AMONG TANI LAN MODHERNISASI
Nora arus nadyan enggal sugih/ Ing wasana sira nemu papa/ Kapapan nora warise/ Saking para luluhur/ Kasab iku ingkang utami/ Among tani sesawah/ Gaga ananandur/ Akeh warnaning akasab/ Lakonana den taberi den nasthithi/ Abot wong golek pangan.
Tembang dhandhang Gula kasebat kaserat wonten serat Sana Sunu anggitanipun R.Ng.Yasadipura II, pujangga istana Surakarta Hadiningrat. Serat ingkang dipun anggit ing taun 1819 punika ngemot kathah babagan pepeling. Salah satunggaling inggih punika bab among tani kados sampun kaserat wonten tembang dhandhang Gula ing inggil.
Tembang punika maringi pepenget dhateng kita sedaya, bilih pakaryan ingkang langkung sae tinimbang pakaryan sanesipun inggih punika among tani. Amargi kanthi pakaryan tani punika, kathah reroncening pakaryan ingkang prelu dipuntindakaken kanthi sregep lan dhisiplin.
Tuladhanipun nanem pantun. Nanem pantun dipun wiwiti saking ndaud bibit ingkang unggul. Menawi sampun, dipunsmadyakaken sabin ingkang sampun diluku, menawi sakpunika sampun ngagem traktor, Lajeng dipun-garu. Saksampunipun digaru nembe ditanemi pantun kanthi jejer thirik-thirik. Udakara umur 2-3 minggu, pantun punika kedah dipun matuni amargi tartamtu sampun wonten suketipun. Bibar punika nembe dipun pupuk.
Petani kedah nengga pantun dumugi kuning. Lumrahipun menawi pantun sampun kuning kathah peksi emprit ingkang nglurug pantun punika. Petani kedah nengga lan nggusah peksi kalawau ing wektu enjing utawi sonten. Kanthi tuladha punika saged dipun mangerteni bilih reroncening pakaryan tani mbetahaken tumindak ingkang sabar saha trengginas anggenipun ngopeni.
Ing titiwanci punika kadosipun pakaryan tani taksih dipuntindakaken wonten saweneh bebrayan agung, mliginipun wonten desa. Ananging, saperangan sampun mbelok saking paugeran ingkang sampun dipunwarisaken dening para leluhur.
Pakaryan tani dipun tindakaken kanthi kesesa, ngoyak target bilih setunggal taun kedah panen kaping tiga. Sedaya punika gegayutanipun kaliyan jaman modhernisasi ingkang sansaya ngedap-ngedapi. Menapa kemawon kedah wonten etanganipun.
Para tani ugi kathah ingkang sampun nilaraken budaya wiwit, inggih punika bancakan wonten sabin saderengipun pantun dipun panen. Punika ngandharaken syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa amargi kanthi kawelasanipun dipun paringi panenan ingkang sae. Emanipun budhaya ingkang hanggadhahi piwulang dhateng lare punika sampun boten kadulu malih, namung saperangan desa ingkang taksih nindakaken.
Medhernisasi pancen saged ndadosipun saperangan bebrayan agung cingak. Amargi sedayanipun dipun tindakaken kanthi praktis lan instan. Praktis lan instan punika ingkang ndadosaken kathah tiyang ingkang boten hanggadhahi watak sabar. Menawi watak sabar sampun ical, mbok menawi tiyang punika wontene namung kesesa lan kemrungsung.
Dinten tani ingkang dhawah surya kaping 24 September kepengker, saged dipundadosaken renungan dhateng kita sedaya, mliginipun ingkang hanggadhahi pakaryan tani. Para tani ingkang gagal panen amargi kaserang ama tikus utawi ama sanesipun, mbok menawi kathah para tani ingkang sampun nilaraken kawruh budhaya jawi wonten satengahe pakaryan tani. Kawruh luhur ingkang sampun dipunajaraken dening para leluhur jawi punika sejatosipun hanggadhahi piwulang ingkang becik. Punika gegayutanipun kaliyan hukum keseimbangan alam.
Kajawi punika, pepenget ugi saged dipunaturaken dhateng para punggawa ingkang lenggah wonten kursi pamarintahan. Sesambetanipun kaliyan pembangunan perumahan ingkang wekdal punika malah sansaya deres. Lahan sabin ingkang subur malah kangge rebutan developer kangge nanem perumahan. Para tani dipun iming-imingi yatra atusan yuta supados kersa nyade sabinipun.
Kathah ingkang kersa, amargi pakaryan tani sampun boten saged dipun jagakaken. Kasilipun boten malih saged nyukupi kabetahan sugeng. Pakaryan tani ugi sampun dados pakaryan ingkang dipun-anggep sampun ketinggalan jaman, mliginipun kangge para generasi mudha.
Mbok menawi ingkang mangertosi pripun supadosipun pakaryan among tani boten kadhesek dening globalisasi saha saged dipun gandrungi para generasi mudha?
Bisri Nuryadi
0 Komentar untuk "Artikel/Essay Jawa : AMONG TANI LAN MODHERNISASI"