Essay/Artikel Jawa:Jawa, Jokowi lan Korsel

Jawa, Jokowi lan Korsel

“Bila tuan tidak ingin memperhatikan jiwa massa, massa itupun akan tidak memperdulikan tuan”

Ukara ing dhuwur, ukara pungkasan saka sesorahe  Ki hadjar Dewantara(KHD). Sesorah mau diaturake nalika KHD maringi sambutan ing kongres “Java Institut” kaping lima ing Surakarta, Desember 1929.

Nalika iku KHD njaluk marang ketua panitia supaya sesorahe mawa basa walanda. Sanajan  piyambake luwih remen mawa basa Jawa, nanging rasa kurmat wis majibake KHD kudu tumindak kaya mangkene. Ing pidhato mau, KHD ngajak supaya basa Indonesia tansah digunakake dening para cendikiawan. 

Menawa dirunut, KHD iku sawijining pawongan kang remen marang basa Jawa. Ananging ing sesorah iku piyambake ngajak supaya para kang  rawuh nggunakake basa Indonesia. Kamangka kang ngendikan mawa basa Walanda. Pancen yen dipikir ora nalar, nanging ngono anane. KHD ngejak yen budhaya basa iku kudu ngrembaka lan nduweni watak kang luwes.  

KHD maringi conto yaiku “gerakan krama dewa” kang dipangarsani dening sujono. Ing gerakan mau, kepengin ngilangake basa Jawa ngoko lan mrayogakake basa Krama. Miturt KHD, gerakan kang kaya mangkono mau kurang menehi kawigaten marang kasunyatan. 

Gandheng basa Jawa wis ngrembaka kaya mangkene, wong Jawa nganggep yen wewengkon Jawa duweni rong jinis basa, yaiku ngoko lan krama. Iku minangka kaskaya basa Jawa. Dadi pawongan ora gampang kanggo mrayogakake utawa ngilangi basa mau.

Ing kabudayan, basa minangka sawijinng perangan saka kabudayan. Kabudayan iku bisa owah gingsir nututi ilining jaman.  Semono uga kabudhayan ing bab wayang. Agus Effendi, sawijining Dhosen ing Univet Bantara Sukoharjo kang uga dalang njlentrehake babagan wayang nalika ngisi kuliyah bab kabudayan wayang. Menawa kabudhayan wayang kuwi sakjane ora ana pakem kang saklek. 
Amarga wiwit wayang karipta ing negara kita, wis ana owah-owahan sethithik utawa akeh. Tekan saiki owah-owahan wayang mau isih ana terus. Kaya dhene wayang kampung sebelah, wayang kanthi rupa manungsa kang dianggit dening Ki Jliteng Suparman.

Kabudayan iku kaya dhene manungsa. Bisa lair, thukul, mlaku, ngrembaka, lan ngasilake  woh. sarta bisa dadi tuwa banjur mati. Kabudhayan uga bisa kawin  karo kabudayan liyane, dadi bisa uga duweni anak. Sakjane crita mahabarata iku dumadine saka negara india, nanging kena ngapa kabudayan mau bisa tekan kene lan dadi kabudayan asli negara kita?

Iki kang dijenengake kawin kanthi cara asimilasi. Manunggalingake kabudhayan manca marang kabudayan asli banjur diolah kanthi sampurna. Lan kasil kabudayan kang anyar lan murni. Merga kuwi ing film Mahabarata saka India, ora ana limbuk lan cangik, lan ora ana paraga Punakawan. Manungsa Jawa ngertine paparan crita Mahabarata iku asline saka pagelaran wayang kulit utawa golek. Dudu saka film ing tipi kaya saiki.  

Kanthi conto kabudhayan loro ing dhuwur, yaiku basa lan wayang, mesthine owah gingsire kabudhayan bisa kita tampa kanthi jiwa kang nglenggana. Iki malah bisa dadi jurus kanggo ngrembakakake budhaya-budha sansaya kenceng anggone ngrembaka. 

Solopos(10/11) ngabarake menawa Pak Jokowi ngelem industri kreatif K-Pop kang sakiki wis dadi perangan kabudhayan ing  Korea Selatan. Pak Jokowi tansah takon babagan K-Pop marang menteri luar negeri lan duta besar Korsel, kena ngapa K-Pop bisa digandrungi manungsa sak ndonya? 

Kanthi pitakonan kaya mangkono mau, mesthine Pak Jokowi duweni krenteg kanggo ngrembakakake budhaya-budhaya kang ana ing negara kita. Kamangka budhaya mau cacahe akeh banget lan bisa wae ngluwihi budhaya ing Korea Selatan. 

Menawa Pak Jokowi tenanan lan bisa anggone nggarap kabudhayan paninggalan para leluhur, ora mokal bangsa lan negara kita bisa mlayu ngoyak negara-negara maju ing tlatah Asia.      


Bisri Nuryadi




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Essay/Artikel Jawa:Jawa, Jokowi lan Korsel"

Back To Top