina lan yen umur 40 dina.
Tandur dijaga aja nganti kena ama. Ama pari warna-warna. Ana tikus, wereng, walang sangit, lan liya-liyane.
Manawa nganti katrajang ama kudu enggal dibrastha. Pambrasthane nganggo racun disemprotake. Pari genjah 3 lapan wis bisa dipaneni.

Gladhen 
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa kang diarani pari gadhu?
Wangsulan: 
Pari kang ditandur ing mangsa ketiga.

2. Nganggo cara apa supaya wulu wetune pari iku bisa akeh?
Wangsulan: 
Nindakake panca usaha tani.

3. Jlentrehna apa kang diarani “panca usaha tani” iku?
Wangsulan: 
Panca usaha tani, yaiku:
a. Milih bibit unggul,
b. Ngolah lemah,
c. Ngatur banyu,
d. Ngrabuk tanduran, lan
e. Mbrastha ama.

4. Kepriye pangolahing lemah supaya bisa ditanduri?
Wangsulan: 
Lemah sing arep ditanduri, kudu diolah sing becik. Diluku, dipacul, lan digaru. Manawa wis dadi ler-leran, winih sing didhaut banjur ditandur.

5. Sawise tanduran wis umur 2 minggu kudu kepriye?
Wangsulan: 
Manawa wis umur 2 minggu, banjur didhaut. Rabuke UREA dicampur TS, pamrihe lemah mau bisa ajeg empuk. Suket ing sakiwa tengene diwatun resik. Pangrabuke yen wis umur 30 dina lan yen umur 40 dina.
Micara:
Ngaturne Pepinginan
Tuladha:
Rasti nduwe pepinginan dadi guru basa Jawa. Miturut Rasti dadi guru iku jasane gedhe banget antarane, yaiku bisa ngajari, ngandhani, mulang, lan menehi tuladha sarta pitutur becik marang murid-muride. 

Murid-muride kang sadurunge durung weruh apa-apa lan durung bisa apa-apa dadi nduwe kawruh lan kabisan amarga saka guru. Menawa dadi guru Rasti rumangsa bungah nalika murid-murid kang diwulang dadi pinter, sukses uripe, lan becik tumindake.

Amarga duwe pepinginan kang kaya mangkono iku Rasti banjur kandha: 
“Aku nduwe pepinginan dadi guru. Alesanku, yen aku bisa dadi guru aku bisa ngajari, ngandhani, mulang, lan menehi tuladha sarta pitutur kang becik marang murid-muridku. Aku bakal bungah yen murid-muridku dadi wong sing pinter, sukses uripe, lan becik tumindake”.

Gladhen 
Bebarengan karo kancamu sakelompok kanthi rukun, tekun, lan semangat, ndhapuka ukara kang ngemot pepinginan kaya tuladha ing dhuwur adhedhasar andharan-andharan ing ngisor iki!
a. Iswara nduwe pepinginan dadi tentara. Miturut dheweke kanthi dadi tentara dheweke bisa aktif mbelani nusa lan bangsane nalika ketekan mungsuh. Kanggo nggayuh pepinginane iku, Iswara banjur sregep sinau.
Ukara pepinginane :
b. Paramita iku bocah kang bekti lan manut marang wong tuwane. Amarga kulawargane kurang mampu lan wong tuwane nyambut gawe rekasa, Paramita banjur sregep sinau. Saben dina, apa kang diwulangake gurune nalika ing sekolahan mau bali disinau maneh. Paramita pingin dadi bocah pinter kang ora nguciwakake wong tuwane. Dongane Parmaita muga-muga kanthi prestasine mengko dheweke bisa ngenthengake sanggane wong tuwa.
Ukara pepinginane :
c. Kanggo mengeti dina Pramuka, saben kecamatan arep nganakake Persami. Jejen paling sregep melu gladhen pramuka. Jejen nduwe pepinginan supaya ing Persami mengko, kelompoke bisa dadi juwara. Kanthi mangkono dheweke bisa nggawa jeneng sekolahane.
Ukara pepinginane :
d. Praba nduwe pepinginan dadi dhalang. Praba pancen wiwit cilik seneng wayang. Kanthi dadi dhalang, Praba pingin bisa kondhang kaya Ki Anom Surata. Saliyane iku, Praba uga pingin bisa nduwe peran ing masarakat amarga dhalang iku saliyane bisa aweh lelipur awujud tontonan uga bisa mulang kabecikan marang masarakat liwat tuntunan kang ana jroning crita wayang.
Ukara pepinginane :  
Wangsulan: 
Siswa nggawe ukara pepinginan adhedhasar pratelan kang wis sumadya, dene guru maringi biji.
Maca:
Maca Seru
1. Mbedakake d lan dh
Wacanen tembung-tembung ing ngisor iki kanthi pangucapan kang bener!
1. godhong
2. didhawuhi
3. dhaharan
4. pindhah
5. kandha
6. nyandhak
7. gandheng
8. mandhiri
2. Maca Seru Wacan
Maca seru tegese maca kanthi vokal sing banter lan cetha. Banter tegese ora kudu bengok-bengok, nanging wong liya bisa krungu apa sing awake dhewe waca. Sajrone maca seru kudu nggatekake intonasi, pocapan, lan jedha.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi seru!

Ajar Macul
Esuk iku Rendi melu Ibnu menyang sawah. Kebeneran wektune bubar panen kacang brol. Dadi lemahe sawah isih garing. Godhong kacang isih akeh pating slebar ana ing sawah. Awan iku, bapake Ibnu isih resik-resik sawahe.

Lemah sawah iku diresiki nganggo pacul. Nalika Ibnu tekan sawah, bapake banjur ngaso ngeyup menyang gubug. Pancen nalika iku Ibnu didhawuhi ibune ngirim dhaharan awan kanggo bapake. Bapake Ibnu ana ing gubug banjur mbukak rantang, dhahar.

“Iki sing jenenge pacul ya, Nu?” pitakone Rendi marang Ibnu. Maklum wae Rendi iku bocah kutha kang lagi wae pindhah lan manggon ana desane Ibnu.
“Iya, bener.” wangsulane Ibnu.

“Ngguya-ngguyu ki ngapa? kepengin macul apa piye?” takone Ibnu marang Rendi.
“Iya ki pingin macul aku. Daknyoba, ya?” kandhane Rendi.
“Ngati-ati lho, dhik!” ngendikane Bapake Ibnu.
“Nggih, Pak!” wangsulane Rendi.

Bocah kuwi banjur nyandhak pacul. Crok ... crok ... crok, pacul ditamakake ana lemah. Gandheng lagi sepisan macul, olehe macul ketok kaku malah pacule sok ora nyaruk lemah. Untunge Rendi anggone ajar macul ngati-ati banget. Mula pacul mau ora nganti ngenani sikile.    

Gladhen 
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan: 
Ajar Macul
2. Sapa wae paraga ing wacan dhuwur?
Wangsulan: 
Rendi
3. Sapa kang melu lunga menyang sawah?
Wangsulan: 
Rendi
4. Nalika iku sawahe lagi bubar panen apa?
Wangsulan: 
Bubar panen kacang.
5. Apa kang diarani gubug iku?
Wangsulan: 
Panggonan kanggo ngiyup utawa njaga panggonan kang ana ing sawah.
6. Sapa Rendi iku?
Wangsulan: 
Bocah kutha sing lagi wae pindhahan neng desane Ibnu.
7. Nalika ana ing sawah Rendi pingin apa?
Wangsulan: 
Pingin ajar macul.
8. Kena ngapa Ibnu menyang sawah?
Wangsulan: 
Amarga Ibnu didhawuhi ibune ngirim dhaharan awan kanggo bapake.
9. Apa pesene bapake Hardi?
Wangsulan: 
Supaya Rendi ati-ati anggone macul.
10. Kepiye anggone Joni macul?
Wangsulan: 
Ati-ati banget.

Nulis:
Pacelathon
Setitekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Piranti Tetanan

Ibnu : “Ren, apa kowe wis tau ngerti wong mluku?”
Rendi : “Yen rasi bintang Waluku aku ngerti. Apa ta jane Luku kuwi?”
Ibnu : “Luku kuwi piranti petani kanggo nggarap sawah. Kae lho kanggo ngolak-alik lemah kang ditarik sapi utawa kebo.”
Rendi : “O, ya. Luku kuwi traktor kuna ta?”
Ibnu : “Iya. Sadurunge ana traktor, simbahku yen nggarap sawah nggunakake luku, garu, lan pacul.”
Rendi : “Wah...wah apa meneh kuwi, Nu?”
Ibnu : “Ee... ya bener kowe wong saka kutha, mula ora ngerti. Garu iku kanggo ngelusake lan ngratakake lemah sadurunge ditanduri pari. Pacul iku kang dinggo macul bahasa Indonesiane cangkul.”
Rendi : “Oo ya...ya, lha carane piye ta ya? Saiki kira-kira isih ana ora ta?”
Ibnu : “Lha mula mau aku takon wis tau ngerti wong mluku durung. Gelem ora dakjak nonton wong mluku?”
Rendi : “Lha...ya gelem banget ta. Ana ngendi nontone?”
Ibnu : “Ana sawahe simbahku. Piye gelem ora?”
Rendi : “Lha, apa sawahe simbahmu ngolahe nganggo alat-alat tradhisional kaya kang koksebutake mau. Kayane saiki wis padha nganggo traktor ki.”
Ibnu : “Desane simbahku saiki lagi dipromosekake kanggo desa agrowisata, amarga ing desane simbahku iku sawahe isih jembar-jembar tur cara nggarape, rabuke, sistem irigasi, lan liya-liyane isih kanthi cara tradhisional.”
Rendi : “Wah, apik banget kuwi.... Turis-turis mesthi seneng banget nonton desa apa mau?”
Ibnu : “Agrowisata. Wis ora sah ngrembug turis, saiki kowe gelem dakjak nonton ora?”
Rendi : “Ya, gelem.”
Ibnu : “Ya wis, ayo melu aku dhisik.”

Gladhen 
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar pacelathon ing dhuwur!
1. Sapa wae paraga kang ana sajrone pacelathon ing dhuwur?
Wangsulan: 
Ibnu lan Rendi
2. Sebutna piranti tetanen apa wae kang ana sajrone pacelathon?
Wangsulan: 
Luku, garu, pacul, lan traktor.
3. Kewan apa bae kang bisa kanggo nggeret luku lan garu?
Wangsulan: 
Sapi lan kebo.
4. Desane simbahe Ibnu dipromosekake kanggo apa?
Wangsulan: 
Desa agrowisata.
5. Kena ngapa desane Simbahe Ibnu dipromosekake? 
Wangsulan: 
Amarga ing desane simbahku iku sawahe isih jembar-jembar tur cara nggarape, rabuke, sistem irigasi, lan liya-liyane isih kanthi cara tradhisional.

Gladhen 
Wacan iki kanggo angka 1-5!
 Nandur janganan lumrahe ditindakake ing pategalan, sawah, lan kebonan. Nanging nandur janganan uga bisa ditindakake ing papan ciyut carane, yaiku kanthi nggunakake polibag. Nenandur ing polibag apadene pot cocok kanggo omah kang ora duweni kebon utawa latar sing jembar. 
Nandur janganan ing polibag nduweni pirang-pirang kauntungan. Kauntungan ing antarane yaiku gampang anggone nandur, gampang anggone ngopeni, yen ana tanduran kang kaserang ama ora gampang nular amarga papane ora saoyod lan ora sapanggonan, ngirit panggonan, lan rabuke bisa temanja. 
Gedhene polibag iku gumantung marang tanduran kang arep ditandur. Nandur sledri polibage beda karo yen nandur lombok utawa terong. Sebab mengkone oyod lan uwite uga beda gedhe cilike. Polibag dibolongi cilik 4 utawa 5 panggonan ing perangan kiwa, tengen, lan ngisor. Bolongan iku gunane kanggo ngilekake banyu kang luwih supaya tanduran ora mati amarga kakehan banyu. 
Medhia tanam utawa lemah campuran sing digunakake arupa lemah lan kompos. Takeran perbandhingane yaiku bisa 1 : 1, 1 : 2 utawa 1 : 3 gumantung kesuburan lemahe. Medhia tanam mau banjur dilebokake polibag. Anggone ngiseni lemah diwenehi turahan kira-kira 1 cm saka lambe wadhah. Polibag wis siap ditanduri. 

 1. Nandur janganan kanthi kreatif bisa ditindakake nganggo polibag, papan kang kaya ora bisa ditanduri dadi bisa kanggo nenandur. Nandur janganan ing polibag iku bisa ditindakake ing papan kang ....
a. ciyut
b. subur
c. gersang
d. jembar
Wangsulan: a. 

 2. 1) Ora gampang kaserang ama.
2) Mbutuhake papan kang jembar.
3) Ngirit panggonan.
4) Rabuke ora  bisa temanja.
Manut pratelan ing dhuwur, kang kalebu keuntungan nandur janganan ing polibag yaiku ....
a. 1 lan 2
b. 2 lan 3
c. 1 lan 3
d. 3 lan 4
Wangsulan: c. 

 3. Polibag dibolongi cilik 4 utawa 5 panggonan ing perangan kiwa, tengen lan ngisor. Bolongan iku gunane supaya .... 
a. lemah ing jero polibag cepet madhet
b. tanduran ora mati kakehan banyu
c. gampang anggone nyirami tanduran
d. oyot tanduran ora sumpeg
Wangsulan: b. 

4. Yen nandur janganan ing polibeg, gedhe-cilike polibag iku gumantung marang ....
a. tingkat kesuburan lemah
b. ciyut ambane papan kanggo nenandur
c. akeh sithike kang arep ditandur
d. tanduran apa kang arep ditandur
Wangsulan: d. 

 5. Medhia tanam utawa lemah campuran kang digunakake ing polibag arupa ....
a. areng lan kompos
b. bibit lan lemah
c. lemah lan kompos
d. rabuk lan kompos
Wangsulan: c. 

 6. Wong nandur janganan iku ora mung trima nandur, nanging kudu diupakara kanthi becik. Mulane, supaya lemu tanduran iku kudu ....
a. dirabuk
b. diluku
c. dipacul
d. dibabati
Wangsulan: a. 

 7. Setitekna pilihan wangsulan ing ngisor iki kanthi tliti!
1) Garu, luku, sosrok
2) Arit, caping, gunting
3) Traktor, Arit, pacul
4) Kapak, pacul, lumbung
Manut panemumu, kang kalebu pirantine pak tani nggarap sawah yaiku ....
a. 1, 2 lan 3
b. 1 lan 3
c. 2 lan 4
d. 2, 3 lan 4 
Wangsulan: b. 

 8. Nalika mangsa ketiga, sawah kang bisa diileni iku ditanduri pari kang sinebut .... Ing mangsa rendheng para tani padha wiwit tandur. 
a. ndhaut
b. diluku
c. methik
d. digadhu
Wangsulan: d. 

 9.  Gambar ing sisih iku piranti tetanen kang gunane kanggo ....
a. manen pari
b. ngolak-alik lemah
c. ngelusake lan ngra-takake lemah
d. ngilangi suket ing antarane tanduran pari 
Wangsulan: a. 

10. Wong yen nduwe pepinginan supaya bisa kawujud iku kudu wani wragad lan ngupaya kanthi temenan. Bab iki jumbuh karo unen-unen Jawa yaiku ....
a. Kerot ora nduwe untu.
b. Jer basuki mawa beya.
c. Kumenthu ora pecus.
d. Ketula-tula katali.
Wangsulan: b. 

11. Ngaturake pepinginan mrang wong liya supaya bisa ditampa kanthi becik, mula pepinginan iku kudu ana ....
a. gunane
b. niate
c. alesane
d. ragade
Wangsulan: c. 

12. 1) Milih bibit unggul.
2) Mbrastha ama.
3) Ngolah lemah.
4) Ngrabuk tanduran.
5) Ngatur banyu (irigasi).
Manut panemumu, urutan kegiyatan Panca Usaha Tani kang bener yaiku ....
a. 1-2-3-4-5
b. 3-1-5--2-4
c. 5-3-1-4-2
d. 1-3-5-4-2
Wangsulan: d. 

13. Wong sing pegaweane ing sawah diarani ....
a. blantik
b. petani
c. dagang
d. nelayan
Wangsulan: b. 

14. Kelas papat padha nandur pari. Ukara kasebut menawa dikramakake dadi ....
a. Kelas sekawan sami nanem pantun.
b. Kelas sekawan sami nandur pari.
c. Kelas papat sami nandur pantun.
d. Kelas papat sami nanem pari.
Wangsulan: a. 

15. Damen iku arane wit ....
a. jagung
b. pohung
c. pari
d. gedhang
Wangsulan: c. 

16. Pari kang umure cendhak diarani ....
a. cekak
b. rancak
c. reden
d. genjah
Wangsulan: d 

17. Cangkriman kang unine, “pitik walik saba meja” kanthi batangan  sulak iku kalebu jinising cangkriman ....
a. plesedan
b. blenderan
c. pepindhan
d. wancahan
Wangsulan: c. 

18. Burnas kopen (bubur panas kokopen). Unen-unen iku kalebu jinising cangkriman ....
a. plesedan
b. wancahan
c. blenderan
d. pepindhan

Wangsulan: b. 
19. Kembang jagung jenenge ....
a. sinuwun
b. dangu
c. karuk
d. kepek
Wangsulan: a. 

20. Batangan saka cangkriman kang unine, “Ora mudhun-mudhun yen mudhun nggawa mrica sakanthong” yaiku ....
a. jambu
b. dlima
c. tuntut gedhang
d. kates
Wangsulan: d. 

B. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Para kadang tani ing jaman biyen padha manen pari nganggo piranti kang arane ....
Wangsulan: ani-ani

2. Kewan kang lumrah kanggo nggeret garu lan luku yaiku ....
Wangsulan: sapi lan kebo

3. Alat kang luwih modheren minangka gantine garu lan luku sing saiki wis arang ditemoni yaiku ....
Wangsulan: traktor

  4. Godhong jati iku arane ....
Wangsulan: jompong

  5. Aku pengin dadi .... amarga aktif mbelani nusa lan bangsane nalika ketekan mungsuh..
Wangsulan: tentara 
  6. Sawah rong kedhok galengane mung sitok nalika wis garing jenenge ....
Wangsulan: klaras

  7. Gedhang, lombok, terong, lan tomat iku manut panemumu kalebu jinising tanduran ....
Wangsulan: palakirna

8. Bu Yati lagi nandur pari ing sawah.
Ukara ing dhuwur yen dikramakake dadine ....
Wangsulan: Bu Yati nanem pantun ing saben.

9. Supaya lemu tanduran iku kudu ....
Wangsulan: dirabuk

10. Pari iku lumrahe ditandur ing mangsa ....
Wangsulan: rendheng 

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 
1. Sebutna 5 piranti tetanen kang kokweruhi!
Wangsulan: 
Garu, luku, pacul, ani-ani, arit, sosrok. (Kreativitas Siswa)
2. Gawea ukara pepinginan komplit karo alesane kang ngandhakake sawijining tanduran kang kokpingini!
Wangsulan: 
Kreativitas Siswa
3. Benerna panulisan kang kleru ing ngisor iki:
a. godong dadap dhipangan wedus
b. simbah ora mundut kain batik nanging mundut jarik
c. dhesane dhewe dhurung dhuwe lapangan
Wangsulan: 
a. Godhong dhadhap dipangan wedhus.
b. Ora mundhut kain bathik nanging mundhut jarik.
c. Desane dhewe durung duwe lapangan.
4. Aranana 3 wae kang kalebu tanduran palawija!
Wangsulan: 
Jagung, kedhele, kacang. (Kreativitas Siswa)
5. Bapak lunga menyang Sala numpak bis.
Ukara ing dhuwur iku kramakna!
Wangsulan: 

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 4 SD/Gasal"

Back To Top