Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa SMA Kelas XI-TERLENGKAP

Wulangan 1
Pawiyatan

A. Ngrungoke
Sesorah utawa tanggap wacana iki mujudake salah sawijining kegiayatan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang ditujokake marang wong akeh. Tujuane sesorah ing antarane:
1. kanggo menehi pangerten utawa informasi marang wong liya/wong kang ngrungokake.
2. aweh panglipur.
3. suka pangrimuk (mbujuk) supaya melu apa kang diandharake pamicara.

Rungokna kancamu arep maca! Rungokna kanthi premati! Sawise kowe ngrunokake pamacane teks sesorah ing ndhuwur, kanggo ngukur sepira tajeming pangrungonmu lan pamahammanmu, catheten tembung-tembung kang kowe ora ngerti tembung padinane, banjur golekana tembung padinane!

Nuwun,
Bapak kepala sekolah ingkang kinabekten, bapak sah aibu guru ingkang pantes sinudarsana, bapak tuwin ibu karyawan ingkang kinurmatan. Para kadang wredha mudha siswa SMA Sukolilo ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin mangga sesarengan ngonjukaken puja puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih awit sih nugrahanipun panjenengan lan kula saged anjenengi sarta angestreni pepanggihan ing dinten menika.

Salajengipun, kula minangka pangarsan ing ketua OSIS SMA Sukaolila, ngaturaken gunging panuwun dhumateng bapak kepala sekolah sarta bapak ibu  guru ingkang sampun paring sesuluh lan pitedah satemah tatacara lomba seni punika seged kaleksanan. Mugi mugi pagelaran ingkang kabuki sesarengan punika mangke sageda lumampah jumbuh kaliyan rantaman sekawit.

Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan saha para kanca ingkang kula tresnani. Sampun dangu OSIS SMA Sukolila nggadhahi rantaman saperlu kangge ngawontenaken kagiyatan kados punika. Wondene tujuanipun inggih punika kangge mekaraken bakatipun para siswa. 

Para siswa ingkang nggadhahi bakat seni lukis saged daftar tumut lomba lan ngembangaken karemenanipun ingkan tumuju dhumateng kasaenan hoby lan bakatipun, mekaten ugi ingkang remen dhumateng macapat, geguritan, karawitan ugi sandiwara. Salebeting pagelaran loba punika badhe dipunwontenaken pilihan bibit-bibit seniman ingkang nggadhahi bobot.

Nglenggana taksih ngrumaosi cubluk cupeting nalar kirang ing samukawis kula lan kadang pengurus OSIS tansah nyuwun panyengkuyung, pitedah saha parayoga saking bapak ibu guru amrih rancaging tatacara menika.

Ing wasana, cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Mbok manawi wonten klintuning patrap saha solah bawa ingkang kirang mranani kula nyuwun lubering sih pangaksami. Dhumateng sadaya jago ingkang badhe tumut lomba kula ngaturaken sugeng ngayahi tetandhingan.
Nuwun.

Kapethik saking Arum Kuncaraning Basa Jawi, kaca 5-6

Gladhen 1
Golekana tembung padinane!

No. Tembung krama Tembung padinan
1. kinabekten
2. saha
3. Sinudarsana
4. Tuwin
5. Kinurmatan
6. Wredha
7. Kadang
8. dhumateng
9. ngarsanipun
10. Pangarsan
11. ngaturaken
12. Sesuluh
13. Pitedah
14. Satemah
15. Rantaman
16. Dahat
17. ngawontenaken
18. Nggadhahi
19. Karemenanipun
20. Nglenggana
21. Taksih
22. Ngrumaosi
23. Cubluk
24. Cupeting
25. Nalar
26. Panyengkuyung
27. Solah bawa
28. Pangaksami
29. Ngayahi
30. Tansah

Gladhen 2
Kanthi cara nggoleki tembung-tembung kan during dingerteni dadi dingerteni, mesthi bisa mbiyantu anggonmu ngerteni lan mahami apa kang dadi surasane tanggap wacana kuwi. Mula saka iku wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! Wangsulana nganggo basa ngoko lan basa karma!

No. pitakon Basa Ngoko Basa Krama
1.



2.



3.



4.


5.



6.


Sinten ingkang nindakaken sesorah wacana ing nginggil?


Dumateng sinten kemawon sesorah ing nginggil dipun waosaken?

Sesorah ing nginggil kawaosaken nyerengu pengetan punapa?

Wonten ing pundit sesorah punika dipunwaosaken?

Punapa kemawon acara ingkang dipun wontenaken ing lomba seni punika?

Menapa ingkang ndhasari para pengurus OSIS ngawontenaken kegiyatan lomba seni? Kang nindakake sesorah ing dhuwur yaiku ketua pengurus OSIS

Kepala sekolah SMA Sukalila, guru, karyawan, lan siswa siswi.

Lomba seni



Ana ing SMA Sukolila


Lomba lukis, geguritan, karawitan lan sandiwara


Ngembangke bakate siswa
Ingkang nindakaken sesorah ing nginggil inggih punika pangarsa pengurus OSIS

Kepala sekolah SMA Sukalila, guru, karyawan, sarta siswa siswi.

Lomba seni



Wonten ing SMA Sukolila


Lomba lukis, geguritan, karawitan saha sandiwara


Mekaraken bakatipun para siswa


Tugas
Ringkesen wos surasane sesorah kuwi nganggo basamu dhewe. Kanggo nggampangake anggonmu gawe ringkesan, tulisen ringkesanmu nggunakake basa padinan luwih dhisik, banjur salinen nganggo basa krama!

Ringkesan
Basa Ngoko Padinan Basa Krama
Sesorah utawa tanggap wacana iku ditindakake dening pangarsa pengurus OSIS SMA Sukolila.

……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………...
……………………………………………... Sesorah utawa tanggap wacana punika dipuntindakaken dening pangarsa pengurus OSIS SMA Sukolila.

…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….
…………………………………………….

B. Micara

Nulis teks Sesorah utawa tanggap wacana

Sadurunge nulis teks seorah, prayogane mangerteni rantaman sesorah luwih dhisik. Rantaman sesorah yaiku:
1. salam pambuka (miturut kapitayan lan swasanane)
2. purwaka, yaiku puji sukur marang Gusti lan atur panuwun marang para tamu sarta sing mbiyantu lumakune tatacara.
3. surasa basa utawa wosing rembung, yaiku underaning bab kang bakal diwedharake
4. wasana basa (panutup), yaiku atur panuwun lan pangapura.
5. salam panutup

gatekna tuladha sesorah ing ngisor iki!

Nuwun,
Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kinurmatan saha para kadang wredha mudha ingkang kula tersnani. Langkung rumiyin mangga sesarengan ngonjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ikngkang Maha Agung. Inggih awit sih mugrahanipun panjenengan lan kula taksih pinaringa  kasarasan saha kawilujengan satemah saged anjenengi satra angesyreni pepanggihan ing tiwanci punika.
Salajengipun, mbokmenawi panjenengan sedaya sampun mangertos karana punapa kula ngajak panjenengan sedaya makempal ing papan punika, krenteging sedya boten sanes inggih punika nglempakaken redana sumbangan kangge mbiyantu para sedherek panjenengan lan kula ingkang nembe katempuh lindhu ing wewengkon Klaten iring kidul.
Bapak-bapak, ibu-ibu lan para sedherek sedaya, cobi punika saged kagambarakaen kados punapa sedhihing penggalih sedherek-sedherek ingkang ketaman bencana punika. Griyanipun risak, bandhadonya lan raja kaya ical dereng malih asil tetanenipun sami ludhes telas. Ingkang damel prihatosing manah, kathah ingkang sami kecalan putra putranipun. Wekdal menika para sedherek ingkang nedheng ketaman bencana kasebat sanget angrantu pasumbang.
Awit saking punika mangga kanthi tuwuhing raos kamanungsan, mboten ketang sekedhik kasisihaken bandha utawi satunggaling barang ingkang taksih pantes dipunkentunaken dhumateng dhaerah ingkang nedheng katempuh bencana, punapa punika awujud arta, uwos utawi busana pangangkah kangge ngentheng-ngenthengaken panandhangipun para sedherek ingkang nembe pacoben punika.
Para bapak lan ibu sedherek sedaya, mbomenawi cekap semanten ingkang saged kula aturaken, ingkang asipat pawarta saha pangajak dhateng para warga bebrayan ing mriki. Sepisan malih kula ngajab pisumbang panjenengan sedaya enggal kakentunaken dhumateng dhaerah ingkang katempuh ing bencana.
Wasana, menawi wonten kekirangan tuwin kaladuking panampi kula nyuwun agunging pangaksami.

Gladhen
Coba teks sesorah mau wacanen kaping 4-5 siswa maneh, nanging paragane kang maca uga kudu beda-beda. Saka paraga-paraga mau mesthi wae anggone maca mesthi beda-beda. Amarga lafal, intonasi, lan irama kang dibisani uga ora padha. Mula cobanen kualitas pangrungonmu kanthi cara menehi biji marang kanca kang manut ukuranmu dhewe-dhewe! Garapen kaya tuladha!

No. Paraga Aspek kang dibiji Alesane Biji
1.
2.
3.
4.
5.

Tugas
Adhedhasar pangreten lan tuladha ing dhuwur, mesthi kowe ngerti paugerane gawe pidato. Ing papan panggonanmu mesthi an apiyayi kanga sale saka sajabane dhaerahmu, coba kowe nyuwuna tulung dheweke supaya nindakake pidato nganggo basa dialeke, nganggoa paugeran kang wis dijlentrehake mau. Umpamane kowe manggon ing tlatah dialek Surakarta tanggamu kuwi mau asale saka tegal, mula dheweke aturana pidato nggunakake basa Tegal! Utawa kosok baline! Banjur asiling pidato kang kokrungokake mau tulisen in ngisor iki!

Pidato nganggo basa Jawa dialek ………………………………………………………………...
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................
................................................................................................................................................

C. Maca
1. Paragraf Deduktif
Paragraph deduktif mujudake paragraph kang ukara bakune manggon ing wiwitane paragraph. Ukara baku utawa pkok masalah dinyatakake ana ing ukara wiwitan. Banjur diganepi kanthi andharan kang nyawiji tumrap ukara baku kasebut.














Tuladha Paragraf Deduktif

Pagelaran sekaten minganka pestane rakyat. Pagelaran iki mung diadani ana ing Yogyakarta lan Surakarta kanthi diwiti tabuhe gamelan nganti tekan gonge, kang diarak saka Kraton tumuju mesji Agung. Tradhisi sekaten iki akeh diantu-antu dening masyarakat. Saengga saben taun masyarakat kang teka ing pagelaran sekaten iki jejel riyel.

2. Paragraf Induktif
Paragraph induktif yaiku paragraph kang ukara bakune manggon an aing pungkasaning paragraph. Wiwitane diandharake bab kanyatan-kanyatan (fakta) utawa andharan liyane. Sabanjure saka kanyatan-kanyatan iku npenulis nyawijekake ana ing sawijining ukara.












Tuladha Paragraf Induktif
Para sutresna tosan aji, keris, nduweni istilah menawa pawongan kang nggawe ukiran iku karan tukang ukir. Jeneng iki cetha kurang klop (pas), amarga akeh pawongan kang panggaweane gawe ukiran iku ora saderma tukang, ananging bisa kagolong seniman. Malah ana sawenehing pawongan sing satemene bisa kagolong empu ing babagan gawe ukiran. Contone, kayata almarhum Bapak Imandiharjo saka Surakarta (seda 1980-an). Senajan peparaban mranggi iku akeh digunakake minangka ahli gawe warangka, dakkira pawongan kang wis ahli gawe ukiran luwih utama karan mranggi ukiran.

Gladhen 1
1. gawea paragraph deduktif lan induktif! Temtokno ukara kang dadi gagasan baku (pokok) paragraph kasebut!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

2. Gawea paragraph deduktif lan induktif! Temtokna ukara penjelase paragraph kasebut!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

3. Njlentrehake bedane paragraph deduktif lan induktif!
Paragraf Ukara Baku
Deduktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
Induktif
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..


3. Teks Rumpang
Teks rumpang yaiku wacan utawa teks kang during rampung ditulis. Kanthi tembung liya, isi lan pesen kan gkamot ing kono during manunggal (cetha). Sebab sawijining teks iku duweni panunggalan teges utawa arti.

Gladhen 2
Pepakana panulisane teks rumpang ing ngisor iki!
Teks 1
Trinil, Pendhekar Kaum Wanita

Jeneng Kartini mono wis akeh kita prangguli. Nanging Kartini sing siji iki, sing katelah “pendhekar” kaum wanita Indonesia, nduweni kaluwihan dibandhingake karo Kartini-Kartini liyane. Lha geneya saben pendhak tanggal 21 April, kabeh bangsa Indpnesia padha mengeti Hari Kartini. Ing kalodhangan iki ora ana alane, sawetara waktu ngungak satleraman perjuangan RA. Kartini. Kaya ngapa anggone mbudidaya njurung harkat lan martabat kaum wanita, ing wusana nganti saprene kanyatan kaum wanita bisa asung tuladha. Bebarengan kaum priya ora gelem keri, sengkut mbangun negara.
“Dadi kaum wanita kuwi sarwa repot. Yen mlaku alon-alon kaya keong. Yen mlaku cepet den arani jaran mbedhal.” …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..luwih-luwih sawise wanita ndungkap diwasa, tansaya luwih ati-ati solah bawa lan tindak-tanduke. Aja nganti nerak pranatan adapt tradhisi wanita Jawa sin wis njarem, mbalung sungsum.


Teks 2

Ketéla pohung

Ketéla pohung utawa Singkong, utawa jroning Basa Indonésia: ubi kayu, iku tetanduran taunan tropika lan subtropika saka kulawarga Euphorbiaceae. Uwiné dikenal minangka panganan pokok sing ngasilaké karbohidrat lan godhongé minangka janganan. Téla pohong ing tlatah Surabaya karan menyok, ing tlatah Banyumasan diarani bodin yaiku jenis tethan kang biasa ditandur ana ing tegalan ing mangsa rendheng.Tela kang ditandur ing tahun tropika lan subtropika asalé saka kaluwarga Euphorbiaceae.
Umbi, godhong lan batange nduwe mupangat akeh banget. Umbine bisa kanggo ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
Umbi téla kang ana ing lemah (siti) mertandhakake, tetanduran iki kagolong ing suku palakepedhem, nduweni oyod kang dadi pohung utawa umbi. Kanthi nduweni ciri-ciri wujudé rata-rata gilig lan lonjong. Ing pohong nduweni garis tengah kurang luweh 2-3 cm lan dowoné kira-kira 50-80cm.Dowo lan gdhené téla bisa dipengaruhi saka jenisé kang ditamdhur ana ing tegalan. Wernine tela ana loro putih lan kuning.

Teks 3
Basa Jawa
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia.………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

Tugas
Sawise kowe mepaki panulise teks rumpang ing ndhuwur, banjur golekana wos surasane saben teks! Garapen nagnggo basa ngoko lan basa karma! Garapen ana ing ngisor iki!

Wos Surasane Teks
Basa Ngoko Basa Krama
Teks 1
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
…………………………………………… Teks 1
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
Teks 2
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
…………………………………………… Teks 2
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
Teks 3
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
…………………………………………… Teks 3
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………
……………………………………………

D. Nulis
Layang Pribadi
Laying minagka sara komunikasi tinulis antarane pawongan utawa lembaga marang wong utawa lembaga liyane. Miturut gunane, laying iku kaperang dadi laying dinas, laying niyaga, lan laying kulawarga. Kang bakal dirembug ing bab iki yaiku jinis laying kulawarga utawa pribadi.
Laying pribadi uga sinebut laying iber-iber, yaiku laying kang isine awujud kabar pribadi (bisa bab apa wae). Lumrahe, laying jinis iki asipat ora resmi ing babagan ragam basa apadene carane nglantarake. Dadi ing laying pribadi iki basa kang digunakake mardika, ora nggunakake basa kang baku. Malah kepara ing laying pribadi iki kerep diseseli kanthi guyonan.
Perangane laying pribadi yaiku:
1. titimangsa, yaiku peragane laying kang ngandharake papan, tanggal, sasi, lan taun nalika laying ditulis.
2. satata basa, yaiku alamat kang dituju
3. adangiyah, yaiku salam pambukaning laying
4. purwaka, yaiku ngandharake bab kabar keslametan
5. surasa basa, yaiku wosing laying utawa isi intine laying
6. wasana basa, yaiku panutuping laying.
7. paprenah, mujudake sesambungan antarane kang ngirim lan sing dikirimi.
8. teken, mratelakake tandha tangane kang ngirim.
9. asma terang, mratelakake jenenge sing ngirim.
Tuladha laying pribadhi

Bantul , 26 Juli 2010
Ingkang kinurmatan
Bapak saha Ibu
Wonten ing dalem

Assalamualaikum Wr… Wb..

Bapak saha Ibu wonten ing dalem, ngaturi kawuningan bilih ngantos ing dinten punika ingkang putra pun Setya wonten ing Bantul tansah pinaringan kanugrahaning Gusti ingkang Murbèng Dumadi. Pangajab kula inggih mekaten, mugi Bapak saha Ibu wonten ing dalem tansah jinangkung déning Gusti ingkang Maha Agung.
Bapak, saha Ibu, ngaturi priksa bilih minggu ngajeng ingkang putra badhé ndhèrèk Ujian Tengah Semester. Awit saking punika, amrih lancar saha gancar anggèn kula ndhèrèk ujian punika, kula nyuwun donga pangèstu ingkang linangkung. Awit kula pitados bilih boten wonten ingkang saget nandhingi donganipun tiyang sepuh.
Bapak saha Ibu, ndadosaken kawuningan bilih syarat kanggé ndhèrèk Ujian Tengah Semester punika kedah sampun mbayar SPP ngantos wulan September, lan ugi kedah nbayar pendaftaran ingkang agengipun Rp. 10.000,-. Kamangka kula ngantos samangké nembé mbayar SPP ngantos wulan Juli, punika ateges bilih kula kedah mbayar SPP kalih wulan, lan saben wulan agengipun Rp. 75.000,-.

Pramila menawi dipungunggung sedaya
- SPP kalih wulan : Rp. 150.000,-
-Pendaftaran : Rp. 10.000,-
Gunggung : Rp. 160.000,-

Sepisan malih Bapak Ibu, kula tansah ngrantos donga lan kintunan arta saking bapak kaliyan Ibu.
Kula kinten cekap semanten atur saking kula, awit kiranging trapsila anggèn kula matur, kula tansah nyadhong rumentahing sih samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr… Wb…
Ingkang putra


Setya Amrih Prasaja

Gladhen
Setitekna tuladhane layang ing dhuwur, banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

No. Pitakon Wangsulan
1. Salam panutup Salam panutup
2. Asma terang Jeneng kang nulis layang
3. Titi mangsa Papan lan tanggal nulis layang
4. Adawiyah Salam
5. Surasa basa Surasane layang
6. Wasana basa Panutup
7. Purwaka basa Pambuka
8. Satata basa Alamate layang kang dituju
9. Peprenahan Nerangake kang nulis layang

Tugas
Nulisa layang pribadi marang wong tuwamu kang surasane kowe arep njaluk ditukokake barang kang paling koksenengi! Garapen ing papan ngisor iki!















Evaluasi Wulangan
I. Wenehna tandha ping (x) ana aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarape wangsulan kang bener!
1. dasanama layang, yaiku ….
a. kintaka
b. kantaka
c. pustaka
d. caraka
e. cecala
wangsulan:
2. ing ngisor iki kang ora kalebu peranganing layang, yaiku …..
a. tapak asma
b. titimangsa
c. adangiyah
d. paprenah
e. cecala
wangsulan: e
3. sedhahan utawa layang ulem padatan katulis nganggo basa ….
a. ngoko andhap
b. karma inggil
c. kawi
d. karma madya
e. kedhaton
wangsulan:d
4. perangane layang kang ngadharake papan, tanggal, sasi lan taun, diarani ….
a. titimangsa
b. satata basa
c. adangiyah
d. purwaka
e. surasa basa
wangsulan: a
5. layang pribadi bias uga diarani ….
a. layang brayat
b. layang iber-iber
c. layang niyaga
d. layang parentah
e. layang lelayu
wangsulan: b
6. adat bersih desa ngemot piwulang luhur kanggone bebrayan agung. Ing ngisor perlune piwulang luhur saka bersih desa, kajaba ….
a. kanggo sarana njaga kerukunan warga
b. ngugemi tepa selira antarane warga
c. negluri budaya gotong royong
d. gawe sesaji kanggo nyembah leluhur
e. njaga tata tentrem kerta raharja antarane warga
wangsulan: d
7. paragraph kang pikiran pokok utawa intining paragraph katulis luwih dhisik, banjur ing pungkasaning paragraph katulis rincian-rincian kang luwih cetha, yaiku cirri-cirine …..
a. naratif
b. deduktif-induktif
c. deduktif
d. induktif
e. ineratif
wangsulan: c
8. budaya menika minangka woh pangulahing budi. Wondene pangulahing budi nggadhahi teges makarti lair lan batin sesarengan. Kanthi mekaten budaya saged kawastanan woh pangulahing budi ingkang jumbuh lair lan batosipun. Paragraph ing dhuwur kalebu paragraph ….
a. naratif
b. deduktif-induktif
c. deduktif
d. induktif
e. ineratif
wangsulan: d
9. maca teks wacan nganti bias mahami sakebehing isine wacan kanthi wektu sing singkat, diarani …..
a. maca pemahaman
b. maca lancer
c. maca batin
d. maca intensif
e. maca ekstensif
wangsulan: d
10. ing ngisor iki sesebutan kanggo juru sesorah, kajaba …..
a. pambiwara
b. pranatacara
c. biwara
d. pambyawara
e. panata adicara
wangsulan: c
11. basa lan sastra sing digunakake ing tanggap wacana prayogane, yaiku kudu ….
a. miturut tuntutaning sastra kang bener
b. trep, luwes, lan apik dirungokake
c. trep karo kahanan lan swasana
d. trep lan jumbuh karo paramasastrane
e. wangsulan a, b, c, lan d bener
wangsulan: e
12. Ing ngandhap punika ingkang sanès kalebet adangiyah serat pundi ?
a. Salam
b. Pandonga
c. Pakurmatan
d. Dluwang ingkang saé
e. Pamuji
wangsulan: d
13. Asung pakurmatan dhumateng sedaya para tamu, punika kalebet ing pérangan …?
a. Salam pambuka
b. Isi
c. Wasana
d. Purwaka
e. Uluk salam
wangsulan: a
14. Sesorah ingkang ancas utawi tujuanipun minangka nanggapi atur pambagyaharja punika dipunwastani…?
a. Wursitawara
b. Tanggap Wacana
c. Pambagyaharjo
d. Bawa
e. Pambiwara
wangsulan: b
15. Wigatosaken cengkorongan sesorah ngandhap punika …!!!
Pambuka
Purwaka
Wedharan ;
Ngaturaken sugeng rawuhipun para tamu.
Ngaturaken gunging panuwun awit rawuhipun para tamu.
Nyuwunaken pangaksama tumraping kawontenan, papan, lan pasugatan.
Hananggapi punapa ingkang dados aturipun pambagyaharja.
Panutup
Cengkorongan punika kalebet cengkorongan …..?
a. Atur Pambagyaharja
b. Wursitawara
c. Pariwara
d. Tanggap Wacana
e. Pambiwara
wangsulan: a
16. Surakarta, 15 Pebruari 2011. pratelan iku tuladhane perangane layang kang diarani ….
a. mbagekake
b. adangiyah
c. titimangsa
d. peprenahan
e. tapak asta
wangsulan: c
17. serat saking putra, nuwun ingkang putra, masmu sing koktresnani dhewe, iku tuladhane perangane layang kang diarani ….
a. satata basa
b. purwaka basa
c. surasa basa
d. wasana basa
e. peprenahan
wangsulan: e
18. pratelan ing ngisor iki tuladha perangane layang kang diarani adangiyah yaiku ….
a. sungkem kagem bapak saha ibu
b. pamuji rahayu
c. boyolali, 11 Januari 2011
d. saking putra
e. eyang kakung saha putrid ingkang kula bekteni
wangsulan: a
19. layang kang surasane kesripahan (bela sungkawa) yaiku ….
a. layang paturan
b. layang iber-iber
c. layang lelayu
d. layang kitir
e. layang ulem
wangsulan: c
20. layang kang surasane nduwe gawe yaiku ….
a. layang paturan
b. layang iber-iber
c. layang lelayu
d. layang kitir
e. layang ulem
wangsulan: e

II. wabgsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!
1. apa kang dimaksud paragraph deduktif?
paragraph kang ukara bakune manggon ing wiwitane paragraph. Ukara baku utawa pkok masalah dinyatakake ana ing ukara wiwitan. Banjur diganepi kanthi andharan kang nyawiji tumrap ukara baku kasebut.
2. Njlentrehna apa kang dimaksud paragraph induktif!
paragraph kang ukara bakune manggon an aing pungkasaning paragraph. Wiwitane diandharake bab kanyatan-kanyatan (fakta) utawa andharan liyane. Sabanjure saka kanyatan-kanyatan iku npenulis nyawijekake ana ing sawijining ukara.
3. gawea tuladhane layang ulem!
Kawicaksanan guru
4. kepriye perangan-perangane layang pribadi?
titimangsa, yaiku peragane laying kang ngandharake papan, tanggal, sasi, lan taun nalika laying ditulis.
satata basa, yaiku alamat kang dituju
adangiyah, yaiku salam pambukaning laying
purwaka, yaiku ngandharake bab kabar keslametan
surasa basa, yaiku wosing laying utawa isi intine laying
wasana basa, yaiku panutuping laying.
paprenah, mujudake sesambungan antarane kang ngirim lan sing dikirimi.
teken, mratelakake tandha tangane kang ngirim.
asma terang, mratelakake jenenge sing ngirim.
5. apa kang dimaksud adangiyah?
salam pambukaning laying



Wulangan 2
Hukum lan Pamerentah

Ringkesan Piwulangan
A. Ngrungokake
Wawancara yaiku proses dialog antara sawijining wong kang golek informasi lanwongkang menehi informasi (narasumber). Narasumber yaiku wong kang ahli utawa pana ing babagan bidang tartamtu. Wawancarabisa kaleksanan kanthi langsung adhep-adhepan (face to face) karo wong kang diwawancarai, utawa kanthi oralangsung kayatalumantar telpon, internet, layang, e-mail, lan sms. Ewadene jinis-jinise wawancara ing antarane yaiku:
1. Wawancara berita (news-peg interview), yaiku wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, informasi utawa prastawa.
2. Wawancara pribadi (personal interview), yaiku wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lanpanemu interview.
3. Wawancara eksklusif (exclusive interview), yaiku wawancara kang ditindakake wartawan (saka sawijining media) kanthi khusus karo interview,kang jumbuh karo prakara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lang kang diwawancarai.
4. Wawancara sambil lalu (casual interview),yaiku wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus,mung kepeneran wae, ora ana rembugan sadurunge karo interview
5. Wawancara kliling/jalanan (man in the street interview), yaiku wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interview kang mapane pisah,kang antarane siji lansijine ana gegandhengan karo pawarta kang bakale ditulis.

Nalika nindakake wawancara,ana bab-bab kang perlu digatekake, ing antarane:
1. Nemtokake topic wawancara
2. Nemtokake tujuane (informasi apa kang digoleki)
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtokake narasumber
5. Gawe janji karo narasumber (wektu, papan, lan kebutuhan kanggo wawancara)

Bab-bab kang uga perlu digatekake nalika ungguhing basa:
1. Miwiti kanthi salam
2. Nganggo basa kang sopan miturut  unggah ungguhing basa
3. Pandelenge tumuju marang narasumber
4. Mungkasi wawancara kanthi atur panuwun

Tuladha
Semaken wawancara kang ditindakake kancamu ing ngisor iki kanthi premati!

A


B


A


B :


:


:


: Saiki jamane wis maju. Bocah sekolah dhasar wis bisa mbukak internet. Piye bakale yen bocah-bocah kuwi mau mbukak situs porno? Opo pemerentah ki ora nduwe krenteg mblokir situs porno?
Kementrian Negara Komunikasi lan Informatika wiwit sasi April iki sumadya mblokir situs utawa portal internet sing mambu-mambu pornografi lan kekerasan.
Teknis nutup situs internet ora gampang. Internet nduweni akses kang tanpa winates mula angel diblokir. Upama situs porno kasil ditutup, otomatis situs-situs liyane uga bakal ketutup.
Bener. Yen pamarentah arep mblokir situs porno, luwih becik ditindakake saka provider internet ing Indonesia mula sing keblokir dudu situse.






Gladhen 1
Wangsulana pitakon-pitakon iki!
1. Tulisen apa wae pokok-pokok isine pacelathon ing dhuwur!
Wangsulan : Pamarentah kudu nggatekake situs-situs porno supaya bocah-bocah cilik ora kasil mbukak
2. Apa sebabe teknis nutup internet ora gampang?
Wangsulan : Internet nduweni akses kang tanpa winates mula angel diblokir. Upama situs porno kasil ditutup, otomatis situs-situs liyane uga bakal ketutup.

Gladhen 2
Gawea ringkesane pacelathon ing dhuwur!







Tugas
Goleka jadwal acara dialog (talk show) ing televisi. Pilihen acara dialog kang ngrembug bebas. Gatekna acara kuwi, banjur catheten nganggo format ing ngisor iki lan laporan kanthi tinulia!





















B. Micara
Saben pawongan ikumesthi duwe pengalaman. Lelakon kang dilakoni saben dina iku Manawa dirasakake bisa dadi pengalaman kang nengsemake. Pengalaman kang nengsemake yaiku pengalaman kang banget kesane tumrap awake dhewe. Mula pengalaman kang nengsemake bisa awujud pengalaman kang nyenengake,nyusahake, gawe guyu, apadene gawe tangis.

Gladhen 1
Wacanen kang premati pengalamane
Ketanggor

Yen aku kelingan karo kedadean telung dina kepungkur, rasane pancen ya rada mesake, ning satemene ya nganggo kudu nggutu brang. Ketanggor. Mbok menawa kuwi tembung sing paling pas kanggo nggambarake apa kang nembe dialami dening Bagus.
Kabeh wis padha ngerti nek Bagus kuwi wis suwe kondhang dadi sowok idola. Ora mung ing tingkat lokal nanging tekan sekolahan liyane barang. Sebab dheweke kuwi penyandhang predikat pelajar teladan tingkat kabupaten. Mula dening kanca-kanca kabeh dheweke banjur sinengkake minangka ketua OSIS, nganti rong periode.
Ngerti bocah wadon sing padha naksir, banjur dimanfaatke dening Bagus. Padha diaku pacar terus kaya dianggo dolanan. Sing sugih diporoti dhuwite, njaluk ditraktir werna-werna, ngajak dolan mrana-mrana. Sing takgumuni lha kok padha mung monat-manut wae. Kamangka nek wis bosen banjur ditinggal ngono wae. Habis manis sepah dibuang. Nanging kok isih ana cewek-cewek sing nguber-uber. Apa padha ora kapok ya.
Sebenere aku ora peduli karo tingkahe Bagus.nanging sing ndadekake atiku goreh rak perkara Dian. Ana kabar, jarene wis ana semingguan Dian runtang-runtung karo Bagus. Terus terang aku ora rila yen mengko Dian bakal didadekake kurban sing sabanjure dening Bagus. Wis suwe aku kenal Dian awit cilik, menawa menyang ngendi-ngendi tansah bebarengan.
Nanging adoh ing kanyatan. Sorene nalika lagi santai, gitaran ing teras omah, nddak Dian teka klunah-klunuh. Lungguh bruk ing sandhingku karo crito yen mau awan dheweke weruh Bagus ngomong pating glenik karo Erin ing parkiran. Jarene Pak Minto penjaga sekolah kang tanggane Erin, Bagus kerep ndolani Erin. Banjur Dian marani bagus lan bagus diunen-uneni. Epek-epek tangane dian mampir ing raine bagua. Semono uga Erin.
Aku kenal bangett karo watake dian. Tanggung jawab lan luwat pribadene. Ora gampang keguh la kepincut karo lambe lamise cowok. Muga-muga dheweke enggal antuk ganti singluwih becik tinimbang karo sing dhisik.

Gladhen
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa kang dadi idola ing sekolahan?
Wangsulan :Bagus
2. Kapan kedadean iku kelakon?
Wangsulan : telung ndino kepungkur
3. apa kang ndadekake Bagus dadi cowok idola?
Wangsulan : penyandhang predikat pelajar teladan tingkat kabupaten
4. Ana ing ngendi bae bagus dadi cowok idola?
Wangsulan : Ana ing sekolah lan sekolah liya
5. Ing ekolah bagus disinengkake dadi apa?
Wangsulan : Ketua OSIS
6. Kepriye carane bagus manfaatke cewek-cewek kang seneng dheweke?
Wangsulan : Padha diaku pacar terus kaya dianggo dolanan. Sing sugih diporoti dhuwite, njaluk ditraktir werna-werna, ngajak dolan mrana-mrana.
7. Sapa jenenge koncone penulis?
Wangsulan : Dian
8. Sapa kang ngomong karo bagus ing parkiran?
Wangsulan : Erin
9. Sapa jenenge tanggane Erin?
Wangsulan : Pak Minto
10. kepriye kpribadene Dian?
Wangsulan : Tanggung jawab lan luwat pribadene. Ora gampang keguh la kepincut karo lambe lamise cowok

Tugas
Gawea karangan kang surasane pengalaman pribadimu kang nengsemakake! Garapen ing papan ngisor iki! Bisa nggunakake basa padinanmu utawa basa dialekmu! Wenehana irah-irahane (judul)! Critakna ana ing ngarep kelas supaya kancamu bisa menehi panemu tumrap crita kang kokcritakake!








C. Maca
Maca pawarta iku beda karo maca wacana, amarga maca pawarta iku padatan diwacakake kanggo umum (pamirsa). Mula saka iku panganggone lafal, intonasi, cethaning ucapan, tajeming pamriksan, lan tata cara kang digunakake kudu sarwa prayoga.
Wacanen naskah pawarta (berita) ingngisor iki ana ing ngarep kelas. Setitekna lafal, intonasi, cethaning ucapan, tajeming pamriksan, lan tata cara kang bener!
Tuladha teks pawarta.
Wilujeng ndalu para miyarsa,
Wilujeng pepanggihan maneh karo Radio Republik Indonesia ing Surakarta. Keparenga aku Kusuma Bawana maosake pawarta sawutuhe.
Kasunanan Surakarta Hadiningrat ngleluri Mahesa Lawung. Atusan abdi dalem, prajurit lan sentana dalem saka Karaton Kasunanan Surakarta Hainingrat, diina senen (5/5), kanthi alon-alon mecaki dalan lemah saka rattan gedhe tumuju ing Pundhen Alas Krendhawahana. Kurang luwih 200 abdi dalem, prajurit lan sentana dalem iki ana saperangan kang nggawa ubarampe sesaji. Dina iku karaton Kasunanan Surakarta sedya nindakake laku ritual sesaji Mahesa Lawung.
Saben taun ritual iku pancen dilakoni kanthi pangajab kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi murih Karaton Surakarta lan Negara iki tansah kalis saka maneka rubeda. Sesaji Mahesa Lawung ing Pundhen Alas Krendhawahana mujudakake laku ritual sesaji kanggo Bathari Kalayuwati utawa Bathari Durga kang dianggep dadi salah sijine pangayom tumrap Karaton Surakarta.
Miturut Pangageng Sasana Wilapa Karaton Kasunanan Surakarta, GKR Wandansari, ritual sesaji Mahesa Lawung yektine ora mung wates ditegesi minangka sesaji marang Bathari Kalayuwati, ananging tebane luwih amba. Werdine yaiku dongane nyenyuwun pangayoman tumrap Karaton Kasunanan Surakarta lan tebane luwih amba marang bangsa Indonesia.
Pawarta sabacute. DKKS arep Ndayakake Sastra Jawa. Dewan Kesenian Kota Solo (DKKS) duwe krenteg kanggo ndyakake lang ngleluri sastra jawa, mligine ing tlatah Kutha Solo. Kacihna during dadi kawicaksanane mligi, nanging krenteg iki wis dadi rerasan ing DKKS kang para paraga penguruse wis gumathok lan mung kari ngenteni dikukuhake dening Walikota Solo. Joko Sumantri, salah sijine pengurus DKKS kang kajibah ngurusi jagad sastra, nalika wawancara kalawan Espos, ngandharake ing wektu cedhak iki dheweke kepengin nggelar patemon karo para sastrawan sing dikarepake ya warga bebrayan ing kutha solo kang kapiadreng nulis geguritan, crita cekak, dongeng bocah, artikel kabudayan jawa lan sajinise.

Gladhen
Coba teks pawarta mau wacanen kaping 4-5 siswa maneh, nagging paragane kang maca uga kudu beda-beda. Saka paraga-paraga mau mesthi wae anggone maca mesthi beda-beda. Amarga lafal, intonasi, lan irama kang dibisani uga ora padha. Mula cobanen kualitas pangrungonmu kanthi cara menehi biji marang kanca kang maca manut ukuranmu dhewe-dhewe! Garapen kaya tuladha!
No. paraga Aspek kang dibiji Alesane Biji
1.




2.
3.
4.
5. A (jeneng) Intonasi apik, lafal apik, pengahayatan kurang. Pamacane apik, nanging bareng diwaca nganti rampung during mudhengake kang ngrungokake. 70

Tugas
Coba rungokna pawarta saka radio terus tulisen maneh nganggo basamu dhewe. Banjur wacanen pawarta sing wis kok tulis kuwi ing ngarep kelas

D. Nulis
Tanggap wacana yaiku medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehakake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya kang surasane mahargya karawuhan para tamu. Mula cak-cakan lan dhapukane tanggap wacana iku maneka warna.
Panulisane tanggap wacana kudu bisa ngenani marang acara kang lagi dilaksanakake. Kanggo ngayati panulisane tanggap wacana bisa nggunakake cengkorongan (kerangka), kang ancase nggampangake anggone ngayahi nulis tanggap wacana. Udheraning tata cara nulis tanggap wacana yaiku: (1) nemtokake topic lan tujuane, (2) nyusun cengkorongan, (3) ngembangake cengkorongan dadi pidhato kang wutuh.
Cengkorongan panulisse tanggap wacana yaiku:
1. sesirah (judul), sesirah kaudiya supaya: tetep wigati, nyenengake, mranani
2. tema, yaiku sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana.
3. subtema, yaiku reroncening amanat utawa pesen kang didadekake siji dadi wujud tema.
4. surasane wedharan, yaiku purwaka, bab-bab kang wigati karembug, udheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani.
5. basa, kaudiya supaya trep pamilihe tembung, cetha dhapukane ukara, leres manut ing paugerane basa klebu tataning panulisan, cirining panulisan, lan aksara kang digunakake.

Gladhen
Setitekna teks tanggap wacana kang diwaca dening kancamu, wenehana panemumu babagan:
1. panganggone tembung.
Miturut panemuku tembung-tembung kang digunakake ………………………………………………………..amarga………………………………………………………………………………………….
2. panganggone istilah
miturut panemuku istilah-istilah kang digunakake ………………………………………………………..amarga………………………………………………………………………………………….
3. panganggone ejaan
Miturut panemuku panganggone ejaan kang digunakake ………………………………………………………..amarga………………………………………………………………………………………….
4. panganggone struktur utawa kaidah basa
Miturut panemuku panganggone struktur utawa kaidah basa kang digunakake………………………………………………………..amarga…………………………………………………………………………………
5. sesambungangane surasane lan ancas/tujuane tanggap wacana
Miturut panemuku sesambungangane surasane lan ancas/tujuane tanggap wacana kang digunakake ………………………………………………………..amarga………………………………………………………………………………………….
6. sesambungan antarane paragraph siji lan sijine
Miturut panemuku sesambungan antarane paragraph siji lan sijine kang digunakake………………………………………………………..amarga…………………………………………………………………………………






Tugas













Evaluasi Wulangan

I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, d utawa e ing sangarepe wangsulan sing bener!
Kasunanan Surakarta Hadiningrat ngleluri Mahesa Lawung. Atusan abdi dalem, prajurit lan sentana dalem saka Karaton Kasunanan Surakarta Hainingrat, diina senen (5/5), kanthi alon-alon mecaki dalan lemah saka rattan gedhe tumuju ing Pundhen Alas Krendhawahana. Kurang luwih 200 abdi dalem, prajurit lan sentana dalem iki ana saperangan kang nggawa ubarampe sesaji. Dina iku karaton Kasunanan Surakarta sedya nindakake laku ritual sesaji Mahesa Lawung.
Saben taun ritual iku pancen dilakoni kanthi pangajab kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi murih Karaton Surakarta lan Negara iki tansah kalis saka maneka rubeda. Sesaji Mahesa Lawung ing Pundhen Alas Krendhawahana mujudakake laku ritual sesaji kanggo Bathari Kalayuwati utawa Bathari Durga kang dianggep dadi salah sijine pangayom tumrap Karaton Surakarta.
1. papan dununge ritual Mahesa Lawung yaiku ing …
a. Pundhen Alas Krendhawahana
b. Alas Krendhawahana
c. Karaton Kasunanan
d. Surakarta
e. Mangkunegara
Wangsulan : a
2. Krendhawahana mujudake laku ritual sesaji kanggo ….
a. Bathara Yuda
b. sentana dalem
c. Sri Sultan
d. Bathari Kalayuwati
e. abdi dalem
Wangsulan : d
3. wos surasane pawarta ing dhuwur yaiku ….
a. karesikan
b. agama
c. tradhisi
d. pawiyatan
e. criminal
Wangsulan : c
4. sawijing cara kanggo golek informasi utawa data kanthi proses dialog antarane sawijining wong kang golek informasi lan wong kang menehi informasi, yaiku ….
a. dhiskusi
b. tanggap wacana
c. pawarta
d. wawancara
e. pacelathon
Wangsulan : d
5. wong kang ahli utawa pana, nduweni spesialis ing babagan tartamtu, utawa wong kang dianggep pana babagan prakara tartamtu ana ing sajroning wawancara diarani ….
a. juru warta
b. wartawan
c. spesialis
d. narasumber
e. narapati
Wangsulan : d
6. saliyane kanggo metode jurnalistik arupa nglumpukake pawarta, wawancara uga bisa kanggo ….
a. panaliten lan ilmu pengetahuan
b. cengkorongan tanggap wacana
c. nulis pacelathon
d. narasumber
e. nulis laying
Wangsulan : a
7. wawancara kang ditindakake wartawan saka sawijining media kanthi mligi utawa khusus kang jumbuh karo prakara tartamtu ing papan kang wis dirembung bebarengan antarane wartawan lan narasumber diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : e
8. wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interview kang mapane pisah,kang antarane siji lansijine ana gegandhengan karo pawarta kang bakale ditulis diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : c
9. wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lanpanemu interview diarani ….
a. wawancara pawarta
b. wawancara pribadi
c. wawancara keliling
d. wawancara jalanan
e. wawancara eksklusif
Wangsulan : b
10. Sesorah utawa pidato bisa digunakake ing sadhengah kahanan. Tegese Sesorah yaiku….
a. Micara utawa nglairaken panemu sarana lesan ing sangarepe wong akeh.
b. Nglairake panemu sarana tulisan.
c. Nglairake panemu.
d. Nglairake panemu awujud tembung.
e. Nglairake panemu kanggo awake dhewe.
Wangsulan : a
11. Sing ora kagolong anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake…
a. Basa sing kudu digunakake kudu laras/ cocog karo sing diadhepi.
b. Busanane kudu sing apik lan sopan.
c. Polatane mbesengut.
d. Wiramaning swara sing kepenak.
e. Solah bawane kudu manteb lan teteg.
Wangsulan : a
12. Supaya bisa narik kawigaten, mula ing ngisor iki sing orak kagolong tangeran pawarta kang apik yaiku….
a. Anyar
b. Wigati/Menarik.
c. Objektif.
d. Publisitas.
e. Wartane wis kuna.
Wangsulan : e
13. Nalika maca pawarta sing kudu digatekake yaiku….
a. Intonasi kudu pas, pocapan kudu bener, bantere swara kudu pas, anggone maca pawarta pandelenge tumuju ing ngarep.
b. Intonasi kudu pas, bantere swara ora wigati, pocapan kudu pas.
c. Intonasi ora wigati, pocapan kudu bener, bantere swara kudu pas, pandelenge mandhep ngarep.
d. Intonasine kudu pas, pocapan ora wigati, bantere swara kudu pas, pandelenge mandhep ngarep.
e. Intonasi ora wigati, pocapan ora wigati, swara ora kudu banter, pandelenge nghingkluk.
Wangsulan : a
14. Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa geplak, kacamatan karas, magetan, jawa timur rikala dina rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mangerti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan TV, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan lapangan Udara Halima Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju menyang dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir Ing lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi Kacilakaan. Pawarta ing dhuwur ngemot babagan….
a. Kacilakaan motor mabur ing Surabaya.
b. Kacilakaan montor mabur ing Pacitan.
c. Kacilakaan montor mabur ing Magetan.
d. Kacilakaan montor mabur ing Biak.
e. Kacilakaan montor mabur ing Jakarta.
Wangsulan : c
15. Tanggapan kang pas ngengingi pawarta ing dhuwur yaiku….
a. Suku cadang sing digunakake kanggo ngganti, ora perlu sing asli.
b. Mesin sing digunakake wis lawas, sing penting bisa mabur.
c. Montor mabur sing ana ing Indonesia kudune diganti sing anyar saengga mesine anyar lan suku cadang sing digunakake kudu asli. Supaya bisa dijamin slamet.
d. Montor mabur sing digunakake iku umurre wis tuwa, sing penting bisa mabur.
e. Montor mabur ing Indonesia bisa mabur sanajan suku cadang lan mesine ora asli.
Wangsulan : c
16. Sing perlu digatekake nalika wawancara yaiku…
a. Nemtokake undheran/ topik wawancara, nemtokake ancas, nyiapke pitakon-pitakon, nemtokake nara sumber, lan gawe janji karo narasumber.
b. Nemtokake undheran/topik wawancara, nemtokake ancas, nemtokake nara sumber.
c. Nemtokake narasumber, gawe janji karo narasumber.
d. Nemtokake ancas, gawe pitakon-pitakon.
e. Gawe janji, pitakon-pitakon ora wigati, ora ana ancas, nemtokake undheran/topik wawancara.
Wangsulan : a
17. Tulisan Wawancara Swaji kaleh Embah.!!
Swaji :”Embah, Menapa keparengan kula yuwun priksa.”
Embah: “Arep takon apa? Antuk garapan ngomah apa kepriye?”
Swaji :”wewangunaipun kadosta: griya tumpuk, ruko, batako, perumnas, lan sanes-sanesipun. Sanadyan mekaten, sarehne bebrayan jawi menika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, Pramila kula sakanca kedah mengertosi. Lah bab ingkang dipundadosaken garapan griya denging Pagu Guru.”
Embah:”O….ngono to. Mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku maneka warna. Apa kira-kira kowe durung mudheng bab jinise omah jawa iku?”
Swaji: “Sajatosipun sampun mangertos, Mbah. Nanging dereng jangkep.”
Embah: “Coba omahe Pak Tapa kae, jinise apa?”
Swaji: ” Dalemipun Pak Tapa menika limasan, Mbah. Awit wanguning griya wonten empyakipun sekawan ingkang kalih ageng seorang dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Isine wawancara ing dhuwur yaiku…
a. Babagan omah Jawa.
b. Babagan wong Jawa.
c. Babagan tanah Jawa.
d. Babagan wisata Jawa.
e. Babagan buku Jawa.
Wangsulan : a
18. Narasumber ing wawacara dhuwur yaiku…
a. Swaji lan Embah.
b. Swaji.
c. Embah.
d. Sing nglakoni wawacara.
e. Embah karo Swaji.
Wangsulan : c
19. Sing diarani wawancara yaiku…..
a. Golek Informasi saka Majalah.
b. Golek Informasi saka Radio.
c. Golek Informasi saka Internet.
d. Golek Informasi saka Buku.
e. Golek Informasi saka wong sing diarani nara sumber.
Wangsulan : e
20. cengkorongan panulise tanggap wacana yaiku, kajaba ….
a. sesirah (judul)
b. tema
c. subtema
d. basa
e. paragraph
Wangsulan : e

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!
1. Kepriye cengkorongan pidhato?
Wangsulan : sesirah (judul), tema, subtema, surasane wedharan, basa,
2. Apa kang diarani wawancara?
Wangsulan : sawijing cara kanggo golek informasi utawa data kanthi proses dialog antarane sawijining wong kang golek informasi lan wong kang menehi informasi
3. Jlentrehna kang diarani narasumber!
Wangsulan : wong kang ahli utawa pana, nduweni spesialis ing babagan tartamtu, utawa wong kang dianggep pana babagan prakara tartamtu ana ing sajroning wawancara
4. Gawea pawarta kang lumantar radio! Surasane bebas!
Wangsulan : Kawicaksanan guru
5. Apa kang diarani tanggap wacana?
Wangsulan : medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehakake sabda utawa surasa utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya kang surasane mahargya karawuhan para tamu



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa SMA Kelas XI-TERLENGKAP"

Back To Top