Pembelajaran 1
Kelas 6/2
SK
Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.
Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.
Membaca
Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa.
Menulis
Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.
KD
1.2 Mendengarkan cerita tokoh wayang Nakula dan Sadewa.
2.2 Berpidato.
3.2 Membaca kalimat berhuruf Jawa.
4.1 Menulis karangan (parafrase, dialog, narasi, dan sebagainya.
A.Nyemak (Nyemak Crita Wayang)
Sudamala
Dewi Kunthi, ibune para Pandhawa sumelang atine menggalih putra-putrane kang lagi perang mungsuh raseksa Kalantaka lan Kalanjaya sing sekti mandraguna. Dewi Kunthi nyuwun pitulungane Bathari Durga kanggo mateni Kalantaka lan Kalanjaya. Sang Bathari sumadya ngabulake panyuwune kanthi syarat Dewi Kunthi kudu masrahake Sadewa. Dewi Kunthi mesthi bae nolak syarat iku, nanging sabanjure ana kang ngosikake batine Dewi Kunthi.
Salah siji abdine Bathari Durga manjing marang Dewi Kunthi. Perang batin kang rame dialami Dewi Kunthi, milih mbelani putrane dhewe, sang Bima lan Arjuna kang lagi tandhing karo Kalantaka lan Kalanjaya nanging ngorbanake putra kwalon sang Sadewa. Amarga wis kepanjingan balane Durga, Dewi Kunthi banjur ngalahake rasa tresnane marang putra kwalone sang Sadewa. Owah kekarepane Dewi Kunthi banjur nggawa Sadewa menyang Alas Setra Gandamayit. Sadewa dibanda, dicencang, ditaleni ana wit.
Sadewa amung manut bae marang ibune. Kanggo Sadewa ibune iku kaya dene gurune kang wis minterake, ngopeni lan ngajarake cara supaya bisa urip marang dheweke. Apa bae printahe ibune dilakoni. Sadewa percaya Gusti bakal tansah nylametake sanajan ketoke dheweke bakal dikorbanake. Sadewa luwih ayem, amarga Semar sang pamong ngeterake dheweke nalika digawa ibune menyang Alas Setra Gandamayit.
Semar tau mbisiki menawa dheweke bakal diuji rasa bektine marang ibu, sabanjure diweden-wedeni meh dipateni, nanging bab iku mujudake sawijining cara kanggo matengake jiwane kang isih kaya bocah. Sawise dheweke kalis saka rasa wedi mati, uripe bakal luwih tentrem lan darmane bakal nyuda memala, ‘Sudamala’.
Lungguhan ana sangisore wit kang nyancang awake, Sadewa diweden-wedeni wewujudan kang nggegirisi.
Sadewa tetep wae anteng lan sabar, wusanane Bathari Durga dhewe kang teka kanthi wujud kang luwih saka nggegilani. Bathara Guru teka nulungi Sadewa kanthi manjing ana ragane banjur ngrapalake donga pangruwatan kang njalari Bathari Durga eling sapa dheweke mbiyen. Wujude Bathari Durga malih dadi ayu maneh kaya mbiyene nalika isih dadi widadari Dewi Uma. Sabanjure Bathari Uma ngaturake panuwun marang Sadewa lan menehi jeneng anyar “Sudamala”.
Abdine Bathari Durga kang manjing ana Dewi Kunthi pengin diruwat nanging malah digeguyu Semar lan dikon tapa kanggo ngresiki jiwane sing isih kaya raseksa. Wusanane Sudamala utawa Sadewa ngewangi kakange ngalahake Kalantaka lan Kalanjaya.
B. Micara
Sesorah
Sesorah iku uga diarani pidhato. Yaiku ngendika ing sangarepe wong akeh. Yen ngendikan karo konco kancane dhewe mono saben wong bisa nglakoni. Ananging yen didhawuhi ngendikan ing sangarepe wong akeh durung mesthi bisa.
Coba praktekna wacan pidhato ing ngisor iki ing sangarepe konco-koncomu!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt.. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang sae menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65.
Para Rawuh ingkang minulyo,
Kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari Indonesia punika sampun saged sejajar utawi sami kaliyan nagari maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah instropeksi diri saha kedah nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kita.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,
Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2010, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 65. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika.
Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 65 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhahi partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung Jawab marang pamerintah.
Para Rawuh ingkang kula kurmati,
Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa siswi Indonesia mangga sesarengan nggadhahi rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged kita wujudaken kados:
1. paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan bangsa kita,
2. sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,
3. njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.
Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa Indonesia, Insya Allah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalarwonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging Nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
Sedherek-sedherek ingkang minulya,
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:
Ana temanten mangan srikaya,
Mangan kupat uga terasi,
Cekap semanten atur kawula,
Sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
(Kapethik saka madaisking.blogspot.com kanthi ewah-ewahan saprelunipun)
Wansulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi nggatekake pidhato ing dhuwur!
1. Tulisen pambukane sesorah iku?
Wangsulan:
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt.
2. Apa isine sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Kagiyatan kanggo ngisi kamardikane bangsa
3. Kepiye panutupe sesorah ing dhuwur?
Wangsulan:
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:
Ana temanten mangan srikaya,
Mangan kupat uga terasi,
Cekap semanten atur kawula,
Sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4. Sesorah ing dhuwur diucapake ing acara apa?
Wangsulan:
Lomba sesorah kanggo mengeti dina kamardikan
5. Kepiye carane mujudake rasa sosial marang sapadha-padha?
Wangsulan:
Paring pakurmatan marang guru, tiyang sepah, nglestarekaken budaya, njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan.
D Nulis (Nulis Narasi)
Narasi utawa paparan iku tulisan kanggo njlentrehake kedadean utawa cerita. Narasi iku kanggo nerangake salah sawijine kedadean sing wis kelakon ing kepungkur.
Tuladha:
Wacan ing ngisor iki gatekna!
Pangeran Diponegoro
Wiwit taun 1825 ngantos dumugi taun 1830 ing tanah Jawi wonten perang ageng, katelah nami Perang Diponegoro. Dipunwastani Perang Diponegoro awit pengageng ingkang ngadani perang mengsah Kumpeni menika priyantun trahing aluhur, sesilih Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro punika sedherek tunggal rama sanes ibu kaliyan Sri Sultan Hamengku Buwono IV ing Yogyakarta, putranipun Sultan Hamengku Buwono III.
Sasedanipun Sri Sultan Hamengku Buwono IV, ingkang putra, ingkang kala semanten saweg yuswa tigang taun, winisudha gumantos jumeneng nata, sesilih Sultan Hamengku Buwono V. Awit saking kersanipun para pinisepuh, Pangeran Diponegoro kadhawuhan ngembani ingkang putra keponakan, Sri Sultan Hamengku Buwono V.
Sanajan ingkang piniji ngembani Sri Sultan Hamengku Buwono V punika Pangeran Diponegoro, nanging ingkang ngasta bang-bang pangalum-aluming praja, ngembat pusaraning negari, Ki Patih Danureja IV. Sang Rekyana Patih ketliweng kenging pambujukipun Kumpeni, satemah kathah pranataning nagari ingkang adamel cuwanipun para kawula ing Yogyakarta, minggahipun para sentana sedaya.
Awit, pranatan-pranatan punika saestu adamel pitunanipun para senatana punapa dene para kawula ing Yogyakarta. Kosok wangsulipun, pranatan punika saya adamel sekeca saha omberipun bumi Nusantara. Pranatan ingkang damel cuwanipun para kawula punika umpamanipun icalipun arta sewan tumrap siti ingkang dipunsambut dening Kumpeni: rakyat kedah mbayar paos pandamelipun margi, kreteg, lan slokan-slokan irigasi: margi dipunsewakaken dhateng bangsa Cina.
Nguningani kawontenan ingkang boten saleresipun punika, Pangeran Diponegoro runtuk kondur dhateng purinipun ing Tegalreja, tata-tata ngadani perang mengsah Kumpeni.
Ndilalah wonten dadakanipun. Kala semanten Kumpeni badhe miyaraken margi Yogya-Magelang. Pathok-pathokipun margi ingkang dipunwiyaraken menika nrajang siti lenggahipun Pangeran Diponegoro. Rumaos boten dipunsuwuni ijin, Pangeran Diponegoro dhawuh njabuti pathok-pathok punika.
Sumerep glagat ingkang kirang sae, punapa dene malih Pangeran Diponegoro nduwa timbalanipun residhen, Kumpeni nglurug dhateng Tegalreja, purinipun Pangeran Diponegoro dipunbesmi. Tujunipun, Pangeran Diponegoro saha ingkang garwa dalah para pendherekipun sawatawis saged lolos. Pangeran Diponegoro sapendherekipun makuwon wonten ing Selarong. Wiwit nalika menika Pangeran Diponegoro ngadani perang mengsah Kumpeni.
Pangeran Diponegoro ngecakaken pindhah-pindhah, satemah Pangeran Diponegoro angel dipuncepeng. Kuciwa, sasampunipun lumampah dhateng gangsal taun, pendherekipun para wadya bala, satunggal kalih sami pasrah bongkokan, nungkul dhateng Kumpeni remeh manahipun. Lajeng tuwuh akalipun julig ingkang linambaran ing watak nistha. Kumpeni ajak-ajak rembagan dhateng Pangeran Diponegoro. Kanthi prasaben bokbilih ing salebetipun pirembagan mangke pemanggihipun Pangeran Diponegoro boten saged gathuk kaliyan pemanggihipun Kumpeni, Pangeran Diponegoro kenging kondur lan kenging nglajengake perang mengsah Kumpeni.
Tetela, nalika pirembaganipun Kumpeni kaliyan Pangeran Diponegoro boten saged gathuk, Pangeran Diponegoro lajeng dipuncepeng sarta dipunkandhangaken dhateng Manado. Salajengipun dipunpindhah dhateng Makassar ngantos dumugining seda kala taun 1855.
(Kapethik saking Krida Basa 6)
Garapan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Taun pira Perang Diponegoro iku dumadi?
Wangsulan:
Taun 1825-1830.
2. Kena ngapa wadya balane Pangeran Diponegoro dadi ringkih?
Wangsulan :
Sampun sayah.
3. Sapa sejatine Pangeran Diponegoro?
Wangsulan:
Putranipun sultan Hamengkubuwana III.
4. Pranatan apa wae sing gawe gela para kawulane Pangeran Diponegoro?
Wangsulan:
Icalipun arta sewan tumrap siti ingkang dipunsambut dening kumpeni,rakyat kedah bayar paos pandamelipun margi, kreteg, slokan-slokan irigasi, margi dipunsewakaken dhateng Cina.
5. Kepriye sikepe/tanggapane Kumpeni ngerteni glagate Pangeran Diponegoro kang miturute kurang becik?
Wangsulan:
Kumpeni nglurug ana ing Tegalreja.
Garapan
Nulisa narasi kaya tuladha ing dhuwur sing sumbere saka sejarah babagan pahlawan, manawa wis rampung banjur presentasikna ana ing ngarep kelas !
Wangsulan :
Kreativitas siswa
Uji Kompetensi
A. Wacanen kanthi premati!
Dhokter Soetomo
Putra pambarape Raden Soewardji iki dilairake 30 Juli 1888 ing Ngepeh (Nganjuk) Jawa Timur. Asma asline Subroto. Nalika dening paklike arep dilebokakake ing sekolahan Landa ditampik. Esuke paklike ndhaftar maneh ing sekolah iku lan ngganti jeneng Subroto dadi Soetomo. Anehe, tanpa kangelan dheweke ditampa.
Sadurunge umur 8 taun, Soetomo digedhekake dening aki-ninine ing Ngepeh, kang duweni omah gedhe kanthi latar jembar kang akeh wit mlathi ngubengi kolam iwak kang uga ambane. Soetomo enom urip kanthi luber katresnan.
Tau nalika dheweke lara mripat, dening ninine saben esuk mripate diresiki nganggo banyu anyep rendheman kembang mlathi, ewadene angin esuk kang alus nggawa arum kembang mlathi. Kenangan kang nengsemake iku ditulis ana ing surat wasiyate. Soetomo nulis menawa dheweke tilar donya yen ora dikuburake ing latare Gedhung Nasional Surabaya, supaya dikuburake ing sacedhake kolam kang dikupengi kembang mlathi.
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan Dhokter Soetomo!
1. Kepriye kaanane pawongan kang nggedhekake Dhokter Soetomo?
Wangsulan:
Pawongan kang luber katresnan.
2. Kepriye tuladhane wujud katresnan kang diwenehake dening aki lan ninine?
Wangsulan:
Nalika soetomo lara mripat saben esuk mripate diresiki marang ninine nganggo banyu anyep rendheman mlathi, eawdene angin esuk kang alus nggawa arum kembang mlathi.
3. Apa isi wasiyate Dhokter Soetomo?
Wangsulan:
Supaya besuk yen tilar donya disarekake ana ing sampinge kolam iwak kang akeh kembange mlathi.
4. Sapa sejatine Dhokter Soetomo iku?
Wangsulan:
Putra pambarepe Raden Soewardji.
5. Kena ngapa Dhokter Soetomo ganti jeneng?
Wangsulan:
Amarga ora bisa ketampa mlebu sekolahan Landa.
I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang trep!
1. Dhokter Soetomo iku miyos nalika taun ....
a. 1889 c. 1887
b. 1888 d. 1886
Wangsulan : (b)
2. Dhokter Soetomo digedhekake dening aki lan ninine sadurunge umur ... taun.
a. 8 c. 6
b. 7 d. 5
Wangsulan : (a)
3. Dhokter Soetomo iku kalebu ewone ....
a. penyanyi c. aktor
b. sastrawan d. pahlawan
Wangsulan : (d)
4. Paribasan tulung menthung, tegese wong sing ditulung/bakale ....
a. cilaka
b. untung
c. ora cilaka
d. nyilakakake sing nulung
Wangsulan : (b)
5. Satriya ing Jodhipati iku raden ....
a. Anoman c. Werkudara
b. Janaka d. Puntadewa
Wangsulan : (c)
6. Kang diarani pahlawan yaiku pawongan kang ngurbanake jiwa ragane kanggo ....
a. awake dhewe c. nagarane
b. desane d. kaume
Wangsulan : (c)
7. Kang sinebut Kutha Pahlawan yaiku ....
a. Yogyakarta c. Jakarta
b. Semarang d. Surabaya
Wangsulan : (d)
8. Paribasan: criwis cawis, iku tegese tansah mbantah parentah, nanging sumadya ....
a. nglakoni c. njaluk opah
b. mbantah d. ora nglakoni
Wangsulan : (a)
9. Jimat pusaka Kalimasada kagungane Yudhistira awujud ....
a. akik c. buku
b. keris d. layang
Wangsulan : (d)
10. Salah siji syarat ana ing pidhato yaiku ....
a. dikenal wong liya
b. nguasani panggonan
c. ngerteni pikirane wong liya
d. nguasani tema guneman
Wangsulan : (d)
11. Para pahlawan akire ... ing medan peperangan.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. mati c. gugur
b. mangkat d. tiwas
Wangsulan : (c)
12. Ing pandhawa iku ana satriya loro sing kembar yaiku ....
a. Werkudara lan Janaka
b. Abimanyu lan Janaka
c. Nakula lan Sadewa
d. Janaka lan Sadewa
Wangsulan : (c)
13.
Tulisan ing kiwa kawaca ....
a. olah-olah c. umbah-umbah
b. obah-obah d. asah-asah
Wangsulan : (a)
14. Asma asline Dr. Soetomo yaiku ....
a. Soekarno c. Subroto
b. Sukriya d. Surata
Wangsulan : (c)
15. Pak Dirman lan rakyate gerilya nglawan Landa.
Tegese tembung kang kacithak kandel yaiku ....
a. kanthi ndhelik-ndhelik
b. siji nglawan siji
c. terang-terangan
d. tanpa senjata
Wangsulan : (a)
16. Kerata basane tembung cengkir kang trep yaiku ....
a. senang mikir
b. kendho pikirane
c. kuat pikirane
d. kencenging pikir
Wangsulan : (d)
17. Pahlawan wanita saka Jepara kang kondhang ngangkat drajate para wanita yaiku ....
a. Nyi Ageng Serang
b. Cut Nyak Dien
c. Kartini
d. Dewi Sartika
Wangsulan : (c)
18. Taman Makam Pahlawan Nasional Kalibata dumunung ing Kutha ....
a. Yogyakarta c. Jakarta
b. Semarang d. Surabaya
Wangsulan : (c)
19. Puntadewa iku ratu ing ....
a. Astina c. Alengka
b. Amarta d. Awangga
Wangsulan : (a)
20. Ing ngisor iki sing kalebu ukara kritikan kang sifate mbangun yaiku ....
a. Wah, ngawur wae bocah iku!
b. Kowe kok ora mutu banget ta!
c. Prayogane garapanmu diowahi maneh.
d. Wis cukup ngono wae asile garapanmu!
Wangsulan : (c)
Wacan iki kanggo pitakonan angka 21-24!
Ing dhaerah Manyaran, kalebu wewengkon Wonogiri, ana industri rakyat kang mligi gawe gamelan. Industri rakyat iki wis ana awit jaman biyen. Nganti seprene isih lumaku. Pesenan gamelan saka njaban dhaerah tansah ndlidir njaluk diladeni. Malah wartane saiki gamelan gawean Manyaran wis dipasarake nganti tekan mancanagari.
Gamelan sing digawe ana sing laras pelog, nanging uga ana sing laras slendro. Panggawene prunggu-prunggu mau dicor, digembleng, banjur dibentuk dadi wujud gamelan. Jinise gamelan ana sing awujud wilahan, tuladhane saron utawa centhe lan gambang. Mligi gambang digawe saka kayu, dene kang awujud pencon, yaiku bonang lan kempul apadene gong gedhe.
....
21. Bakuning wacan ing dhuwur iku ngrembug babagan ....
a. campursari c. gamelan
b. Manyaran d. industri rakyat
Wangsulan:
c.
22. Industri rakyat kang mligi gawe gamelan iku mapan ana ing Kutha ....
a. Manyaran c. Surakarta
b. Wonogiri d. Masaran
Wangsulan:
b.
23. Gamelan kang digawe iku ana rong laras, yaiku ....
a. pelog c. manyura
b. slendro d. a lan b bener
Wangsulan:
d.
24. Gamelan iku digawe saka ....
a. prunggu c. emas
b. tembaga d. perak
Wangsulan:
a.
25. Simbah lagi mangan sega.
Tembung mangan sega yen dikramakake alus dadi ….
a. dhahar sega c. nedha sega
b. nedha nasi d. dhahar sekul
Wangsulan:
d.
26. Ukara ing ngisor iki kang bener yaiku ....
a. Simbah ndangu, kowe arep mulih kapan?
b. Simbah ndangu, “Kowe arep mulih kapan?”
c. Ibu ndangu, “Aku arep mulih kapan?”
d. ibu ndangu, aku arep mulih kapan?
Wangsulan:
b.
27. epek-epek (tlapakan tangan) yaiku….
a. saron c. gong
b. kendhang d. gender
Wangsulan:
b.
28. Pak Rahmad kae nadyan uripe kurang pangan nanging seneng weweh, beda karo Pak Sukir, uripe mulya nanging ….
a. cethil c. mlarat
b. loma d. susah
Wangsulan:
a.
29. Akeh tetanduran mati. Sumur-sumur uga akeh sing asat. Kewan ingon-ingon padha kurang pakan. Sawah-sawah padha bera ora diupakara.
Adhedhasar paragraf ing dhuwur, bisa dijipuk dudutan menawa prastawa iku lumrah kedadeyan nalika ....
a. mangsa paceklik
b. mangsa ketiga
c. mangsa rendheng
d. mangsa panen
Wangsulan:
b.
30. Dalane saka Tawangmangu menyang Karangpandan akeh sing njojrog.
Tembung njojrog tegese ....
a. mudhun
b. munggah
c. menggak-menggok
d. lunyu banget
Wangsulan:
a.
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Pawongan kang gugur mbelani nagara diarani ....
Wangsulan :
pahlawan
2. Pahlawan proklamator Indonesia yaiku ... lan ....
Wangsulan :
Soekarno lan Moh Hatta
3.
tulisan ing sisih iki diwaca ....
Wangsulan :
rajang-rajang
4. Runtang-runtung, menawa katulis kanthi aksara Jawa kang bener yaiku ....
Wangsulan :
5. Pangeran Diponegoro iku pahlawan saka tlatah ....
Wangsulan :
Yogyakarta
6. Yudhistira duweni jeneng liya, yaiku ....
Wangsulan :
Puntadewa
7. Jendral Sudirman iku kondhang minangka pimpinan perang ....
Wangsulan :
gerilya
8. Satriya kembar ing pandhawa yaiku ... lan ....
Wangsulan :
Nakula lan Sadewa
9. Jendral Ahmad Yani iku kalebu pahlawan ....
Wangsulan :
pahlawan revolusi
10. Papan kanggo pawongan kang nindakake pidhato diarani ....
Wangsulan :
mimbar
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Para wadya balane Pangeran Diponegoro sami pasrah bongkokan dhateng Kumpeni.
Apa tegese pasrah bongkokan?
Wangsulan:
Pasrah sakkabehane jiwa lan raga
2. Apa sing diarani pidhato iku?
Wangsulan:
Micara ing sangarepe wong akeh kanthi tujuan tertentu.
3. Pangeran Diponegoro iku sedulur kuwalon Sri Sultan Hamengku Buwono.
Apa tegese sedulur kwalon?
Wangsulan:
Sedulur tiri, ora padha wong tuwane
4. Sapa wae pahlawan proklamator Indonesia!
Wangsulan:
Soekarno lan Moh Hatta
5. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Karak remuk
b. Perang gerilya
Wangsulan:
Pembelajaran 2
SK
Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami ragam wacana lisan melalui pembacaan teks pidato dan cerita wayang.
Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan tentang pidato dan mengapresiasi tembang macapat.
Membaca
Mampu membaca dan memahami teks pidato dan membaca huruf Jawa.
Menulis
Mampu menulis karangan dalam berbagai bentuk dan menulis huruf Jawa.
KD
1.1 Mendengarkan pembacaan teks pidato.
2.1 Menceritakan isi pidato sesuai unggah-ungguh.
3.2 Membaca kalimat berhuruf Jawa.
4.1Menulis karangan (parafrase, dialog, narasi, dan sebagainya).
Karakter : toleransi, jujur, berani, percaya diri, rapi
A. Nyemak (Ngrungokake Pidhato utawa Sesorah)
Micara ana ing ngarepe wong akeh (pasamuan) pancen akeh sing miyur katetegane. Ana sing teteg ning ana sing ra kepenak dirungokake. Ana ing basa Jawa suara sing apik mbarengi seru lan ora mbrebegi iku sing kepenak. Ndadekake kawibawan dhewe menawa arep maca lan ngrungokake pidhato.
B. Micara (Nyritakake Pidhato utawa Sesorah)
Nyritakake isine pidhato utawa sesorah iku ora gampang. Sing sepisan kudu dilakoni yaiku ngrungokake sesorah kanthi premati. Supaya awake dhewe ngerti apa isine pidhato iku. Sabanjure awake dhewe bisa nyritakake isine pidhato kuwi mau nganggo basane dhewe kanthi unggah-ungguh kang trep tanpa ngowah-owahi isine pidhato.
Isine pidhato utawa sesorah sing wis kok tulis ing latihan dhuwur critakna nganggo basamu dhewe ing ngarep kelas!
Kanggo nggampangake anggonmu nyritakake, tulisen dhisik intine isi pidhato sing bakal kosampekake ana ing bukumu dhewe-dhewe!
C. Maca (Maca Tulisan Jawa)
Wacan tulisan Jawa ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Wacan ing dhuwur iku salinen nganggo aksara latin !
Wangsulan :
Bapak lagi wae rampung panen kedhele. Bapak banjur tindak menyang toko mundhut radio anyar. radio iku salah sawijining piranti kanggo komunikasi, kajaba radio jaman saiki akeh piranti komunikasi kang luwih modern yaiku faksimil lan internet. Jaman biyen manuk dara uga dadi piranthi komunikasi. Carane manuk dara diaburke karo dikanthili layang.
C. Nulis (Nulis Pacelathon)
Pacelathon, yen awake dhewe uga sering nyebut guneman. Pacelathon utawa guneman iku mesthi dilakoni saben uwong ing saben dinane. Ana wae sing dirembug kaya ta ngrembug gawean, pemerintahan, pelajaran, lan liya-liyane. Menawa rembugan iku kudu nganggo unggah-ungguh kang becik. Ing antarane sajroning guneman mau ora kena nglarani atine sing diajak guneman apa dene nglarani atine sing ngrungokake anggone guneman.
Gatekna tuladhane pacelathon ing ngisor iki!
Wiji : “Tris, susah ya anggere mangsa rendheng teka kaya mengkene iki?”
Sutris : “Lho, kenapa ta, Ji? Yen mangsa rendheng teka lak kudune seneng to awake dhewe bisa nenandur, sabanjure bisa panen.”
Wiji : “Yen iku sih, iya. Sing susah kuwi mlakune iku lho, Tris. Aku dadi males neng ngendi-endi. Amarga dalan ing sangarepe omahku kae lak isih jemek. Aku dadi sebel angger arep neng ngendi-endi ing wayah udan ngene iki.”
Sutris : “Oo...kuwi, to? Aku jane ya sebel, ki? Ning piye, ya? Pak RT ora ana dhawuh kepiye-kepiye.”
Wiji : “Dhawuh kepiye maksudmu?”
Sutris : “Jane kan, piye carane ta, supaya dalan iku ora jemek yen mangsa rendheng teka. Ditatani watu, dipelur, utawa diaspal sisan.”
Wiji : “Lha yen kowe duwe uneg-uneg kepriye, Tris? Sing genah lak RT-ne dhewe iki kan ora duwe dhuwit kas. Kas wis entek dienggo mbangun jembatan kidul desa kae.”
Sutris : “Iya ya! Nanging kan isa kerja bakti ngumpulake wong sak RT banjur golek watu ing alas kidul desa sing akeh watune. Mengko banjur diusung nganggo gerobak bareng-bareng. Sabanjure ditata ing dalan sing isih jemek iku, Ji.”
Wiji : “Iya bisa wae kaya mengkono kuwi. Nanging apa padha gelem warga RT kene yen diajak kerja bakti kaya mengkono kuwi?”
Sutris : “Iki kan kanggo kemajuane desane dhewe, ya kudu gelem. Tulung usulna mbesuk yen rapat RT ya uneg-unegku kuwi mau. Aku ora wani.”
Wiji : “Oo...iya, iya. Besuk yen ana kumpulan RT taksampekne usulanmu kuwi.
Aku ya seneng yen ana kancaku sing mletik pikire kaya kowe iki.”
Sutris : “Halaaah....kowe ki...!!!”
Garapan
Jawaben kanthi nggatekake wacan ing dhuwur!
1. Kepriye usule Wiji kanggo ndandani dalan jemek?
Wangsulan:
Kerja bakti ngumpulake warga sak RT kanggo dandani dalan, carane golek watu ing alas kidul desa, mengko banjur diusung nganggo gerobak , banjur ditata ing dalan kang jemek iku
2. RT kuwi cekakan saka apa?
Wangsulan:
Rukun Tetangga
3. Sapa sing lagi pada guneman ing pacelathon dhuwur?
Wangsulan :
Wiji lan Laras
4. Apa sing dirembug ing pacelathon dhuwur?
Wangsulan :
Perkara dalan ngarep omahe wiji kang jemek yen mangsa udan
5. Apa sebabe Wiji susah saben mangsa rendheng teka?
Wangsulan :
Dalan ngarepe rusak dadi yen mangsa rendheng dadi jemek
Garapan
Gawea pacelathon kang isine micarakake babagan sesrawungan ing masyarakat!
Banjur paragakna karo kancamu sak bangku ana ing ngarep kelas!!
Wangsulan :
Kreativitas siswa
Uji Kompetensi
A. Wacanen Kanthi Premati!
Upacara Adat ing Jawa Tengah
“Desa mawa cara, negara mawa tata”. Unen-unen iku pancen wis trep dienggo, awit pancen wong Jawa iku wiwit saka Jawa sisih wetan nganti tumeka ing Jawa sisih kulon, tansah ngleluri adat lan tata carane sing ditindakake nganti saiki. Dene ing Jawa Tengah dhewe wis lumrah yen adat lan tata carane kanggo nglairake rasa panuwun marang Gusti Allah, nganakake slametan. Dene tata carane, sawise ambenge kenduren didongani, ana sing banjur dirahapi bebarengan, umpamane ing upacara adat bersih desa. Nanging yen upacara adat liyane umpamane syukuran, bancakan, slametan wong mati, lan sapiturute, sawise didongani lumrahe brekate banjur digawa mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Wong urip iku, wiwit saka lair tumeka mati ngalami owah gingsir. Owah-owahan iku kadhang kala uga ana sandhungane, alangane, apese, godha, lan sapiturute. Mula iku kudu ngreti sarat sarana sing bakal ditindakake, upamane:
a. upacara sajrone ana kandhutan;
b. upacara lairing jabang bayi;
c. upacara ngancik diwasa;
d. upacara dhauping penganten;
e. upacara tumbuk yuswa;
f. upacara kasripahan.
Ana ing upacara kasripahan, sanajan wis mati, ngajal, utawa tilar donya, wong sing mati isih tetep digatekake lan dislameti dening kulawargane. Dene urutane mangkene:
a. surtanah : slametan sing dianakake bareng jenazah disarekake
b. nelung dina : slametan sawise tinggal donya ing telung dina;
c. mitung dina : slametan sawise geblage ganep pitung dina;
d. matang puluh dina : slametan sawise geblage ganep patang puluh dina;
e. nyatus dina : slametan sawise geblage ganep satus dina;
f. mendhak pisan : slametan sawise geblage ganep setahun;
g. mendhak pindho : slametan sawise geblage ganep rong taun;
h. nyewu dina : slametan sawise geblage ganep sewu dina.
(Kapethik saking Wursita Basa 6)
1. Kena ngapa upacara slametan iku ditindakake?
Wangsulan:
Kanggo ngalairake panuwun marang Gusti
2. Aranana jinis slametan liyane kang isih ditindakake dening masarakat Jawa!
Wangsulan:
Tingkeban, sadranan, selapanan, nyepasar, lan sapanunggalane.
3. Apa tegese unen-unen “Desa mawa cara, negara mawa tata”?
Wangsulan:
Saben daherah kuwi nduweni adat dhewe-dhewe.
4. Sebutna jinise slametan kang ditindakake pawongan kanggo nylameti wong kang wis ngajal/mati!
Wangsulan:
Surtanah, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus dina, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu dina.
5. Kepriye tata carane slametan kang ditindakake?
Wangsulan:
Ditindakake marang adate dhewe-dhewe
1. Saderengipun monggo tansah ngunjuk-aken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Moho Kuaos ingkang taksih paring kesehatan, kasarasan, napa dene kesempatan dhumateng kula panjenengan sedaya.
Prethelan pidhato ing dhuwur diarani ....
a. pambuka c. isi
b. panutup d. gumujengan
Wangsulan : (a)
2. Bapak-bapak kerja bakti ngusungi wedhi saka kali kanggo urug dalan.
Tembung kerja bakti istilahe ... gunung.
a. gugur c. ngrubuhake
b. janur d. ngrangsang
Wangsulan : (a)
3. Slametan yen mbobot umur 7 sasi neng kandutan yaiku ....
a. Sepasaran c. Ngidak siti
b. Mitoni d. Siraman
Wangsulan : (b)
4. Wujud urip rukun ing masarakat, tuladhane ....
a. layat c. plesiran
b. dodolan d. buruh
Wangsulan : (a)
5. Slametan bareng-bareng nyuwun keslametan ana ing desa sing dianakake saben tahun sepisan yaiku ....
a. Besik c. Syukuran
b. Bersih desa d. Mahargyan
Wangsulan : (b)
6.
Tulisan ing kiwa diwaca ....
a. sepatu karo sandhal abang
b. sandhal karo sepatu abang
c. sepatu sandhal karo abang
d. sandhal sepatu karo abang
Wangsulan : (a)
7. Matur medharake uneg-uneg, pengu-muman, apa dene sesrepan ngilmu ing sangarepe wong akeh diarani ....
a. kethoprak c. sesorah
b. ndhalang d. nembang
Wangsulan : (c)
8. Aksara Jawa iku cacahe ana ....
a. 10 c. 28
b. 20 d. 30
Wangsulan : (b)
9. Cirine basa layang sing becik yaiku ....
a. baku c. endah
b. runtut d. gampang ditampa
Wangsulan : (a)
10. Sesambungan kulawarga antarane kowe karo putrane budhemu arane ....
a. ponakan c. nakdulur
b. misan d. putu
Wangsulan : (c)
11. Ireng-ireng kulit keong, padha seneng ....
Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a. nyambut gawe
b. gugur gunung
c. gotong royong
d. kerja bakti
Wangsulan : (c)
12. Tawon madu ngisep sekar, dadi guru kudu ....
Tembung kang trep kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ....
a. galak c. telaten
b. sabar d. pinter
Wangsulan : (b)
13. Ing ngisor iki sing kalebu jinis tembang macapat yaiku ....
a. maskumambang
b. menthog-menthog
c. jamuran
d. gundhul pacul
Wangsulan : (a)
14. Tembang macapat iku cacahe ....
a. 10 c. 12
b. 11 d. 13
Wangsulan : (b)
15. Ngenteni ing prapatan.
Ukara ing dhuwur menawa katulis kanthi aksara Jawa sing bener yaiku ....
Wangsulan : (d)
16. Ing kampung, pamong sing kajibah urusan bab kepaten lan mantenan yaiku ....
a. carik c. bayan
b. ulu-ulu d. modin
Wangsulan : (d)
17. Pos rondha saliyane kanggo piket njaga keamanan lingkungan uga kanggo ....
a. nampa tamu nginep
b. papan ngumpule bocah nom-noman
c. ngraketake seduluran para warga
d. ngeyup yen kepanasen lan kodanan
Wangsulan : (c)
18. Organisasi kemasarakatan paling ngisor dhewe yaiku ...
a. Rukun Tetangga c. Dasa Wisma
b. Rukun Warga d. koperasi
Wangsulan : (a)
19. Saben selapan dina, RT 03 RW 02 nganakake kumpulan RT.
Etungan selapan dina padha karo ... dina.
a. 25 c. 35
b. 30 d. 40
Wangsulan : (c)
20. Masarakat kang uripe cedhak segara umume nyambut gawe dadi ....
a. petani c. nelayan
b. pedagang d. guru
Wangsulan : (c)
21. Wong sing nduwe keprigelan mono prayogane disukuri kanthi dikembangake lan dimupangatke.
Tembung kang katulis kandel ing ukara kasebut memper tegese karo....
a. becike c. tujune
b. karepe d. lumrahe
Wangsulan:
a.
22. Sutarno saben mangkat sekolah mesthi telat.
Tanggepan kang pas yaiku ....
a. Sutarno bocah bodho senenge telat.
b. Sutarno keset tangi esuk dadine telat.
c. Sutarno bocah kendel wani telat.
d. Sutarno perlu diconto amarga wani telat.
Wangsulan:
b.
23. (1) Arin tangi saka paturone.
(2) Sabanjure, Arin adus.
(3) Bel muni nuduhake tabuh 05.00 WIB.
(4) Arin nglempit kemul lan nata kasure.
(5) Arin sarapan.
Urutan tembung-tembung ing dhuwur kang bener yaiku ....
a. (1), (2), (3), (4), (5)
b. (1), (3), (4), (2), (5)
c. (3), (1), (4), (2), (5)
d. (3), (1), (2), (5), (4)
Wangsulan:
c.
24. (1) Prunggu-prunggu digembleng.
(2) Prunggu dibentuk dadi wujud gamelan.
(3) Prunggu-prunggu dicor.
Urutane gawe gamelan kang bener yaiku....
a. (1), (2), (3) c. (3), (1), (2)
b. (3), (2), (1) d. (2), (1), (3)
Wangsulan:
c.
25. iku-sabetane-merga-kondhang-dhalang
Ukara kang runtut kanggo tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....
a. Merga kondhang dhalang iku sabetane.
b. Sabetane iku kondhang merga dhalang.
c. Dhalang iku kondhang merga sabetane.
d. Dhalang iku merga kondhang sabetane.
Wangsulan:c.
26.
diwaca ….
a. lemah garing
b. wakul glimpang
c. macul sawah
d. mangan jagung
Wangsulan: c.
27. Tembung “sekolah” menawa ditulis Jawa, aksara la diwenehi ....
a. cakra c. cecak
b. layar d. wignyan
Wangsulan: d.
28. Arjuna iku Pandhawa kang angka ....
Wangsulan: c.
29. ngombe kopi, yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
Wangsulan: d.
30. Nonton balapan karung.
Ukara ing dhuwur yen disalin nganggo aksara Jawa dadi ....
Wangsulan: a.
D. Parikan ing ngisor iki golekana tutugane ana ing sisihe!
1. Wajik klethik gula Jawa, luwih becik sing (________) a. tuwa
2. Sriwedari tengah prenahe, angger janji arang (________) b. wani
3. Wedang bubuk tanpa gula, aja sok ngantuk gelis (________) c. pinter
4. Anak lutung jare kowe, bareng bingung gelem (________) d. ngibul
5. Kali praga mili ngidul, kabeh kandha ora (________) e. nyatane
6. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau dadi (________) f. turu
7. Abang-abang ora legi, tiwas nantang ora (________) g. mrene
8. Jaran kepang mangan pari, klambi abang merak (________) h. becik
9. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora (________) i. ati
10. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk njaluk (________) j. prasaja
Wangsulan :
1-j, 2- e, 3-a, 4-g, 5-d, 6-c, 7-b, 8-i, 9-h, 10-f
E. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Sebutna uba rampene teater!
Wangsulan:
Kreativitas siswa
2. Gaweya tuladhane parikan!
Wangsulan:
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
3. Apa sing diarani kalawarti?
Wangsulan:
Yaiku majalah kang penerbitane kang manut wektu tartamtu (seminggu, dwi minggu, wulanan) kang isine maneka warta tulisan utawa gambar.
4. Apa sing diarani ariwarti?
Wangsulan:
Yaiku iklan.
5. Ukara iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Seneng maca buku.
b. Sregep sinau ben maju sekolahe.
Wangsulan:
Maaf blog belum sempurna, masih dalam perbaikan
0 Komentar untuk "Materi, Soal, Kunci Bahasa Jawa Kelas 6 SD-TERLENGKAP"