Pelajaran 2
SK
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan melalui pembacaan teks dan geguritan.
2. Mampu mengemukakan perasaan dan gagasan secara lisan tentang berbagai keperluan dalam situasi tertentu dengan tata cara yang santun.
3. Mampu membaca nyaring, pemahaman teks nonsastra, dan membaca huruf Jawa.
4. Mampu menulis percakapan/dialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis huruf Jawa.
KD
1.2. Mendengarkan pembacaan geguritan.
2.1. Menceritakan berbagai keperluan berdasarkan gambar.
3.2. Membaca pemahaman teks nonsastra.
4.2. Menulis kata berhuruf Jawa yang menggunakan sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling, taling tarung).
Nyemak:
Nyemak Geguritan
Geguritan iku wujude kaya puisi ing basa Indonesia, nanging migunakake tetembungan basa Jawa. Geguritan iku minangka asil cipta rasa panulise kang nuwuhake kaendahan.
Maca geguritan iku satemene duweni tujuan supaya wong kang krungu, ngrungokake kanthi ati kang wening supaya bisa mangerteni maknane geguritan kasebut. Mula sapa wae kang arep maca geguritan wis samesthine maknani geguritan luwih dhisik. Amarga maca geguritan tanpa mangerteni isine, anggone maca bakal sasar susur ora karuan.
Semaken geguritan iki kanthi premati!
Dalan Iki
Dalan iki,
dakambah kanthi sumringah
nguber kinjeng kupu-kupu sadawane ngomah teka sekolah
dakambah senajan bubrah pating blengkrah
kanggo nggendhong buku nyadhong berkah
golek ilmu kanthi bungah
Saben esuk,
bareng jago kluruk
jangkah sikilku niat methuk
dhredheging atiku kang tansah njejaluk
bisaa akeh ilmu kang kejupuk
supaya ing mbesuk-mbesuk
ora mung tansah mangan sega pincuk
Dalan iki,
ngilangake susah kesel lakuku
sebab nuntun menyang cita-citaku
senajan brongkal-brongkal watu ngrusuhi laku
kanthi sumringah dakambah kaya nguber kinjeng kupu-kupu
Klodran, 03 Februari 2010
Mahanani M. Alif
Bebarengan karo kancamu sabangku, geguritan kang wis koksemak mau rembugen kanthi rukun, banjur critakna maneh nganggo basamu dhewe kanthi kendel lan kreatif!
Micara:
Crita Adhedhasar Gambar
1. Crita Adhedhasar Gambar
Gatekna gambar lan wacan ing ngisor iki kanthi premati!
a.
Ing sekolahanku saben Senin ana upacara. Murid sasekolahan padha baris tertib lan rapi. Petugas upacarane saka kelas lima. Besuk yen wis kelas lima, aku uga pengin dadi petugas. Dadi petugas upacara sing maca Undang-Undang Dasar.
b.
Arep dianakake kemah kanggo mengeti dina pramuka. Supaya bisa ajar mandhiri nalika kemah, saben Jum’at dianakake latihan pramuka. Ana latihan iku aku lan kanca-kanca diajari gawe tendha lan alat-alat sedherhana nganggo tongkat lan tali.
Gladhen
1. Gatekna gambar ing ngisor iki kanthi premati!
Belajar
Pbb
nyapu
2. Pilihen salah siji gambar kang koksenengi, banjur kanthi runtut lan kreatif critakna nganggo basamu dhewe kang becik!
3. Aja lali menehi judhul marang critamu adhedhasar gambar pilihanmu! Garapen kanthi tekun, tlaten, lan rapi neng buku tugasmu!
Wangsulan:
Kreativitas Siswa
Maca:
Maca Pemahaman Teks Nonsastra
Wacanen kanthi premati, swara kang cetha lan intonasi kang trep!
Upacara
Dina Senen bocah-bocah kelas IV padha teka gasik. Sragame kabeh komplit. Topi nganti tekan sepatu ora ana sing keri. Mung ana siji loro bocah sing sragame beda. Dheweke iku petugas upacara.
Jam 06.30 bel wis muni. Kabeh bocah enggal tumuju ing Tatar mrana-mrene nggoleki papan kang longgar lan kanca sekelase. Ora suwe bocah wis tata baris. Kadhangkala bapak/ibu guru isih mituturi amrih ora rame. Jam 07.00 barisane wis siyap.
Pranatacara miwiti nglantarake adicara, wiwit saka komandhan upacara mlebu menyang papane nganti tekan adicara, lan sateruse kanthi rancag.
Nalika adicara tekan amanat pembinaca upacara, kabeh padha meneng ngrungokake.
“Anak-anakku,” ngono pangandikane pembina upacara miwiti.
“Ibu ngaturake panuwun kang gedhe marang sliramu kabeh, mligine marang petugas sing ngayahi jejibahan iki satemah lumakune upacara bisa lancar. Muga-muga ing wektu liya bisa tansah becik sukur bisa diundhakake.
Pancen salah siji tujuane upacara iku kanggo nggladhi rasa dhisiplin. Kenangapa? Amarga dhisiplin iku bisa ndadekake apa wae bakal lumaku kanthi becik,” pangandikane pembina upacara sateruse.
Rampung amanat pembina upacara, pranatacara nerusake tugase maca tata urutaning acara. Sawise aweh komandho supaya pasukan upacara dibubarake, age-age komandhan upacara mbubarake barisan. Ibu kepala sekolah banjur nyalami bocah kelas IV sing trampil anggone dadi petugas.
Gladhen
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan !
1. Apa kang ditindakake bocah kelas IV nalika dina Senen?
Wangsulan:
upacara
2. Ana bocah kang sragame beda iku dadi apa?
Wangsulan:
Petugas upacara.
3. Wong sing nglantarake tata urutaning upacara diarani apa?
Wangsulan:
pranatacara
4. Upacara iku kanggo nggladhi sikap apa?
Wangsulan:
dhisiplin
5. Kenangapa dhisiplin iku penting?
Wangsulan:
Amarga dhisiplin iku bisa ndadekake apa wae bakal lumaku kanthi becik
Nulis:
Nulis Aksara Jawa
Aksara Jawa cacah 20 iji kang diwiwiti saka aksara “Ha” nganti tekan aksara “Nga” iku kena diarani aksara nglegena. Nglegena iku tegese wuda utawa durung diwenehi sandhangan, mula iku kabeh swarane aksara nglegena iku unine isih padha bae yaiku “a”. Kanggo ngowahi swara aksara nglegena iku kudu diwenehi sandhangan.
a. Jinis Sandhangan Aksara Jawa
Kaya dene manungsa kang macem-macem sandhangane, yaiku ana sandhangan kanggo acara resmi, sandhangan kanggo dolan, sragam lan sapanunggalane, aksara Jawa uga duwe sandhangan kang akeh jinise. Jinis sandhangan aksara Jawa iku kaperang dadi 3 yaiku:
1) Sandhangan swara
2) Sandhangan panyigeg wanda
3) Sandhangan wyanjana
b. Jinis lan Gunane Sandhangan Swara
Sandhangan swara iku ana 5 jinis, yaiku:
a. wulu
b. suku
c. pepet
d. taling
e. taling tarung
Gunane sandhangan swara iku kanggo ngowahi swarane aksara nglegena. Tegese ngowahi swara yaiku ngowahi aksara nglegena kang maune mung lugu muni “a” dadi swara liyane. Dadi menawa aksara nglegena iku oleh sandhangan swara, unine bisa malih saka swara vokal “a” dadi “i”, “u” lan sapanunggalane.
c. Sandhangan Wulu lan Suku
Wujude kaya bunderan cilik sing dipasang ana sadhuwuring aksara kang disandhangi sisih buri. Gunane kanggo ngowahi swara “a” dadi swara “i” ing aksara kang disandhangi.
Suku iku wujude kaya sambungan kang dipasang nyambung ing buri aksara mudhun dawa banjur bali munggah maneh. Gunane kanggo ngowahi swara “a” dadi swara “u” ing aksara kang disandhangi.
Gladhen
A. Pilihen salah siji jawaban kanggo soal-soal ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing antarane a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!
1. Bapak guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca sadangunipun sinau ing sekolahan punika. Nggulawentha tegese ....
a. mulang
b. ngancani
c. milih
d. nyangoni
Wangsulan: a
2. (1) Bisa ngrampungake soal-soal kanthi luwih cepet.
(2) Bisa nyonto tugase kanca.
(3) Bisa takon-tinakonan.
(4) Bisa ndhiskusekake bab kang durung karo kanca-kancane.
Manut panemumu, paedahe sinau bebarengan katujokake angka ....
a. (1), (2), lan (3)
b. (2), (3), lan (4)
c. (1), (3), lan (4)
d. (1), (2), lan (4)
Wangsulan: c
3. Andi ... ibu guru supaya sinau luwih sregep.
Tembung kang trep kanggo ngganepi tembung ing dhuwur yaiku ....
a. dikongkon
b. didhawuhi
c. ditimbali
d. dipeksa
Wangsulan: b
4. Sapa ngerti ana sing nduwe masalah, upamane ora bisa mbayar iuran, bisa dibiyantu bareng-bareng.
Dasanamane tembung iuran yaiku ....
a. nyicil
b. lunas
c. sekolah
d. urunan
Wangsulan: d
5. Geguritan iku minangka asil kasusastran kang migunakake basa ....
a. Indonesia
b. Jawa
c. Bali
d. Inggris
Wangsulan: b
7. Puisi Jawa gagrag anyar diarani ....
a. geguritan
b. tembang
c. cangkriman
d. wangsalan
Wangsulan: a
9. Basa kang digunakake antara siswa marang guru yaiku basa ....
a. ngoko
b. kramantara
c. krama
d. bagongan
Wangsulan: c
10. Esuk-esuk kok wis ngembang kacang ki ana apa?
Wangsalan ing dhuwur batangane ....
a. nyraput
b. mbesengut
c. mrengut
d. ngguya-ngguyu
Wangsulan: b
11. Pakdhe Simin lagi lunga menyang Sala dhekwingi.
Tembung ing dhuwur menawa diowahi dadi basa krama dadi ....
a. Pakdhe Simin nembe tindak menyang Sala dhekwingi.
b. Pakdhe Simin lagi tindak dhateng Sala kalawingi.
c. Pakdhe Simin nembe tindak menyang Sala kalawingi.
d. Pakdhe Simin nembe tindak dhateng Sala kalawingi.
Wangsulan: d
12. Petis manis, yen ngucap aja waton menga.
Wangsalan ing dhuwur tegese ....
a. waton
b. menga
c. ngucap
d. aja
Wangsulan: c
13. Resmi pingin dadi ..., mulane bubar tamat SMP dheweke sekolah ana ing jurusan akuntansi.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. akuntan
b. pengacara
c. resepsionis
d. sekretaris
Wangsulan: a
14. Mbah Pawira kae jebule wis njangan gori, ta?Mula yen ora banter, dheweke ora krungu.
Manut tanggapanmu, kang dikarepake
saka tembung njangan
gori yaiku ....
a. gori
b. gudheg
c. jangan
d. budheg
Wangsulan: d
16. Micara kanthi sopan marang pawongan kang luwih tuwa utawa pawongan kang diurmati kudu nganggo unggah-ungguh. Tembung unggah-ungguh iku tegese padha karo ....
a. tata cara
b. tata krama
c. andhap asor
d. budi pekerti
Wangsulan: b
17. Ibu mundhut gedhang arep ... simbah.
a. diaturake
b. diwenehake
c. dicaosake
d. didhaharake
Wangsulan: c
18. Nessa katon bungah. Wis biji rapote ora ana sing abang, malah sore iku Nessa diterake bapak ibune menyang sekolah.
Surasane wacan ing dhuwur yaiku ....
a. mongkog
b. sedhih
c. seneng
d. nrenyuhake
Wangsulan: c
19. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama yaiku ....
a. Ratri nyaosake unjukan dhumateng simbah.
b. Doni nyilih bukune Wawan.
c. Dhek wingi Sandi lunga menyang Solo.
d. Dita boten sekolah amarga lara.
Wangsulan: a
20. Manut panemumu, penjedaan ukara ing ngisor iki kang bener yaiku ....
a. Tendha-tendha/ing lapangan sekolah wis/padha ngadeg//
b. Tendha-tendha ing lapangan/sekolah/wis padha ngadeg//
c. Tendha-tendha ing/lapangan sekolah/wis padha ngadeg//
d. Tendha-tendha/ing lapangan sekolah/wis padha ngadeg//
Wangsulan: d
B. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. .... yaiku saemper puisi kang nggunakake basa Jawa.
Wangsulan: Geguritan
2. Simbah nembe ngunjuk kopi, dene aku ... es jeruk.
Wangsulan: ngombe
3. Budhe Parti sampun wangsul saking jagong.
Tembung wangsul benere ....
Wangsulan: kondur
4. Hore, aku munggah kelas...!
Ukara kasebut diaturne kanthi rasa
Wangsulan: seneng, bungah, bombong
5. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ....
Wangsulan: ngaso
3. Wong sing nglantarake tata urutaning upacara diarani apa?
Wangsulan:
pranatacara
7. Yen kepingin diajeni wong, kudu .... wong liya luwih dhisik.
Manut panemumu, tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....
Wangsulan: ngajeni
8. Sandhangan swara ing aksara Jawa iku cacahe ana ....
Wangsulan: lima
10. Geguritan iku kalebu asil kasusastra Jawa gagrag ....
Wangsulan: anyar
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Kepriye anggonmu matur marang gurumu nalika telat mlebu kelas?
Wangsulan:
Kreativitas Siswa
2. Tembung-tembung ing ngisor iki dhapuken dadi ukara krama!
a. rawuh
b. mlampah
c. sonten
Wangsulan:
Kreativitas Siswa
3. Owahana dadi basa krama:
a. Paklik Harta lagi mangan.
b. Mas Deni bubar adus lagi wae.
c. Simbah wis tangi jam papat esuk mau.
Wangsulan:
a. Paklik Harta nembe dhahar.
b. Mas Deni bibar siram nembe kemawon.
c. Simbah sampun wungu tabuh sekawan enjing kalawau.
4. Basa ngoko iku pantese digunakake kanggo micara marang sapa bae?
Wangsulan:
- marang sapadha-padha
- dhuwuran marang bawahane (pimpinan marang karyawane)
- wong tuwa marang wong enom
- wong sing wis kenal raket
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Basa Jawa Kelas 4 SD/Gasal"