WULANGAN 1 SESRAWUNGAN
Wulangan baku : Ngrungokake lan mangerteni wacan lisan non sastra awujud sambutan/tanggap wacana, wawancara, utawi musyawarah
Kesagedan baku : Nrungoake atur tanggapp wacana
Tengara kesagedan :
Mangetreni apa kang diaturake ana ing tanggap wacana
Mangerteni kosa kata bahasa jawa
1. Ngrungoake
A. Nyemak sambutan (tanggap wacana)
Rungokno sambutan kang diwacake dening bapak/ ibu guru utawi kancamu! Gatekna isine banjur wangsulana pitakone
Kula nuwun,
Katur dumateng panjenenganipun Bapa Kresnadipayana, ingkang kapiji minangka sulih sarira saking Bapa Ismaya sakaliyan ingkang kinurmatan.
Kula ingkang dados dhuta saraya saking panjenenganipun Bapa Permadi, ingkang pidalem wonten Madukara, Amartapura.
Dene wigatosipun pisowan kula dados dhuta sarayanipun Bapa Permadi sakaliyan, ingkang sepindhah kinon ngaturaken salam taklimipun Bapa Permadi sakaliyan. Kaping kalihipun, kadhawuhan nyowanaken sekar cepaka mulya sasele, anenggih calon panganten kakung pun bagus Bambang Priyambada, putra kakungipun Bapa Permadi. Ingkang badhe dhaup saha panggih kaliyan Dyah Ayu Palupi putra putrinipun Bapa, Ismaya.
Ingkang salajengipun badhe kawisuda anus luhuring budaya tats cars adat Jawi. Ing titi wand punika calon panganten kakung kula aturaken ing ngarsa panjenengan. Salajengipun kula sumanggaken, dene kula dalasan sapangombyong saking Madukara, jumurung ing karsa sinartan puja puji sesanti Jaya Jaya Wijayanti mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring berkah dumateng putra panganten sakaliyan punapa dene sadaya kulawarga sumrambah sadayanipun.
Wusananing atur, kiranging subasita, atur pisowan kula pun Abimanyu, mugi panjenengan paring pangaksami.
B. Tuladha pacelathon wawan sembug kanti swasana kang ora ngekeng
Rungakna wawancara esha, wartawan the Surakarta post kaliyan bp jaya suganda, produsen pupuk bokashi
Esha : Sugeng sonten pak jaya, dipun tepangaken kulo esha wartawan saking the Surakarta post badhe nyuwun wekdal ndherek pisa pak jaya
Pak Jaya : Njaluk pirsa apa nak wartawan
Esha Kadospundi cars-caranipun bapak damel pupuk Bokashi? Narnung. saderengipun Pak Jaya njlentrehaken caranipun damel Bokashi, kula nyuwun pirsa langkung rumiyin bahan-bahan punapa ingkang kedah dipuncawisaken kangge damel pupuk Bokashi?"
Pak Jaya : Kanggo gawe Bokashi kanthi ukuran 1 ton mbutuhake bahan-bahan ing antarane yaiku:
1. Rabuk kandhang 700 kg
2. Katul 100 kg
3. Areng brambut 200 kg
4. EM4 :1 liter
5. Tetes/mol6se 1 liter
6. Banyu 200 liter
Esha : Lajeng caranipun damel areng brambut punika kadospundi pak?
Pak Jaya : Carane gawe areng brambut mangkene:
1. Gawe kedhukan ing lemah kanthi ukuran 25 cm x 100 cm x15 cm (kanggo 1 tobong)
2. Nyiapake umplung tilas biskuit utawa wadhah lenga ukuran 25 cm x 25 cm x 25 cm kang wis dibolongi Ian diwenehi cerobong saka seng ukuran 60 cm Ian diameter 10 cm.
3. Sumpelana kertas utawa bahan liyane kang gampang kobong disumet nganti metu genine.
4. cerobong kang metu genine banjur diurugi brambut (kira-k a 10 kresek saben tobong)
5. Brambut ball-d; kobong sithik mbaka sithik, Ian sawise 2 nganu 3 jam kabeh bakal- dadi maws, sateruse disiram banyu, saengga dadi areng.
Esha : Wah kula mbayangke wujud tobong punika kadospundi?
Pak Jaya : Gilo aka nggambarke skemane nak wartawan bisa nonton " (Pak Jaya nuduhake skema marang Esha)
Esha : Maturnuwun pak, kula dipunparingi gambar."
Lajeng nyuwun pirsa kula ingkang pungkasan, kadospundi caranipun clamell Bokashi?"
Pak Jaya Rabuk kanclhng luwih dhisik diayak, banjur dicampur bahan-bahan organik liyane kayadene areng brambut Ian katul kanthi warata. EM4 dicampur klawan tetes Ian banyu kanthi wrata uga. Bahan iki sabanjure disiramke (nganggo gembor) ing campuran bahan-bahan organik kasebut ing ndhuwur. Aja ketelesen Ian uga aja kegaringen (kelembaban 50 % bae). Sawise kuwi diselehke ing pangg-Anan kang eyub kanthi kandel 15-20 cm, Ian ditutup karung goni. Utawa bisa uga langsung diwadhahi karung goni kang ing tengahe dibolongi nganggo pring amrih ana oksigen mlebu. Dijaga suhune ajeg 40-50 derajat•celcius, Sawise 3-4 dina wis mbentuk Bokashi Ian bisa digunakake kanggo ngrabuk.
Esha Pak Jaya kula maturnuwun sanget awit paringipun pangertosan
Pak Jaya Padha-padha nak wartawan.
C. Gladhen
1. Sapa sing nindakake wawancara?
Wangsulan
2. Apa intine wawancara kuwi mau??
Wangsulan
3. Kalebu jinising pupuk apa bokashi iku
Wangsulan
4. Critakna carane gawe areng brambut
Wangsulan
5. Critakna bahan kang kanggo gawe bokashi?
Wangsulan
II MICARA
A. TULADHA PACELATHON
Bu Broto : Kok sajak gayeng tenan padha nyritakake apa? Apa wis rampungan kabeh gaweyan omah?
Bu marta : Sampun Budhe. Niki nengga tukang sayur sinambi ngerumpi kaliyan Dik Astri
Bu Broto : Mbok aja sok padha ngerumpi. Ngerumpi iku ora becik. Bisa ngrusak paseduluran Iho
Bu astri : Kok boten sae kados pundi Budhe? Lha wong ingkang dipuncariyosaken inggih namung keluarga kola kaliyan Mbakyu Marta piyambak
Bu Broto : Ngerumpi iku tegese nyatur, nyacad, maido Ian sapanunggalane sing gegandhengan karo babagan sing kurang becik tumraping liyan. Wiwit saka nyatur anak-anake, rumah tanggane Ian sapanunggale. Sabanjure, embuh saps sing miwiti, topik caturan mau banjur geseh saka sakawit. Apa maneh menawa wong-wong mau duweni persepsi utawa pikiran sing radha padha, wis banjur nyatur wong liya
Bu astri : Nanging ngerumpi nggih perlu ta? Nalika pikiran nembe putek, ati nembe judheg, kanthi ngerumpi kaajab sedanten masalah kalawau saged dipunlirwakaken, sanadyan namung sawetawis wekdal.
Bu Broto : Bener, nanging kudu dieling-eling, nalika ngerumpi kudu ngerti paugeran, ngerti wayah. Ora banjur nggladrah ora karu-karuwan. Saengga pakaryan sing utama dadi kalirwakake.
Bu marta : Budhe kalawau ngendika bilih ngerumpi saged ngrisak pasedherekan tegesipun kados pundi Budhe?
Bu Broto : Lumrahe wong ngerumpi kae, sing dicatur, dicacad, diomongake ora liya ya kanca¬kancane dhewe, sedulure dhewe, tangga teparone dhewe utawa sanak kadang liyane. Kamangka sing dicatur babagan sing satemene mung prekara prasaja, prekara sepele. Wis mesthi wae, crane ngerumpi, bab-bab sepele mau banjur dibumboni, ditambah-tambahi uga dikurangi. Menawa sing nyatur mau wasis golek ukara, wis mesthi bab-bab mau bisa ndadekake perkara.
Bu astri : Perkawis ingkang kados pundi, Budhe?
Bu Broto : Ya dadi perkara, cobs yen sing dicatur, krungu utawa ngerti, wis mesthi rumangsa serik. Amarga kagawa saka ati sing pangs, kemropok banjur nuwuhake dredah. Sing nyatur banjur dilabrak, dilarak diajak padu yen perlu nganggo gelut barang. Yen wis kaya mengkono tali silaturahim banjur pedhot. Paseduluran dadi rusak.
Bu marta : Ceres punika, Budhe. Tiyang gesang sesarengan mekaten kedah njagi Ian mbudidaya supados sesambunganipun tansah tetep raket.
Bu Broto : Iya nanging ya ora perlu raket-raket, sebab yen keraketen ya ora becik. Wong urip bebrayan iku kudu nduweni watak gelem srawung Ian rukun supaya tetep rukun. Para sesepuh dhek biyen Hate nilar tunfunan patang perkara yaiku tepa slira, mulat sarira hangrasa wani, handarbeni, Ian melu hangrungkepi.
Bu astri : Sekawan perkawis punika pikajengipun kados pundi Budhe?
Bu Broto : Tepa slira tegese tepakna awake dhewe, umpamane yen sing dicatur iku awake dhewe kepiye rasane. Yen ora gelem dicatur ya aja nyatur liyan.
Bu marta : Lajeng mulat sarira ha ... punapa kalawau Budhe?
Bu Broto : Mulct sarira hangrasa wani utawa mawas dhiri, iku tegese kudu nggrayang cacade dhewe, apa kekurangane, yen wis bisa ngrumangsani awake dhewe ya ora sempurna, ora perlu ngeker-eker cacade liyan.
Bu astri : ingkang naminipun tiyang punika rak nggih boten leres terus. Kalamangsanipun inggih wonten klentunipun, punika sampun limrah
Bu Broto : Melu handarbeni iku ya melu ngreksa, melu duweni, nanging ora kok terus kabeh barang-barang milik bersama kuwi ora. Tuladhane bab dalan Ian kalenan, awake dhewe kudu rumangsa melu ngreksa resike papan iku mau. Piye carane supaya kalenan ora mampet, menawa kalenan mampet marai banjir, ya aja mbuwang uwuh ana kalenan kuwi mau. Ya sok-sok diresiki barang-bareng. Wis kok malah ngladrah tekan ngendi-endi.
Bu marta : Lha punika kalawau klebet ngerumpi boten Budhe?
Bu Broto : Hus! Pokoke sing baku ngerumpi bisa ndadekake paseduluran dadi bubrah, silaturahim dadi pedhot, luwih becik ora sudah ngerumpi. Ngerumpi becike disingkiri. Ya apa ora?
Bu marta lan bu astri : Nggih Budhe
B. GLADHEN
1. Surasane wacana paguneman mau underane perkara apa?
Wangsulan
2. Apa tegese ngrumpi iku??
Wangsulan
3. Apa kang dikarepake unen-unen mulat sarita hangrasa wani?
Wangsulan
4. Ngerumpi iku becik opo olo?? Jlentrehno wangsulane
Wangsulan
5. Apa maknane sifat melu handarbeni?
Wangsulan
Kembali ke Daftar isi Soal, Kunci, Materi Basa Jawa SD, SMP, SMA/SMK
III. KAWRUH BASA
A. UNGGAH-UNGGUH BASA
1. Ngoko
Basa ngoko iku tembunge ngoko kabeh, dene tembung aku, kowe lan ater-ater –e: dak-, ko-, di-, apadene nembang –ku, -mu, -e, -ake, ora owah, panggah wae, dene gunane minangka guneman marang :
a. Wong tuwo marang anak, pepadhane
b. Guneman karo awake dewe
Tuladhane
a. Butarti duwe anak loro
b. Apa kwe arep lungo?
c. Mas agus lungo karo mbak tarti
2. Madya
Basa krama lugu iku tembunge nggunaake tembung krama, dene gunane
a. Statuse luwih ngisor
b. Asipat umum
c. Unggah unguh marang wong utowo golongan tertamu
Tuladhane
1. Dik rini gadhah adhi kalih
2. Griyo kulo ngajeng toko buku
3. Mas warna mlampah-mlampah langkung ngajeng griyo kulo
3. Dene basa krama digunakake:
1. Kanggo guneman karo wong kang statuse kurang,luwih padha, padha urmat-ingurmatan, amarga ora utawa durung pati kulina.
2. Kanggo guneman karo wong kang statuse dhuwur. Yen kaote akeh, nyebut awake dhewe nganggo "dalem", yen ora akeh kaote, lumrahe ya nganggo "kula".
3. Kanggo ngrasani wong liya, kanthi katrangan manawa sing ngrasani nganggo basa krama alus Ian perlu nggatekake ancer-ancer caranenggunakake tembung krama inggil.
4. Kanggo sesorah kang swasanane perlu unggah-ungguh jangkep.
5. Kanggo ngripta basa tulis kang perlu migunakake unggah-ungguh basa jangkep.
Tuladha:
1. Mbak Tini kagungan rayi kalih.
2. Rikma panjenengan gandanipun kok wangi, ngagem sampo menapa?
3. Mas Warna tindak-tindak pinarak in(; dalemipun Mbak Warni.
Ing ngisor iki kapacak katrangan kang ana sambungane karo unggah-ungguh basa Ian cak-cakane kanggo sangu nindakake jejibahan.
Ngoko Madya Krama
adhi adhi rayi
ayo mangga suwawi
akon aken dhawuh/ngaturi
abdi/ngabdi/suwita
kersanipun
batQr/mbatur rencang/ngrencang
kajengipun
ben/bene/kareben
abot awrat wawrat
cangkem lisan tutuk
cekel cepeng asta
'nyekel nyepeng ngasta
deleh suka paring
ndelehake nyukakaken maringaken
deleng tingal priksa
lendhas sirah mustaka
enggo. engge
bekta agem
ampil
gawa
kuru kera susut
lara sakit
sinjang gerah
nyamping
jarit
jungkat serat pethat
kena pikantuk kepareng
keris dhuwunq wangkingan
kowe sampeyan panjenengan
dhangan
waras = saras saras
,warisan tilaran pusaka
wedang benteran unjukan
B. GLADHEN
Basa ngoko ing ngisor iki salinana nganggo basa krama
1. Aiki wayahe musim udan, mula akeh panggonan sing podho banjir
2. Ali-ali sing dienggo mbak yani kwi anyar
3. Saben dino minggu okeh nom-noman sing podho plesiran
4. Supaya munggah kelas mulo siswa kudu sregep sinau
5. Mid semester bakal dienekke minggu ngarep
Wenehana tandha ping ing aksara a, b, c, d utawa e tumrap wangsulan kang koanggap bener
1. Sawijining Cara kanggo golek informasi utawa data kanthi proses dialog antarane sawijining wong kang golek informasi Ian wong kang menehi informasi yaiku
a. diskusi d. pacelathon.
b. tanggap wacana e. pawarta
c. wawancara
2. Wawancara kang kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadhi Ian panemu interviewee. Pawarta kang diasilake awujud profit interviewee, ing antarane identitas dhiri, lelakon uripe, Ian panemu-panemune diarani ....
a. wawancara berita d. wawancara keliling
b. wawancara eksklusif e. wawancara sambil lalu
c. wawancara pribadi
3. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus mung kepeneran wae. Ora ana perjanjian luwih dhisik karo interviwe diarani ....

4. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep ball diarani ...

5. Esha iku wartawan saka kalawarti ....
a. The Solo Post d. The Surakarta Post
b. Deje Post e. The Jayakarta Post
c. The Warta Post
6. Wartawan Esha njaluk piterang marang Pak Jaya babagan ....
a. Carane tuku Bokashi d. Carane import Bokashi
b. Carane nyimpen Bokashi e. Carane gawe Bokashi
c. Carane adol Bokashi
7. Ing ngisor iki kalebu warna-warna wawanrembug utawa wawancara kajaba ..

b. wawancara eksklusif e. wawancara sambil berlalu
c. wawancara pribadi
8. Kanggo bahan gawe Bokashi yen bahan katul 100 kg mula rabuke kandhang kang dibutuhake ....
a. 70 kg d. 70 kuintal
b. 700 kg e. 700 kuintal
c. 7000 kg
9. Supaya hasile Bokashi sampurna, mula panggonan kanggo nyimpen suhune kurang luwih
a. 30-35 derajat d. 40-50 derajat
b. 35-37 derajat e. 50-55 derajat
c. 37-40 derajat
10. Kandele tumpukan campuran Bokashi saben satumpuk udakara ....
a. 10-15 cm d. 25-30 cm
b. 15-20 cm e. 30-35 cm
c. 20-25 cm
11. Brambut ing salah sawijining bahan kanggo gawe Bokashi, kang, diarani brambut yaiku ....
a. kulit gabah d. godhong pari
b. isi gabah e. oyot pari
c. wit pari
12. Titikane basa krama lugu kaya ing ngisor iki, yaiku ....
a. tetembungane ngoko kabeh.
b. kabeh tetembungane migunakake tembung krama
c. nggunakake tembung krama inggil Ian krama
d. tetembungane krama inggil kabeh
e. tembunge ngoko diselingi
13. Tembung krama inggil Titikane basa krama alus yaiku ....
a. tetembungane ngoko kabeh,
b. kabeh tetembungane migunake tembung krama
c. nggunake tembung krama inggil lan krama
d. tetembunge krama inggil kabeh
e. tembunge ngoko diselingi tembung krama inggil
14. Manawa paguneman karo wong kang statuse padha, Hanging kanthi rasa ngurmati diarani basa....
a. Ngoko lugu
b. Krama andhap
c. Ngoko alus
d. Krama lugu
e. Krama alus
15. Manawa ngudarasa karo awake dhewe akeh-akehe migunakake basa ....
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
16. Murid kelas XI arep nganakake sesorah ana ngarepe bapak ibu guru mul basa kang
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
17. Nalika taksih anem badan sampeyan menilka lama Ukara ing dhuwur kalebu basa ...
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
18. tamune gek diwenehi wedhang. Basa kang digunakakeing ukara nduwur
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
19. nalika bapak rawuh mau ngendika apa?. Basa kang digunake ing ukara dhuwur yaiku
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
20. Saiki panjenengan kagungan putra pira? Ukara ing dhuwur kalebu basa kang diarani ....
a. ngoko lugu d. krama lugu
b. krama andhap e. krama alus
c. ngoko alus
wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
1. apa kang kudu disiapke nalika arep nindakane wawancara
wangsulan
2. kepriye carane nindakake wawancara kang becik
wangsulan
3. apa kang diarani wawancara
Wangsulan
4. Jlentrehna apa kang dikarepake unggah ungguh
Wangsulan
5. Basa krama madya digunakake marang sapa ae
wangsulan
WULANGAN 2
TRADISI
Wulangan Baku : Maca Lan Mangerteni
Kesagedan baku : Maca lan mangerteni sadhengah teks non sastra kanti teknik maca cepet lan intensif kanggo menehi kesimpulan lan katrangan
Tengara kesagedan
- Siswa bisa nyimpulake surasanane teks wacan
- Siswa bisa mangsuli pitakon adhedasarwacan
I. Maca teks wacan
A. Wacanen wacan ing ngisorr iki, setitena surusane wacan, supaya bisa paham lan bisa mangsuli pitakon ing ngisore
Ratu Kidul, Nyai Rara Ki¬dul, Kangjeng Ratu Ki¬dul, Nyi Lara Kidul Ian sesebutan liyane kang ndumuk marang "jatidhirine" pa¬nguwasa samodra kidul kapetung isih kaprah ing madyaning bebra¬yan agung Jawa jaman saiki.
Malah saben ngancik taun Jawa anyar, mligine ing malem tanggal I Sura, akeh wong sing padha ne¬nepi ing tlatah gisiking samodra ki¬dul sing pinitaya ana gandheng ce¬nenge kalawan Ratu Kidul. Sape¬rangan bebrayan agung Jawa, mi¬turut Christiana Dwi Wardana, sa¬ka Jurusan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Sastra ]an Seni Rupa(FSSR) UNS Solo, nganggep menawa Ra- tu,Kidul kuwi mitos kang nyata.
"Minangka mitos, ana Ian orane minangka subjek material dianggep ora penting utawa ora prelu ditako¬kake Ian didadekake perkara. Ana uga warga bebrayan agung, mligine ing Jawa, kang percaya Ian yakinme¬nawa Ratu Kidul kuwi pancen ana tenan, ana wuj ude, arepa ing jagad titah alus, titah tan kasat mata. Lan akeh uga kang nganggep menawa Ratu Kidul kuwi mungwates pangan¬gen-angen, takahyul, gugon tuhon, ora jumbuh nalar, cengkah kalawan wulangan agama Ian sapiturute," pra¬telane Christiana nalika maragani mo¬derator ing sawijining wicarana ngrem¬bug mitos Ratu Kidul ing Balai Soed¬jatmoko, Solo, Kemis (17/12).
Mitos dhewe miturutMalinowski (Magic, Science & Religion and Other Essays, Souvenir Press Ltd, 1984) gunane minangka charter, ya¬kuwi dhasar legitimasi penguwasa, utawa nuntun tingkah laku warga sawijining bebrayan agung ing urip padinan. Cakepan mangkene iki uga lumaku ing kapitayan tradhisional apadene agama monotheis.
Guru besar antropologi saka Uni¬versitas Gadj ah Mada (UGM) Yog¬yakarta, Suhardi, ing kalodhangan Ian papan kang padha, nelakake, mi¬tos Ratu Kidul tuwuh wiwit jaman hadege Krajan Majapahit ing Jawa Timur. Dununge kapitayan marang Rata Kidul kuwi ing wangunan alam adimanusiawi. Bisa dipadhakake kalawan kapitayan marang dha¬nyang, yakuwi titah alus sing mang¬gon utawa nguwasani sawijining papan. Ing wacan mangkene iki, Kangjeng Ratu Kidul pinitaya mi¬nangka panguwasa samodra kidul.
"Mitos Ratu Kidul prayogane ora mung didunungake minangka ka¬pitayan takhayul, nanging prelu di¬werdeni kandhutan kearifan utawa kawicaksanan lokal sing ana ing su¬walike crita mitos iki. Anane Kra-ton Samodra Kidul mujudake salah siji papan ing racikan poros imaji¬ner. Poros imajiner iki ngandhut werden kosmogoni, jumbuhe Kosmis kang anjog ing kasuburan, ~pra¬telane Suhardi.
Miturut budayawan MT Arifin, Ratu Kidul ora gampang menawa didhudhah ing wewengkon ilmu mo¬dheren utawa pengetahuan. Mitos utawa crita bab Ratu Kidul pancen populer ing madyaning bebrayan agung Jawa, nanging katrangan sing bisa didhudhah gayutane kalawan Ratu Kidul, kapetung sithik banget
Sosiokultur
Akeh wong kang ndunungake Ra¬tu Kidul minangka perangane sis¬tem nilai sajroning sosiokultur sing dhuwur dhewe. Kawusanane, Ra¬tu Kidul banj ur dianggep dudu mi¬nangka kanyatan kabudayan kang bisa didhudhah, diwerdeni, disin¬au, dening bebrayan agung. Ratu Kidul kaya-kaya dadi sawijining bab kang sakral, ora kagayuh de¬ning krodhane ilmu. Tembunge, ing¬kang kawenangan mahas namung jamna utawi kadya Panjenengan Panembahan Senapati ingkangngu¬waosi alam kalih, alus tuwin wa¬dhag, sanepanipun loro-loroning atunggal.
Ratu Kidul kuwi paraga mite ka¬budayan Jawa, kang pinitaya ora mung wares panguwasa alam alus, nanging uga dianggep duwe perba¬wa Ian panguwasa marang uripe manungsa. Akeh wong ora wani ngrembug Ratu Kidul, arepa ing madyaning, bebrayan agung Jawa akeh upacara ritual kanggo ngur¬mati Ratu Kidul. Miturut MT Ari¬fin, Ratu Kidul kuwi dudu jeneng, nanging sesebutan tumrap pratan¬dha "sawijining wong" (alus) kang sandhangane memper ratu, wusa¬na dadi identitas jeneng. Nanging werdine ora bisa didhudhah kanthi wantah utawa harfiah.
"Dene babagan pitakonan jan-ja¬ne Ratu Kidul kuwi ana tenan utawa ora? Ana wujud material-e utawa ora? Kuwi gumantung pengalaman kang bisa didhudhah ing tetembung¬an referensial Ian ora ngamot dis¬torsi angger bisa dikandhakake kan¬thi logic, sintaksis Ian empiric. Da-di gumantung card utawa metode¬ne," MT Arifin nandhesake.
B. Adhedasar wacan ing dhuwur, wangsulana npitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae jenenge liyane ratu kidul:
2. Apa kang ditindakake wong saben tanggal 1 suro?
3. Yogene anal an orane mitos ratu kidul keanggep subjek material
4. Apa kang diarani mitos menurut molinowski ??jabarna
5. Wiwit kapan mitos ratu kidul iku tawuh
C. Gawea ringkesan wacan ing dhuwur nganggo basamu dhewe Banjul aturana gurumu saperlu diperiksa
II. TRADISI
Wulangan Baku : Seminar
Kesagedan baku : Seminar bab modernisasi
Tengara kesagedan
- Menehi argumentasi kang cocok karo topic sing dibahas
- Gawe kesimpulan apa kang dibahas ana ing seminar
A. Katrangan
DOLANAN JAWA KADESAK MODERNISASI
Globalisasi sing ndhesek nilai-nilai tradhisional tumuju nilai modern, ora mung dirasakake ana ing perangan bebrayan sing dianggep baku dening wong tuwa kaya ing bab teknologi apa dene ekonomi, nanging ana donyaning bocah globalisasi uga nyebabake dolanan tradhisional kadhesek tumuju dolanan modern.
Dolanane bocah-bocah Jawa sing maune tradhisional kanthi sarana sing prasaja, saiki digantekake karo dolanan sing luwih modern uga kanthi sarana sing luwih canggih.
Kays kang dingendikakake Kepala Sekolah SD Pamardisiwi, Magangan, Baluwarti Solo, Suwita, menawa dolanan bocah-bocah Jawa saiki wis dipinggirake karo dolanan sing luwih modern. "Kahanan iki amarga wolak-waliking jaman ndadekake dolanan bocah-bocah Jawa wis ora didolanake maneh."
Saliyane iku bocah saiki uga kangelan golek papan sing jembar kanggo dolanan. Amarga saiki omah-omahe warga padha dhempet-dhempetan, ora nyisakake papan sing longgar. "Jaman aku isih cilik biyen isih akeh omah sing nduweni latar jembar. Saengga bocah-bocah gampang nggelar dolanan bebarengan. Wektu padhang bulan, wong tuwa padha nglumpuk jagongan Ian bocah-bocahe padha dolanan ing sangisore cahyaning bulan." Pangandikane.
vDolanan bocah-bocah Jawa miturut panganclikane, ngemot ajaran-ajaran luhur sing bisa dianggo patuladhan bocah-bocah ing bebrayan mengkone yaiku babagan gotong-royong, karukunan, kajujuran, tepa slira, kataliten, Ian sapanunggalane.
Sejatine, dolanan bocah-bocah mau apik dianggo ngrabuk jiwa sing luhur mungguhing bocah. Dolanane bocah-bocah Jawa sajatine bisa ndadekake sipat Ian watake bocah mlaku jumbuh karo umure. Dadi ora kaya jaman saiki, nadyan bleger Ian umure isih bocah nanging kadangkala polah tingkahe kaya wong sing wis diwasa.
Narik Kawigaten
Mula saka kuwi Para wong tuwa kudu bisa ngenalake maneh babagan dolanan bocah mau marang putra-putrane. Bab kuwi supaya dolanan bocah-bocah mau bisa bali dianggo dolanan bocah Jawa. Kanggo mujudake pancen kudu digoleki Cara sing bisa narik kawigatene bocah. Nanging upaya kuwi ora kanthi meksa bocah kudu ndolanake maneh, Wing ngenalake bocah marang dolanan sing ana panggonane dhewe. Banjur yen wis ngono, bocah-bocah tembe mburine bisa ngenalake dolanan kuwi Hang anak putune.
Ing sekolahan iki pars murid isih dikenalake dolanan bocah kaya gobag sodor, liwat mata pelajaran olahraga. Saliyane kuwi, dakkira bocah-bocah sing sekolah ana kene isih ngerti Ian nganggo dolanan lumrahe bocah Jawa. Dolanan kaya lumpatan, engklek, gobag sodor uga dhelikan isih kerep dianggo dolanan. Dene Wakil Kepala Sekolah SD Danukusuman II, Kecamatan Serengan, Solo, Syaebani S.Ag, ngendikake manawa dolanane bocah Jawa sing apik kanggo tuwuhing bocah Ian ndhidhik tingkah laku sing apik iku prelu dilestarekake.
"Dolanan bocah-bocah Jawa saiki wis ora akeh didolanake maneh amarga pagan sing dienggo dolanan wis ora ana kaya jaman biyen," pangandikane.
Dolanan bocah-bocah Jawa iku ndadekake bocah dadi duwe kejujuran Ian tanggung jawab sing dhuwur. Saliyane iku bisa mupuk jiwa seneng gotong royong kayo kanca-kancane." Ana sekolahan iki gobag sodor dilebokake sajroning mata pelajaran olahraga. Sanajan wis kurang cacahe Hanging saiki isih ana bocah sing dolanan kaya bocah biyen. Pancen kanggo nguri-uri anane dolanan sing kaya mengkono iku guru Ian wall murid amung bisa nyengkuyung. Kabeh gumantung ana bocahe isih gelem dolanan sing kaya mengkono apa ora."
Sakliyane ngupaya kanggo nglestarekake dolanan bocah-bocah kuwi, wong tuwa uga kudu pinter¬pinter milih dolanan modem sing ana paedahe Ian ndhidhik bocah dadi pinter Ian duwe watak kang becik
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
Apa kang dadi
1. Latar belakang
2. Permasalahan
3. Tujuan lan manfaat
4. Kepriye panemumu supoyo dolanan tradisional iku tetep lestari lan disenengi bocah ing wektu saiki??
5. Apa gunane dianakake festival utawa lomba dolanan bocah kuwi
III. KAWRUH BASA
A. Tembung Entar
Entar, tegese:
1. Silihan,
2. Lungs, mangkat, bablas.
Tembung entar tegese tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung awantahe utawa salumrahe was (Indonesia: arti kiasan).
Tuladha:
- Kuping wajan
Kuping wajan tegese peranganing awake manungsa utawa kewan, kang kanggo, ngrungokake. Wajan ora duwe piranti pangrungu. Perangane wajan ana kang awujud klowongan kanggo cekelan ngangkat. Sanajan wanguning klowongan memper kaya kuping, Hanging ora kena diarani kuping. Kenane diarani kupingan wajan. Tembung kuping ing "kuping wajan", ateges diarani tembung silihan utawa entar.
Tuladha liyane:
Lobok atine tegese sabar.
Jembar segarane tegese sugih pangapura
Lunyu Hate tegese mencla-mencle
Ngabangake kuping tegese agawe nesu
B. Paribasan, Bebasan, Saloka
1. Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladhane: Yatna yuwana, Iona kena. Tembung-tembung ing unen-unen, Yatna yuwana, Iona kena iku siji-sijine pads ora ngemu surasa pepindhan. Mung ana tembung¬tembung liya kang pads tegese kayo tembung-tembung iku, yaiku:
Yatna : weweka, yitna, ngati-ati
Yuwana : basuki, rahayu, slamet
Lena pepeka, ora ngati-ati
Kena ketaman (ing bebaya)
2. Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipepindhakake kaanane utawa sesipatane wong (utawa barang). Wonge (barange) uga katut ing sajrone pepindhan iku, nanging kang luwih diwigatekake kaanane. Tuladhane:
Kerot ora duwe untu
Kerot, pepindhane: sedya, niyat, kekarepan, panjangka.
Ora duwe untu, pepindhane: ora duwe wragad, ora duwe duwit.
3. Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipepindhakake wonge. Mesthi bae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatekake wonge.
Tuladhane:
Kebo bule mati setra
Tembung kebo ing unen-unen iku isi pepindhaning wong.
Bule, pepindhane: pinter. Wong Jawa duwe keyakinan manawa kabeh wong sing kulit bule (ing tanah Jawa dek biyen sing akeh wong Walanda) mesthi pinter.
Mati, pepindhane: nemu cilaka, sangsara uripe.
Setra, pepindhane: papan kang nyenengake, jalaran wong-wong pars ora mbutuhake kapinterane wong mau. Yen tegese tembung, setra iku papan pambuwangan bangke (kuburan).
C. Gladhen
1. Apa kang diarani tembung entar ? cobo terangna
wangsulan
2. Cobo golekana tuladha tembung entar telu wae, banjur gawenen ukoro
3. Apa kang diarani paribasan, bebasa, lan saloka iku
jawab
UJI KOMPETENSI 2
I.
1. Ing ngisor ikisesebutan liya kanggo nyi ratu kidul kajaba
a. Kanjeng ratu kidul
b. Nyi rara kidul
c. Kanjeng ratu kidul
d. Ratu kidul
e. Kencana wungu
2. Saben tanggal pira lan wulan apa akeh uwong padha nenepi ing gisiking samodra kidul?
a. 1 mulud
b. 1 sapar
c. 1 suro
d. 1 rejeb
e. 1 jumadil akhir
3. Wiwit kapan mitos ratu kidul iki tuwuh
a. Jaman majapahit
b. Jaman peperangan
c. Jaman mataram
d. Jaman hindu budha
e. Jaman kemerdekaan
4. Apa sing njalari ilange nilai-nilai kabudayan tradisional
a. Modernisasi
b. Teknologi
c. Globalisasi
d. Emansipasi
e. Partisipasi
5. Ing ngisor iki tuladha dolanan tradisional jawa kajaba
a. Jelungan
b. Dakon
c. Playstation
d. Jamuran
e. Gobag sodor
6. Ana ing sajroning dolanan ngenot ajaran-ajaran luhur kajaba
a. Karukunan, gotong royong
b. Tepa slira, katalitan
c. Kajujuran, kerukunan
d. Gotong royong, tepo sliro
e. Culika, tepo sliro
7. Ing ngisor iki salah sawijining cara kanggo nnglestarike dolanan jawa yaiku
a. Ngenekake festifal utawa dolanan bocah
b. Nyawijike dolanan tradisional lan manca
c. Nganaake dolanan saka manca
d. Mbandingke dolanan jawa lan manca
e. Ngenekake sanggar kanggo bocah
8. Ing ngisor iki kang kelebu tembung entar yaiku
a. Arang kranjang
b. Arang kerep
c. Abang mbranang
d. Niba tangi
e. Lungo nggeblas
9. Tembung kang ora kena ditegesi mung awantake utawa salumrahe wae diarani tembung
a. Lingga
b. Seroja
c. Garba
d. Plutan
e. Entar
10. Unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ora ngenu surasa pepindahan diarani
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Cangkriman
e. Parikan
II.
1. Akibat apa kang dituwuhake ing jaman globalisasi?? Jelasna
2. Apa kang njalari dolanan bocah-bocah jawa wis ora di dolanake meneh
3. Dolanan bocah-bocah jawa miturut pangandikane ngemot ajaran kukuh, apa wae? Sebutna!!
4. Apa kang diarani bebasana
5. Apa kang diarani seloka

KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA
Kelas XI Semester II
Wulangan I
SESRAWUNGAN
I. Ngrungokake
1. Kang nindakake wawancara yaiku Esha
2. Intine wawancara ing ndhuwur yaitu babagan caranipun damel pupuk bokasi
3. Kelebu jinising pupuk buatan.
4. Carane gawe pupuk buatan.
(Pak Jaya)
5. Bahan kang kanggo gawe bokasi. Ing antarane
II. Miraca
1. Undheran perkarane babagan ngerumpi.
2. Ngrumpui iku pada wae karo ngarasani wong utawa nyatur wong liyan.
3. Mulat sarira hangrasa wani yaiku mawas diri
4. Ala amarga nyacad lan ngomongake liya.
5. Handarbeni yaiku melu ngreksa
III. Maca
1. Samenika wancinipun jawah, pramila kathah penggenan ingkang banjir.
2. Sesupe ingkang dipun agem mbak Yuni menika enggal.
3. Saben dinten minggu kathah para nem-neman inhkang sami plesiran.
4. Mid semester badhe dipun awontenaken minggu ngajeng.
5. Supados minggah kelas, pramila siswa kedah sregep sinau.
Gladhen / Uji Kompetensi I
1. e. wawancara
2. e. wawancara pribadi
3. e. wawancara sambil lalu
4. b. wawancara eksklusif
5. d. Surakarta Post
6. e. carane gawe bokasi
7. e. wawancara sambil lalu
8. b. 700 kg
9. d. 40 – 50 derajat
10. d. 15 – 20 cm
11. a. kulit gabah
12. b. kabeh tembang krama
13. e. nggunakake tembung krama lan krama
inggil
14. e. Ngoko alus
15. a. Ngoko alus
16. e. Krama alus
17. e. Ngoko alus
18. a. Ngoko alus
19. e. Krama lugu
20. c. ngoko alus
II.
1. – nemtokake tema
– nemtokake narasumber
– ngawe daftar pertanyaan
2. – njaluk izin karo nara sumber
– sing ditakokne aja metu saka tema
– basane alus lan sopan
3. Sawijining cara kanggo nggolek informasi utawa data kathi proses dialog antarane wong kang golek informasi lan wong sing menehi informasi.
4. Unggah-unggah yaitu sopan santun lan tata krama.
5. – Wong kang statuse kurang luwih
padha
– Wongkang statuse wiwih ngisor
– Sesorah kang asifat umum
WULANGAN 2
TRADISI
Wulangan Baku : Maca Lan Mangerteni
Kesagedan baku : Maca lan mangerteni sadhengah teks non sastra kanti teknik maca cepet lan intensif kanggo menehi kesimpulan lan katrangan
Tengara kesagedan
- Siswa bisa nyimpulake surasanane teks wacan
- Siswa bisa mangsuli pitakon adhedasarwacan
I. Maca teks wacan
A. Wacanen wacan ing ngisorr iki, setitena surusane wacan, supaya bisa paham lan bisa mangsuli pitakon ing ngisore
Ratu Kidul, Nyai Rara Ki¬dul, Kangjeng Ratu Ki¬dul, Nyi Lara Kidul Ian sesebutan liyane kang ndumuk marang "jatidhirine" pa¬nguwasa samodra kidul kapetung isih kaprah ing madyaning bebra¬yan agung Jawa jaman saiki.
Malah saben ngancik taun Jawa anyar, mligine ing malem tanggal I Sura, akeh wong sing padha ne¬nepi ing tlatah gisiking samodra ki¬dul sing pinitaya ana gandheng ce¬nenge kalawan Ratu Kidul. Sape¬rangan bebrayan agung Jawa, mi¬turut Christiana Dwi Wardana, sa¬ka Jurusan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Sastra ]an Seni Rupa(FSSR) UNS Solo, nganggep menawa Ra- tu,Kidul kuwi mitos kang nyata.
"Minangka mitos, ana Ian orane minangka subjek material dianggep ora penting utawa ora prelu ditako¬kake Ian didadekake perkara. Ana uga warga bebrayan agung, mligine ing Jawa, kang percaya Ian yakinme¬nawa Ratu Kidul kuwi pancen ana tenan, ana wuj ude, arepa ing jagad titah alus, titah tan kasat mata. Lan akeh uga kang nganggep menawa Ratu Kidul kuwi mungwates pangan¬gen-angen, takahyul, gugon tuhon, ora jumbuh nalar, cengkah kalawan wulangan agama Ian sapiturute," pra¬telane Christiana nalika maragani mo¬derator ing sawijining wicarana ngrem¬bug mitos Ratu Kidul ing Balai Soed¬jatmoko, Solo, Kemis (17/12).
Mitos dhewe miturutMalinowski (Magic, Science & Religion and Other Essays, Souvenir Press Ltd, 1984) gunane minangka charter, ya¬kuwi dhasar legitimasi penguwasa, utawa nuntun tingkah laku warga sawijining bebrayan agung ing urip padinan. Cakepan mangkene iki uga lumaku ing kapitayan tradhisional apadene agama monotheis.
Guru besar antropologi saka Uni¬versitas Gadj ah Mada (UGM) Yog¬yakarta, Suhardi, ing kalodhangan Ian papan kang padha, nelakake, mi¬tos Ratu Kidul tuwuh wiwit jaman hadege Krajan Majapahit ing Jawa Timur. Dununge kapitayan marang Rata Kidul kuwi ing wangunan alam adimanusiawi. Bisa dipadhakake kalawan kapitayan marang dha¬nyang, yakuwi titah alus sing mang¬gon utawa nguwasani sawijining papan. Ing wacan mangkene iki, Kangjeng Ratu Kidul pinitaya mi¬nangka panguwasa samodra kidul.
"Mitos Ratu Kidul prayogane ora mung didunungake minangka ka¬pitayan takhayul, nanging prelu di¬werdeni kandhutan kearifan utawa kawicaksanan lokal sing ana ing su¬walike crita mitos iki. Anane Kra-ton Samodra Kidul mujudake salah siji papan ing racikan poros imaji¬ner. Poros imajiner iki ngandhut werden kosmogoni, jumbuhe Kosmis kang anjog ing kasuburan, ~pra¬telane Suhardi.
Miturut budayawan MT Arifin, Ratu Kidul ora gampang menawa didhudhah ing wewengkon ilmu mo¬dheren utawa pengetahuan. Mitos utawa crita bab Ratu Kidul pancen populer ing madyaning bebrayan agung Jawa, nanging katrangan sing bisa didhudhah gayutane kalawan Ratu Kidul, kapetung sithik banget
Sosiokultur
Akeh wong kang ndunungake Ra¬tu Kidul minangka perangane sis¬tem nilai sajroning sosiokultur sing dhuwur dhewe. Kawusanane, Ra¬tu Kidul banj ur dianggep dudu mi¬nangka kanyatan kabudayan kang bisa didhudhah, diwerdeni, disin¬au, dening bebrayan agung. Ratu Kidul kaya-kaya dadi sawijining bab kang sakral, ora kagayuh de¬ning krodhane ilmu. Tembunge, ing¬kang kawenangan mahas namung jamna utawi kadya Panjenengan Panembahan Senapati ingkangngu¬waosi alam kalih, alus tuwin wa¬dhag, sanepanipun loro-loroning atunggal.
Ratu Kidul kuwi paraga mite ka¬budayan Jawa, kang pinitaya ora mung wares panguwasa alam alus, nanging uga dianggep duwe perba¬wa Ian panguwasa marang uripe manungsa. Akeh wong ora wani ngrembug Ratu Kidul, arepa ing madyaning, bebrayan agung Jawa akeh upacara ritual kanggo ngur¬mati Ratu Kidul. Miturut MT Ari¬fin, Ratu Kidul kuwi dudu jeneng, nanging sesebutan tumrap pratan¬dha "sawijining wong" (alus) kang sandhangane memper ratu, wusa¬na dadi identitas jeneng. Nanging werdine ora bisa didhudhah kanthi wantah utawa harfiah.
"Dene babagan pitakonan jan-ja¬ne Ratu Kidul kuwi ana tenan utawa ora? Ana wujud material-e utawa ora? Kuwi gumantung pengalaman kang bisa didhudhah ing tetembung¬an referensial Ian ora ngamot dis¬torsi angger bisa dikandhakake kan¬thi logic, sintaksis Ian empiric. Da-di gumantung card utawa metode¬ne," MT Arifin nandhesake.
B. Adhedasar wacan ing dhuwur, wangsulana npitakon ing ngisor iki!
1. Sapa wae jenenge liyane ratu kidul:
2. Apa kang ditindakake wong saben tanggal 1 suro?
3. Yogene anal an orane mitos ratu kidul keanggep subjek material
4. Apa kang diarani mitos menurut molinowski ??jabarna
5. Wiwit kapan mitos ratu kidul iku tawuh
C. Gawea ringkesan wacan ing dhuwur nganggo basamu dhewe Banjul aturana gurumu saperlu diperiksa
II. TRADISI
Wulangan Baku : Seminar
Kesagedan baku : Seminar bab modernisasi
Tengara kesagedan
- Menehi argumentasi kang cocok karo topic sing dibahas
- Gawe kesimpulan apa kang dibahas ana ing seminar
A. Katrangan
DOLANAN JAWA KADESAK MODERNISASI
Globalisasi sing ndhesek nilai-nilai tradhisional tumuju nilai modern, ora mung dirasakake ana ing perangan bebrayan sing dianggep baku dening wong tuwa kaya ing bab teknologi apa dene ekonomi, nanging ana donyaning bocah globalisasi uga nyebabake dolanan tradhisional kadhesek tumuju dolanan modern.
Dolanane bocah-bocah Jawa sing maune tradhisional kanthi sarana sing prasaja, saiki digantekake karo dolanan sing luwih modern uga kanthi sarana sing luwih canggih.
Kays kang dingendikakake Kepala Sekolah SD Pamardisiwi, Magangan, Baluwarti Solo, Suwita, menawa dolanan bocah-bocah Jawa saiki wis dipinggirake karo dolanan sing luwih modern. "Kahanan iki amarga wolak-waliking jaman ndadekake dolanan bocah-bocah Jawa wis ora didolanake maneh."
Saliyane iku bocah saiki uga kangelan golek papan sing jembar kanggo dolanan. Amarga saiki omah-omahe warga padha dhempet-dhempetan, ora nyisakake papan sing longgar. "Jaman aku isih cilik biyen isih akeh omah sing nduweni latar jembar. Saengga bocah-bocah gampang nggelar dolanan bebarengan. Wektu padhang bulan, wong tuwa padha nglumpuk jagongan Ian bocah-bocahe padha dolanan ing sangisore cahyaning bulan." Pangandikane.
vDolanan bocah-bocah Jawa miturut panganclikane, ngemot ajaran-ajaran luhur sing bisa dianggo patuladhan bocah-bocah ing bebrayan mengkone yaiku babagan gotong-royong, karukunan, kajujuran, tepa slira, kataliten, Ian sapanunggalane.
Sejatine, dolanan bocah-bocah mau apik dianggo ngrabuk jiwa sing luhur mungguhing bocah. Dolanane bocah-bocah Jawa sajatine bisa ndadekake sipat Ian watake bocah mlaku jumbuh karo umure. Dadi ora kaya jaman saiki, nadyan bleger Ian umure isih bocah nanging kadangkala polah tingkahe kaya wong sing wis diwasa.
Narik Kawigaten
Mula saka kuwi Para wong tuwa kudu bisa ngenalake maneh babagan dolanan bocah mau marang putra-putrane. Bab kuwi supaya dolanan bocah-bocah mau bisa bali dianggo dolanan bocah Jawa. Kanggo mujudake pancen kudu digoleki Cara sing bisa narik kawigatene bocah. Nanging upaya kuwi ora kanthi meksa bocah kudu ndolanake maneh, Wing ngenalake bocah marang dolanan sing ana panggonane dhewe. Banjur yen wis ngono, bocah-bocah tembe mburine bisa ngenalake dolanan kuwi Hang anak putune.
Ing sekolahan iki pars murid isih dikenalake dolanan bocah kaya gobag sodor, liwat mata pelajaran olahraga. Saliyane kuwi, dakkira bocah-bocah sing sekolah ana kene isih ngerti Ian nganggo dolanan lumrahe bocah Jawa. Dolanan kaya lumpatan, engklek, gobag sodor uga dhelikan isih kerep dianggo dolanan. Dene Wakil Kepala Sekolah SD Danukusuman II, Kecamatan Serengan, Solo, Syaebani S.Ag, ngendikake manawa dolanane bocah Jawa sing apik kanggo tuwuhing bocah Ian ndhidhik tingkah laku sing apik iku prelu dilestarekake.
"Dolanan bocah-bocah Jawa saiki wis ora akeh didolanake maneh amarga pagan sing dienggo dolanan wis ora ana kaya jaman biyen," pangandikane.
Dolanan bocah-bocah Jawa iku ndadekake bocah dadi duwe kejujuran Ian tanggung jawab sing dhuwur. Saliyane iku bisa mupuk jiwa seneng gotong royong kayo kanca-kancane." Ana sekolahan iki gobag sodor dilebokake sajroning mata pelajaran olahraga. Sanajan wis kurang cacahe Hanging saiki isih ana bocah sing dolanan kaya bocah biyen. Pancen kanggo nguri-uri anane dolanan sing kaya mengkono iku guru Ian wall murid amung bisa nyengkuyung. Kabeh gumantung ana bocahe isih gelem dolanan sing kaya mengkono apa ora."
Sakliyane ngupaya kanggo nglestarekake dolanan bocah-bocah kuwi, wong tuwa uga kudu pinter¬pinter milih dolanan modem sing ana paedahe Ian ndhidhik bocah dadi pinter Ian duwe watak kang becik
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
Apa kang dadi
1. Latar belakang
2. Permasalahan
3. Tujuan lan manfaat
4. Kepriye panemumu supoyo dolanan tradisional iku tetep lestari lan disenengi bocah ing wektu saiki??
5. Apa gunane dianakake festival utawa lomba dolanan bocah kuwi
III. KAWRUH BASA
A. Tembung Entar
Entar, tegese:
1. Silihan,
2. Lungs, mangkat, bablas.
Tembung entar tegese tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung awantahe utawa salumrahe was (Indonesia: arti kiasan).
Tuladha:
- Kuping wajan
Kuping wajan tegese peranganing awake manungsa utawa kewan, kang kanggo, ngrungokake. Wajan ora duwe piranti pangrungu. Perangane wajan ana kang awujud klowongan kanggo cekelan ngangkat. Sanajan wanguning klowongan memper kaya kuping, Hanging ora kena diarani kuping. Kenane diarani kupingan wajan. Tembung kuping ing "kuping wajan", ateges diarani tembung silihan utawa entar.
Tuladha liyane:
Lobok atine tegese sabar.
Jembar segarane tegese sugih pangapura
Lunyu Hate tegese mencla-mencle
Ngabangake kuping tegese agawe nesu
B. Paribasan, Bebasan, Saloka
1. Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladhane: Yatna yuwana, Iona kena. Tembung-tembung ing unen-unen, Yatna yuwana, Iona kena iku siji-sijine pads ora ngemu surasa pepindhan. Mung ana tembung¬tembung liya kang pads tegese kayo tembung-tembung iku, yaiku:
Yatna : weweka, yitna, ngati-ati
Yuwana : basuki, rahayu, slamet
Lena pepeka, ora ngati-ati
Kena ketaman (ing bebaya)
2. Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipepindhakake kaanane utawa sesipatane wong (utawa barang). Wonge (barange) uga katut ing sajrone pepindhan iku, nanging kang luwih diwigatekake kaanane. Tuladhane:
Kerot ora duwe untu
Kerot, pepindhane: sedya, niyat, kekarepan, panjangka.
Ora duwe untu, pepindhane: ora duwe wragad, ora duwe duwit.
3. Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipepindhakake wonge. Mesthi bae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatekake wonge.
Tuladhane:
Kebo bule mati setra
Tembung kebo ing unen-unen iku isi pepindhaning wong.
Bule, pepindhane: pinter. Wong Jawa duwe keyakinan manawa kabeh wong sing kulit bule (ing tanah Jawa dek biyen sing akeh wong Walanda) mesthi pinter.
Mati, pepindhane: nemu cilaka, sangsara uripe.
Setra, pepindhane: papan kang nyenengake, jalaran wong-wong pars ora mbutuhake kapinterane wong mau. Yen tegese tembung, setra iku papan pambuwangan bangke (kuburan).
C. Gladhen
1. Apa kang diarani tembung entar ? cobo terangna
wangsulan
2. Cobo golekana tuladha tembung entar telu wae, banjur gawenen ukoro
3. Apa kang diarani paribasan, bebasa, lan saloka iku
jawab
UJI KOMPETENSI 2
I.
1. Ing ngisor ikisesebutan liya kanggo nyi ratu kidul kajaba
a. Kanjeng ratu kidul
b. Nyi rara kidul
c. Kanjeng ratu kidul
d. Ratu kidul
e. Kencana wungu
2. Saben tanggal pira lan wulan apa akeh uwong padha nenepi ing gisiking samodra kidul?
a. 1 mulud
b. 1 sapar
c. 1 suro
d. 1 rejeb
e. 1 jumadil akhir
3. Wiwit kapan mitos ratu kidul iki tuwuh
a. Jaman majapahit
b. Jaman peperangan
c. Jaman mataram
d. Jaman hindu budha
e. Jaman kemerdekaan
4. Apa sing njalari ilange nilai-nilai kabudayan tradisional
a. Modernisasi
b. Teknologi
c. Globalisasi
d. Emansipasi
e. Partisipasi
5. Ing ngisor iki tuladha dolanan tradisional jawa kajaba
a. Jelungan
b. Dakon
c. Playstation
d. Jamuran
e. Gobag sodor
6. Ana ing sajroning dolanan ngenot ajaran-ajaran luhur kajaba
a. Karukunan, gotong royong
b. Tepa slira, katalitan
c. Kajujuran, kerukunan
d. Gotong royong, tepo sliro
e. Culika, tepo sliro
7. Ing ngisor iki salah sawijining cara kanggo nnglestarike dolanan jawa yaiku
a. Ngenekake festifal utawa dolanan bocah
b. Nyawijike dolanan tradisional lan manca
c. Nganaake dolanan saka manca
d. Mbandingke dolanan jawa lan manca
e. Ngenekake sanggar kanggo bocah
8. Ing ngisor iki kang kelebu tembung entar yaiku
a. Arang kranjang
b. Arang kerep
c. Abang mbranang
d. Niba tangi
e. Lungo nggeblas
9. Tembung kang ora kena ditegesi mung awantake utawa salumrahe wae diarani tembung
a. Lingga
b. Seroja
c. Garba
d. Plutan
e. Entar
10. Unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ora ngenu surasa pepindahan diarani
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Cangkriman
e. Parikan
II.
1. Akibat apa kang dituwuhake ing jaman globalisasi?? Jelasna
2. Apa kang njalari dolanan bocah-bocah jawa wis ora di dolanake meneh
3. Dolanan bocah-bocah jawa miturut pangandikane ngemot ajaran kukuh, apa wae? Sebutna!!
4. Apa kang diarani bebasana
5. Apa kang diarani seloka
Wulangan II
TRADISI
I. Maca
1. Jeneng liyane nyai rara kidul yaiku : rara kidul, kangjeng ratu kidul, Nyi rara Kidul
2. Wong-wong pada menepi ing tlatah gisiking samodra
3. Amarga dianggep pra penting utawa ora perlu ditakokake lan didadek ake perkara
4. Mitos iatu dhasar legitimasi panguwasa, utawa nuntun tingkah laku warga sawijing bebrayan agung ing urip padinan.
5. Wiwit jaman ngadege krajaan Majapahit.
II. Micara
1. Latar belakang masalah
– Dolanan jawa kang kadhesek modernisasi
2. Permasalah : dolanan jawa saiki wis pada disingikirake karo dolanan kang luwih modern.
3. Tujuan dan manfaat
Bisa nglestarekake dolanan Jawa, lan bisa nalake dolanan kuwi ning anak putune.
4. Wong jawa kudu biso ngenalake meneh babagan dolanan bocah marang putra-putrine.
5. Supoyo biso ngenalake dolanan jawa marang bocah
III. Kawruh Basa
1. Tembung entar yaiku tembung silihan utawa tembung kang ora kena ditegesi mung awantahe utawa salumrahe wae
2. Tuladha
– Dadi uwong ki mbok sing lobok
atine
– Omongmu suwe-suwe kok
ngabangke kuping
– Bocah kae lunyu ilate, mula akeh
wong kang ora percaya
3. – Paribasan : yaiku unen-unen kang
ajeg pangganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindan
– Bebasan : yaiku unen-unen kang
ajeg panggone, mawa teges entar, ngemu surasapepindhan
– Saloka, yaiku unen-unen kang
ajeg, panggone, mawa teges entar, ngemu surasa Pepindhan.
UJI KOMPETENSI II
1. e. Kencana wungu
2. c. 1 Sura
3. a. Jaman majapahit
4. c. Globalisasi
5. c. Play station
6. e. Culika, tepa selira
7. a. ngenekake festival
8. a. arang kranjang
9. e. entar
10. a. paribasan
II.
1. Akeh dolanan tradisional kang kadhesek karo dolanan saka manca
2. Akeh dolanan manca sing mlebu. Sak liyane kuwi wis ora ana panggonan maneh kanggo nglakoake dolanan jawa.
3. Kerukunan, gotong royong, tepo selira, kataliten, kajujuran.
4. Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa penpindhan.
5. Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu sura pepindha.
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa SMA Kelas X-TERLENGKAP"