Ulangan semester ganep
Pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 – 4!
Memetri Budaya Jawi lan Mengeti Kamardikan RI
Kirab budaya kang diadani minggu 17 Agustus 2008 mapan ing Temanggal, Purwomartani, Kalasan, Sleman, Yogyakarta katon regeng lan disengkuyung masyarakat. Masyarakat wis katon guyub rukun lan raket pasrawungane. Ana ing kirab budaya kanth tema : Memetri Dhusun Temanggal 11 ing Panghargyan Agung Kamardikan Republik Indonesia kang kaping 63, masarakat Temanggal kepengin ngleluri lan memetri tinggalane para leluhur.
Kanggo memetri budaya Jawa ing papan iki uga diadani pentas kesenian kayata, tari –tarian klasik, jathilan, lan wayang kulit sawengi natas kanthi Dhalang Gandhung Jadmiko, lan Dhalang cilik Bayu Praba Prasaba Adji. Masarakat Temanggal miwiti ngadani kirab budaya iki kanthi pangajab supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa memetri budaya lan tradhisi kang saiki kurang greget.
Kirab budaya punika kangge memetri dhusun Temanggal mliginipun, lan kangge nglestantunaken tradhisi kados damel tumpeng saubarampenipun, damel gunungan saking who - wohan ingkang manika warni, pala kasimpar, pala kapendhem, pala gumantung, ugi saking manika warni asil tetanen sasampunipun kirab sedaya ingkang ndherek kirab lajeng kendhuri lan dhahar sareng “Ngendikane Drs. H. Haryadi Ketua Panitya Acara Kirab Budaya marang Djaka Lodang.
Ana ing arak – arakan karnaval katon ngarep dhewe Barisan Tolak Balak.Barisan iki dumadi saka wong kang didandani kaya wong edan, wong kang pawakane cilik nanging wis yuswa ditugasi nyebar beras kuning sadawane dalan, banjur ana kang acacat tangane nggawa sapu.
Kajaba iku uga ana barisan Drum Band, barisan perawat, guru, para tani, kesenian jathilan, bergada barisan kang ngusung Gunungan cacahe 2 yaiku gunungan kang digawe saka maneka warna woh – wohan lan gunungan kang digawe saka wulu wetuning bumi, banjur barisan para olahragawan “berprestasi”. Kirab dibudhlalake saka plataran sesepuh dhusun Temanggal tumuju Kantor Kelurahan Purwomartani, sabanjure bali maneh ana dalem sesepuh Temanggal saperlu kendhuri tasyakuran kanthi tumpeng salawuhe kanggo dhahar bareng masarakat Temanggal.
(Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang September 2008)
1. Kirab Budaya ing Dhusun Temanggal Purwomartani punika nggadhahi tema punapa ?
a. memetri Dhusun Temanggung 11 ing Panghargyan Agung Kamardikan Republik Indonesia kang kaping 63
b. Memetri Dhusun Temanggal 11 ing Panghargyan Agung Kamardikan Republik Indonesia kang kaping 64
c. Memetri Dhusun Temanggal 11 ing Panghargyan Agung Kamardikan Republik Indonesia kang kaping 63
d. Memetri Dhusun Temanggal 12 ing Panghargyan Agung Kamardikan Republik Indonesia kang kaping 63
Wangsulan : c
2. Kanggo memetri budaya Jawa ing dhusun Temanggal uga diadani pagelaran wayang kulit sewengi natas. Sapa wae dhalange ?
a. Gandhung Jadmiko lan Anom Suroto
b. Anom Suroto lan Bayu Praba Prasaba Adji
c. Gandhung Jadmiko lan Manteb Sudarsono
d. Gandhung Jadmiko lan Bayu Praba Prasaba Adji
Wangsulan : d
3. Ing ngisor iki pentas kesenian kanggo memetri budaya Jawa ing Temanggal, kajaba … .
a. Tari –tarian klasik
b. Jathilan
c. Kethoprak
d. Wayang kulit sawengi natas
Wangsulan : d
4. Apa kang dadi pangajabe Masarakat Temanggal nindakake kirab budaya iku?
a. supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa memetri budaya lan tradhisi kang saiki kurang greget.
b. supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa menehi asil tetanene
c. supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa nonton wayang kulit
d. supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa kendhuri tasyakuran kanthi tumpeng salawuhe kanggo dhahar bareng
Wangsulan : a
5. Ing ngisor iki jinising pawarta elektronik, kajaba … .
a. Pawarta ing radhio
b. Pawarta ing internet
c. Pawarta ing TV
d. Kalawarti
Wangsulan : d
6. Ing ngisor iki kalebu prastawa sosial budaya yaiku … .
a. Dolan ning Kraton Surakarta
b. Gobag sodor dianggo lomba ing RT 2
c. Kirab gunungan lan tumbak pusaka
d. Mbrastha judi mung wektu semingu
Wangsulan : c
7. Nanggapi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta anduweni teges pada karo ….
a. nyimpulake isi pawarta
b. nulis pawarta
c. ngrungoake pawarta
d. gawe pawarta
Wangsulan : a
8. Ana ing sajroning pawarta, katrangan kahanan utawa kedadeyan kang awujud kasunyatan diarani ….
a. fakta b. opini c. objektif d. evaluasi e. aktual
Wangsulan : a
Sadherengipun, sumangga panjenengan saha kula tansah muji sukur dhumateng Gusti Pangeran ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sadaya. Pramila wonten wekdal menika sad ngawontenaken pepanggihan kanthi rancag.
9. Praelan pidhato ing dhuwur minangka … pidhato.
a. Panutup
b. Dudutan
c. Surasa basa
d. Purwaka basa
Wangsulan : d
10. Nalika nindakake pidhato kudu nggatekake sikep, solah bawa, lan patrape pidhato. Sing ora trep kanggone wong kang lagi pidhato, yaiku … .
a. Napa ora megap-megap
b. Olehe ngadeg sing jejeg
c. Pinter nulis aksara jawa
d. Kudu saguh lan mrantasi karya
Wangsulan : c
11. Ing ngisor iki tuladha perangan Atur pangajab ing pidhato yaiku … .
a. Para Bapak para Ibu ingkang kinurmatan, sumangga putra lan putri kula panjenengan sedaya kita gulawentah ingkang sahe, supados samangke saged dados generasi-generasi panerus ingkang nggadhahi tanggung jawab dhateng majuning agama, Bangsa lan Negara. Amin
b. Sepisan malih, sak menika kita kalebu generasi panerus kamardikan, Pramila kita nggadhahi kewajiban nerusaken perjuangan para pejuang ingkang rumiyin Saha nggulawentah utawi ngrembakakaken Negari Indonesia menika
c. Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, saha para siswa-siswi sedaya, kula sulihsalira saking panawung krida ngaturaken agung matur nuwun amargi bapak saha ibu guru sedaya saged rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan menika
d. Pungkasaning atur, menawi wonten lepat ing basa saha kiranging subasita, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wangsulan : a
12. Ing ngisor iki kang dudu kalawarti basa jawa yaiku … .
a. Djoko Lodhang
b. Panyebar semangat
c. Jaya Baya
d. Kalatidha
Wangsulan : d
13. Ing ngisor iki tata cara (metode) pidhato kang bisa katindakake, kajaba … .
a. Cara naskah
b. Cara ngeling-eling
c. Cara impromptu
d. Cara ekstemporan
Wangsulan : b
14. Ing ngisor iki tuladha perangan dudutan ing pidhato yaiku … .
a. Para Bapak para Ibu ingkang kinurmatan, sumangga putra lan putri kula panjenengan sedaya kita gulawentah ingkang sahe, supados samangke saged dados generasi-generasi panerus ingkang nggadhahi tanggung jawab dhateng majuning agama, Bangsa lan Negara. Amin
b. Sepisan malih, sak menika kita kalebu generasi panerus kamardikan, Pramila kita nggadhahi kewajiban nerusaken perjuangan para pejuang ingkang rumiyin Saha nggulawentah utawi ngrembakakaken Negari Indonesia menika
c. Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, saha para siswa-siswi sedaya, kula sulihsalira saking panawung krida ngaturaken agung matur nuwun amargi bapak saha ibu guru sedaya saged rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan menika
d. Pungkasaning atur, menawi wonten lepat ing basa saha kiranging subasita, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wangsulan : b
15. Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, saha para siswa-siswi sedaya, kula sulihsalira saking panawung krida ngaturaken agung matur nuwun amargi bapak saha ibu guru sedaya saged rawuh wonten ing adicara pepisahan menika. Salajengipun kula ngaturaken matur nuwun ugi dhateng pengurus OSIS ingkang sampun nyumbangaken tenaga lan penggalihipun saengga adicara menika saged kaleksanan kanthi sae.
Bapak saha ibu guru ingkang kinabekten, wonten ing adicara menika kula minangka panawung krida ngaturaken pangapunten mbokbilih kathah kalepatan anggenipun nyaosi papan palenggahan lan samudayanipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Prathelan pidhato ing dhuwur minangka … pidhato.
a. Dudutan
b. Atur pangajab
c. Surasa basa
d. purwaka basa
Wangsulan : c
16. Bocah iku pancen duweni sopan santun lan wasis micara.
Tembung wasis tegese … .
a. Bodho
b. Mlarat
c. Sugih
d. Pinter
Wangsulan : d
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 17 - 21 !
SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi munggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile cilik siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane. Ing dina sepisan munggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .” swarane ndredeg amarga wedi. Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku. Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki Adri. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca.
Sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca wadon lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku dadi kaya anyel lan ora sengaja mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu. Udakara seminggu sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru. Sawise tekan omahe Adri, kabeh padha kaget. Jebul Omahe Adri megahe kaya gedung.
Ibune Adri ngendikan nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pira wae Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. ” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. ”Lha Bu, saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis ora ana.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngomong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg. ” Sadurunge lunga, Adri pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.” Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura ya. .”
Dening : Geraldine Mariauli Banurea (kapundhut sacekape)
17. Kene ngapa Adri pengin pindah sekolah umum?
a. diutus ibune
b. kanggo nggolek kanca
c. ing SLB rame
d. pengin pinter sekolahe
Wangsulan : b
18. Adri kuwi kelas pira?
a. 3
b. 4
c. 5
d. 6
Wangsulan : c
19. Kena ngapa wektu ngenalke, omongane Adri dadi ndredeg?
a. Amarga dheweke digeguyu kanca-kanca liyane
b. Amarga dheweke bar dijegal kancane.
c. Amarga dheweke wedi marang bu guru
d. Amarga dheweke telat mlebu kelas
Wangsulan : a
20. sapa kang ngripta cerkak ing dhuwur?
a. Geraldine mariauli b.
b. Olin
c. Bu Neli
d. Bu Puji
Wangsulan : a
21. Cerkak ing dhuwur kalebu crita kang … .
a. nyenengake
b. mbungahake
c. Nengsemake
d. nyedhihake
Wangsulan : d
22. Wiwit biyen sing jenene kethoprak tansah digandrungi dening masyarakat.
Apa tegese tembung digandrungi ing ukara iku/
a. Disenengi
b. Dilakoni
c. Dilungani
d. Digoleki
Wangsulan : a
23. Pengalaman iku bisa ditulis migunaake paragrap ….
a. deskripsi c. eksposisi e. argumentasi
b. narasi d. persuasi
Wangsulan : a
24. Perangane layang kang isine papan lan tanggal pangawene layang diarani … .
a. Adangiyah
b. Paprenah
c. Satata basa
d. Titimangsa
Wangsulan : d
25. Surasa basa iku minangka perangane layang kang isine … .
a. Marang sapa layang dikirim
b. Kekarepan/isi layang dikirim
c. Tandha tangan
d. Kabar keslametan
Wangsulan : b
Layang undhangan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 26 - 28 !
OSIS SMP NEGERI JATINOM, KABUPATEN KLATEN
Dalan wukir No. 26, Klaten.
Babagan : Undhangan rapat OSIS
Nomer : 001/OSIS/2/12
Lampiran : -
3 februari 2012
Katur
Para Pengurus OSIS lan Pengurus Kelas SMP Jatinom
Ing Jatinom
Kairing pakurmatan,
Kanthi layang penurus OSIS SMPN Jatinom, Klaten memuji muga-muga para kanca tansah bagas waras. Amin.
Kajaba iku kaya sing wis kacetha ing program OSIS, pungkasan sasi April iki bakal dianakake pemilihan pengurus OSIS sing anyar. Awit saka iku , kancaku kabeh dak jaluk tekane sesuk;
Dina : rebu
Tanggal : 6 februari 2012
Jam : 13.30 WIB
Acara : pangeduming ayahan pilihan pengurus OSIS
Nampa katrangan saka Pembina OSIS
matur nuwun awit kawigatene, lan pengurus tansah ngantu-antu tekane kabeh kanca.
Pangarsa Sekretaris
Diki Candra Kartika Dewi
26. Kanthi layang penurus OSIS SMPN Jatinom, Klaten memuji muga-muga para kanca tansah bagas waras. Amin.
Prathelan layang ing dhuwur minangka … layang undhangan.
a. Adangiyah
b. Purwaka
c. Surasa basa
d. Wasana basa
Wangsulan : b
27. Kajaba iku kaya sing wis kacetha ing program OSIS, pungkasan sasi April iki bakal dianakake pemilihan pengurus OSIS sing anyar. Awit saka iku , kancaku kabeh dak jaluk tekane sesuk;
Dina : rebu
Tanggal : 6 februari 2012
Jam : 13.30 WIB
Acara : pangeduming ayahan pilihan pengurus OSIS lan
Nampa katrangan saka Pembina OSIS
Prathelan layang ing dhuwur minangka … layang undhangan.
a. Adangiyah
b. Purwaka
c. Surasa basa
d. Wasana basa
Wangsulan : c
28. Prathelan layang undhangan ing dhuwur kang minangka peprenah yaiku … .
a. OSIS SMP NEGERI JATINOM, KABUPATEN KLATEN
Dalan wukir No. 26, Klaten.
b. Babagan : Undhangan rapat OSIS
Nomer : 001/OSIS/2/12
Lampiran : -
c. Katur Para Pengurus OSIS lan Pengurus Kelas SMP Jatinom
Ing Jatinom
d. Pangarsa/Sekretaris
Wangsulan : d
29. Urutane perangan layang kang bener yaiku … .
a. satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa
b. satata basa, purwaka, surasa basa, adangiyah
c. satata basa, purwaka ,adangiyah, surasa basa
d. satata basa, adangiyah, surasa basa, purwaka
Wangsulan : a
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 30 - 33 !
TRADHISI RASULAN
Tradhisi rasulan utawa bersih desa utawa merti dhusun nganti tekan saiki isih tetep dilestarekake dening masyarakat ing Gunungkidul. Adicara kasebut diadani saben taun sepisan, sabubare mangsa panen. Rerangken acara rasulan ana kang diadani sacara gedhen-gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Kang baku wus kacakup kabutuhan utawa perlune. Maneka warna kesenian tradhisional lumrahe digelarake ing adicara rasulan mau. Ing antarane Reyog, Dhogeran, Jathilan, Wayang Kulit, Campursari, Kethoprak lan liya liyane.
Masyarakat tumplek bleg, melu ambyur ngregengake rasulan. Sawernane jinis panganan melu dicawisake kanggo ngramekake tumekane acara rasulan ing desane dhewe-dhewe. Rasulan iku ditindakake duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga sasuwene setahun kepungkur wus diparingi kasarasan, keslametan, rejeki sarta diparingi asil panen kang murakabi.
30. Andharan ing ngisor iki kang minangka underaning rembug paragraf 1 wacan 2 ing ndhuwur ... .
a. Tradhisi rasulan nganti tekan saiki isih tetep dilestarekake masyarakat Gunungkidul.
b. Adicara Rasulan diadani ing saben taun sepisan sabubare mangsa panen.
c. Rerangken adicara Rasulan diadani kanthi cara gedhen-gedhenan.
d. Maneka warna kesenian tradhisional digelar ing adicara rasulan.
Wangsulan : a
31. Rerangken adiacara rasulan ana kang diadani kanthi gedhen-gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Tembung prasaja tegese ...
a. katon moncer
b. katon gayeng
c. apa anane
d. guyub rukun
Wangsulan : c
32. Ing ngisor iki maneka warna kesenian tradhisional kang lumrahe digelarake ing adicara rasulan kasebut, kajaba … .
a. Reyog Dhogeran
b. Jathilan
c. Wayang wong
d. Campursari
Wangsulan : c
33. Apa ancas tujuwane tradhisi rasulan ditindakake?
a. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya tansah diparingi kasarasan, keslametan lan rejeki.
b. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi panen kang luwih murakabi .
c. Atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa supaya taun ngarep diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.
d. Atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amarga setahun kepungkur wis diparingi kasarasan, keslametan, rejeki lan panen kang murakabi.
Wangsulan : d
34. Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku … .
a. Wirangrong
b. Balabak
c. Demung
d. Mijil
Wangsulan : d
35. Tembang macapat kaiket dening paugeran-paugeran, antarane guru wilangan. Tegese guru wilangan yaiku … .
a. cacahing larik, saben sapada
b. cacahing wanda saben sakgatra
c. tibaning swara ing pungkasan gatra / dong-ding
d. cacahing gatra saben sapada
Wangsulan : b
36. Ing ngisor iki kalebu cakepan tembang sinom gatra siji lan loro yaiku … .
a. Mangetan sigra lumampah.
Urut pinggiring pesisir.
b. Wiwit king pesisir wus prapti.
Sidamulya kang iki.
c. Klebet lorok tlatahipun.
Bawur ing sisih wetan.
d. Pesisir Taman raneki.
Sanggya karya suka lelangening driya.
Wangsulan : a
37. “Ingkang kinurmatan” Manawa ditulis nganggo aksara jawa dadi … .
a. a=k=kinumtn\
b. a=k=kinu/mtn\
c. a=k=knu/mtn\
d. a=k=kin/mtn\
Wangsulan : b
Tulisan aksara jawa iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 38 - 40
?finmi=gurufimev=sek[tn\rufim=k[tnumPkBisWe/kufr.ai=knrufinFe[lokBr=br=a[khk=pdfi[fol\rufituku[c[l=znMcnK=xg[n:20:[awu.
?rufisen_bzetHm/gbismev=sek[tn\taunZxpR|fibklMev=sek[tnM[nh,
38. rufimev=zenFi...
a. sek[tn\
b. sl
c. jk/t
d. surby
Wangsulan : a
39. finaprufiluz ...
a. se[nn\
b. sels
c. re[bo
d. mi=gu
Wangsulan : d
40. k=fitukurfiyaiku...
a. [c[l=znMcn\
b. [c[l=znPitik\
c. [c[l=znSiz
d. [c[l=znMnuk\
Wangsulan : a
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !
1. Coba gawea pambukane pawarta, siaran Radio Swara Pringgondani 12,4FM Sukoharjo ing wayah wengi!
Wangsulan : ………………………………….
Wangsulan : (Miturut Panemu Siswa)
manawa arep gawe layang prayogane nggatekake bab-bab ing ngisor iki :
1. tulisane cetha lan tumata.
2. ukurane ganep mawa unggah-ungguh sing trep
3. isine cetha, sukur kepara ringkes
4. isine runtut supaya sing maca ora bingung bab sing dikarepake
ditulis ing dluwang kang resik.
pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancar diarani cara … .
Wangsulan : Cara impromptu
0 Komentar untuk "Soal, Kunci Bahasa Jawa UKK Kelas 8 SMP/Genap-TERLENGKAP"