Prekara Jawa, ing Mangsa Digital
“Wedhus gembel/wulumu kruwel-kruwel/ambumu prengus/merga kowe ora tau adus//...//”
Sempalan geguritan ing dhuwur dadi perangan ing pagelaran puisi kang dianakake ing TBJT(Taman Budaya Jawa Tengah) Surakarta pirang-pirang wulan kepungkur. Geguritan mau diaturake paguyuban teater Sirat saka IAIN(Institut Agama Islam Negeri) Surakarta.
Anane geguritan ing pagelaran puisi kang migunakake basa Indonesia mau, puisi Jawa(geguritan) dadi prekara kang ngagetake. Yagene ora? Kabeh kang maju ing panggung padha maca lan mragakake puisi mawa basa Indonesia. Dumadakan ana sawijining pasarta kang maca geguritan sak tengah-tengahing pagelaran.
Nanging prekara kang ngagetake mau bisa banjur cuer saknalika merga underan topik ing geguritan pancen ngguyokake. Akeh kang padha bisa narima sanajan pusi mau mawa basa Jawa. Dak sawang nalika kuwi ora ana panonton sing protes, kena ngapa sajrone acara puisi kok ana geguritan barang?
Prekara kang bisa dirembung ing kene yaiku babagan geguritan saktengah-tengahing puisi. Geguritan kang dadi perangan sastra Jawa nyatane bisa manitis ing pagelaran basa liya. Sakliyane kuwi, uga bisa katitik ing maneka warna ariwarti kang migunakake basa Indonesia saben dinane.
Nanging ana dina mligi kang pirang-pirang lembar ariwarti mau mawa basa Jawa. Kayata, Solopos(Kamis), Suara Merdeka(Minggu), Kedaulatan Rakyat(Minggu). Iki kang dadi kupiya kanggo nggulawentah perangan Jawa kang awujud Basa, Sastra lan Budaya jawa.
Ora mung kuwi wae, Jawa kudu bisa narima yen jaman saiki pancen beda karo jamane simbah nalika semana. Gandheng saiki ana internet, jaman tambah cepet, ora klemak-klemek. Ngirim surat mung gari ngeklik ing email.
Itungan detik pesene awake dhewe wis tekan marang pawongan kang dituju. Ing bab sastra wae, geguritan lan cerkak ora mung ditulis ing kertas/buku, nanging geguritan lan cerkak mau wis bisa diwaca/ditulis ing facebook, twitter, blog utawa buku elektrik ing laptop utawa tablet.
Akeh kang matur, kahanan kang mangkene prekara Jawa mau wis abot menawa diarani asli maneh. Nanging prekara iki bisa dirembug kaya ngapa kang diarani asli kuwi? Apa prekara Jawa kuwi prekara kang sakral, basa lan sastrane bisane mung ditulis ing kertas?
Prekara iki mesthine dadi prekara kang anyar ing basa, sastra lan budaya Jawa. Nanging, suwene-suwe akeh para pakar Jawa kang ngrumangsani yen ing jaman digital iki, prekara Jawa kudu bisa nrima kahanan.
Ing ariwarti Suara Merdeka (1/2/15), ana sawijining panulis kang ngrembug babagan sawijining prekara Jawa, yaiku sastra Jawa. Panulis mau Dhoni Zustiyantoro, Dhosen ing Fakultas Bahasa dan Sastra Unnes Semarang. Artikel kanthi irah-irahan “ Sastra Jawa (ora) bisa manitis?” mau, mbabar sastra Jawa ing mangsa digital.
Piyambake njlentrehake yen teknologi awujud internet, “Sejatine ora ngopeni isi, nanging mung magepokan karo wadhah. Dadi yen ana basa, sastra lan budaya kang malih rupa dadi wujud liyane, iku mujudake yen karya sastra kasebut bisa tetep nut lakuing jagad.”
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Kembali ke Daftar isi Artikel dan Resensi Jawa.
Dadi para pakar, sutresna lan dwija Basa Jawa ing pawiyatan disurung bisa migunakake internet iki kanggo mbabar babagan prekara Jawa, kayata basa, sastra lan budaya. Klebu seni teater Jawa, awujud sandhiwara, ketoprak lan ludruk.
Nanging mesthi tetep padha waspada, menawa internet iku uga akeh efek negatif. Akeh kang nggunakake kanggo saperangan kang pancen ora bisa dipertanggungjawabake. Ing kene, kridhane para pakar, sutresna lan dwija basa Jawa ing pawiyatan pancen banget dibutuhake kanggo nyaring lan dadi pengawas lakune prekara Jawa ing jaman digital.
Pungkasane, mbok menawa pagelaran seni Jawa mau bisa diamboni teknologi kanthi video kang diunggahake ing youtube. Kanthi mangkono, para generasi mudha bisa ngundhuh lan sinau prekara Jawa kapan wae lan ing ngendhi wae.
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Essay/Artikel Jawa: Prekara Jawa, ing Mangsa Digital"