I.
PILIHAN GANDA
A. Pilihen wangsulan a, b, c, d utawa e sing
minangka wangsulan sing paling bener ana ing lembar jawaban sing wis
sumadya kanthi menehi tandha ping (x)!
Tembung gambuh ing
ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 lan 2 !
Semengko
ingsun tutur
sembah catur
supaya lumuntur
dhihin raga,
cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono
lamun tinemu
tandha
nugrahaning Manon
|
1.
Tembung “lumuntur”
iku asale saka tembung lingga apa lan kang dadi tegese yaiku ... .
A.
tutur, omong D.
luntur, cilik
B.
lamun, omong E.
luntur, ilang
C.
tutur, becik
2.
Ingkang dipunwastani
“semengko insun tutur” wonten tembang ing nginggil, inggih menika ... .
A.
pituturku dadi
kasunyatan D.
pitutur prasaja
B.
pituturku mbesuke E.
pitutur kang lamis
C.
pituturku saiki
3.
Tegese tembang gambuh
ing basa Indonesia ngisor iki satitekna!
Melaksanakan
petuah itu
Harus
kokoh budipekertinya
Teguh
serta sabar
Tawakal
lapang dada
Menerima
dan ikhlas apa adanya sikapnya dapat dipercaya
Mengerti
“sangkan paraning dumadi”
Tembang ing ngisor
iki kang dadi tegese ing basa Indonesia dhuwur yaiku ... .
A.
Pamoting ujar laku
Kudu santosa
ing budi teguh
Sarta sabar
tawakal legaweng ati
Trima lila
ambeg sadu
Weruh
wekasing dumados
|
D.
Sabarang tindak
tanduk
tumindake
lan sakadaripun
den ngaksama
kasisipaning sesami
sumimpanga ing
laku dur
hardaning
budi kang ngrodon
|
B.
Semengko ingsun
tutur
sembah catur
supaya lumuntur
dhihin raga,
cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono
lamun tinemu
tandha
nugrahaning Manon
|
E.
Sucine tanpa banyu
mung
nyunyuda mring hardaning kalbu
pambukane
tata titi ngati-ngati
atetep
telaten atul
tuladhan
marang waspaos
|
C.
Sekar gambuh ping
catur
kang pitutur
polah kang kalantur
tanpa tutur
katula-tula katali
kadaluwarsa
kapatuh
katutuh pan
dadi awon
|
4.
Tembang Macapat ing
ngisor iki kanggo soal nomer 4 lan 5!
Gambuh
Aja
nganti kabanjur
Barang
polah ingkang
nora jujur
Yen
kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik
ngupayaa iku
Pitutur
ingkang sayektos
Tembang Macapat iku duweni guru lan
guru wilangan ….
A. 7u, 9u, 12i, 8u,8a D. 7u, 8o, 12u, 8u,8i
B. 7u, 8u, 12u, 8u,8i E. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C.
7u,
8u, 12a, 8u,8o
5.
Kang dadi isine
tembang ing dhuwur, kejaba ....
A. ajaran budi pekerti D. ajaran mandhiri
B. ajaran jujur E. ajaran tata krama
C.
ajaran
sopan lan santun
6.
Ing ngandhap menika
kang leres tembang gambuh saking serat wedhatama miturut guru lagu lan
wilangan, inggih menika... .
A.
Ing batin tan salah
Kedhap kilap
ilining ing kalbu
Kang
minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning
budi sadu
Pandak
panduking liru nggon
|
D.
Ing batin tan kliru
Kedhap kilap
ilining ing kalbu
Kang minangka
colok celaking Gusti
Widadaning
budi sadu
Pandak
panduking liru nggon
|
B.
Ing batin tan kliru
Kedhap kilap
ilining ing ati
Kang
minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning
budi sadu
Pandak
panduking liru nggon
|
E.
Ing batin tan kliru
Kedhap kilap
ilining ing kalbu
Kang
minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning
budi pekerti
Pandak
panduking liru nggon
|
C.
Ing batin tan keliru
Kedhap kilap
ilining ing kalbu
Kang
minangka colok celaking Hyang Widhi
Widadaning
budi sadu
Pandak
panduking liru nggon
|
7.
Ing serat Wedhatama
Gambuh ana tembung “Manon”, duweni teges ... .
A.
Guru D. pamaos
B.
Siswa E. Gusti Allah
C.
Panganggit
8.
Cacahing wanda ing
saben larik tembang macapat diarani ... .
A.
Guru gatra D. pada
B.
Guru wilangan E.
pupuh
C.
Guru lagu
9.
Para siswa mesthine
wis padha mangerteni pitutur luhur saka tembang gambuh. Kang dadi gunane
tembang gambuh yaiku ... .
A.
Kanggo aweh panglipur
B.
Kanggo aweh pitutur
C.
Kanggo aweh pangajab
D.
Kanggo aweh pangrimuk
E.
Kanggo aweh
pangarep-arep
10.
Kerot ora duwe untu,
nduweni teges ... .
A.
duweni panjangka
nanging ora nduwe niat
B.
namakake panggawe ala
sarana nggunakake tangane wong liya
C.
gawe rerusuh ing
panggonan sing wus tentrem
D.
darbe panjangka
nanging ora duwe sarana
E.
gawe kabecikan ing
panggonan sing wus tentrem
11.
Bebasan “ngobak-ngobak
banyu bening” nduweni teges ... .
- duweni panjangka nanging ora nduwe niat
B.
namakake panggawe ala
sarana nggunakake tangane wong liya
C.
gawe rerusuh ing
panggonan sing wus tentrem
D.
darbe panjangka
nanging ora duwe sarana
E.
gawe kabecikan ing
panggonan sing wus tentrem
12. Pethikan crita ing ngisor iki satitekna!
Balakan
Nalika semana keraton Majapahit lagi
ketaman rubeda. Sang Prabu antuk Sasmita menawa sing bisa ngluwari rubeda
sajroning nagaraya rnung KyaiAgeng Balak. Sang Prabu banjur utusan Tumenggung
Simbarja lan Simbarjaya nggoleki Kyai Ageng Balak. Ing wusana ketemu ana
sacedhake kali Ranjing sing mapan ing Desa Mertan kecamatan Bendosari.
Kacarita Majapahit bati tentrem sawise Kyai Ageng Balak nyenyuwun marang Gusti kang murbengdumadi.
Nanging Ki Ageng tetep dedunung ana ing kono nganti sasedane. Malah tekan
seprene papan mau katelah dukuh/desa Balakan.
|
Crita Balakan
mangkono mau kagolongake....
A.
legendha D.
mite
B.
fable E.
dongeng
C.
sage
13.
Wong jaman biyen duwe
cara kang mandi kanggo nuturi anan putune, yaiku gawe pesen kang sinandhi ing
sajrone crita minangka tandha wong Jawa kang tansah nggatekake tlatah sakiwa
tengene. Tuladha yen awake dhewe arep pipis ora kena saparan-paran yaiku
jalaran ... .
A.
supaya panggonane resik kabeh D.
jalaran ana panggonan kang luwih trep
B.
supaya manungsa bisa ngurmati alam E.
jalaran bisa cilaka
C.
supaya duwe tata krama
14.
Nalika ibune ngruruhi
anakke, Malin Kundang ora nggagas. Ibune malah ditepang nganti ambruk. Ngenani
kahanan kayo mangkono, ora nyana ibune nyumpahi Malin Kundang. Pungkasane
dhewekke dadi watu.
Pepiling kang bisa
kajupuk saka pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
A.
Gatekna pepinginane wong tuwa D.
Aja nglarani atine wong tuwa
B.
Suwarga iku ana ing tlapak sukune ibu E.
Ngati-ati yen wong tuwane duka
C.
Dadi anak kudu bekti marang wong tuwa
15.
Papan padunungan kang
diandharake sajroning crita Rawa Pening yaiku ... .
A. Gunung Kendhalisada, Redi Telamaya, Sendhang
ari wulana
B.
Gunung Kalisada, sendhang kalitan, Redi Telamaya
C. Sendhang ari wulana, Gunung Kendhalisada, Redi
Telamaya
D.
Redi Telamaya, sendhang kalitan, Gunung Kendhalisada
E.
sendhang kalitan, gunung kutawinangun, Redi Telamaya
Pethikan rakyat ing ngisor iki kanggo mangsuli
pitakonan nomer 16 lan 17!
Salah
siji murid kinasihe Sunan Kalijaga yaiku Sunan Geseng. Minangka murid, Sunan
Geseng iku banget anggone patuh lan setya marang kabeh prentahe Sunan
Kalijaga. Sadurunge Ki Cakrajaya iku amung tukang nderes legen saka wit
siwalan utawa wong mbiyen ngarani nderes kawung. Nalika Sunan Kalijaga liwat
ing panggonan nderese Ki Cakrajaya. Sunan Kalijaga krungu tembange Ki
Cakrajaya kang unine digatekake Sunan Kalijaga mung dibolan-baleni
“Taklila-lila, taklila-lila”.
Bareng
ditakoni Kanjeng Sunan Kalijaga, “Kok
mung lila-lila wae ki jane iku tembang apa Ki Sanak?”
Ki
Cakrajaya mangsuli apa anane, “Alah wong saben dina niku urip kula nggih mung
kados ngeten niki, munggah-mudhun nderes legen. Supados urip kula sing susah
niki mboten kraos susah nggih taklila-lila
(takrilak-rilakake/taksabar-sabarke)”
Sunan
Kalijaga kang nalika nyawang praupane Ki Cakrajaya weruh ana cahya kang
nandhani dheweke iku calon waliullah takon maneh, “Upamane diganti ngono
kepiye Ki Sanak? Supaya luwih apik...”
Ki
Cakrajaya kanthi mesem mbalik takon, “Lha diganti napa?”
Sunan
Kalijaga, “Laa Illaha Ilallah”
Nalika
Ki Cakrajaya menek maneh kanggo nderes lan tetembangan maneh kanthi apa kang
mentas diucapake kanjeng Sunan Kalijaga, deresan legene ora metu banyune
maneh nanging ngetokake emas. Ki Cakrajaya mudhun lan mlayu ngoyak Kanjeng
Sunan Kalijaga saperlu meguru. Wiwit saka iku ki Cakrajaya dadi muride
Kanjeng Sunan Kalijaga. Sawijining dina Sunan Kalijaga pengin nguji kasetyane
Sunan Geseng kanthi ujian kang abot. Sunan Geseng kang wektu iku isih diceluk
Ki Cakrajaya, kang isih buyute Nyai Ageng Bagelen, diutus kanggo sujud
nggegem teken kang ditancepake ing sawijining gunung ing tlatah Bagelen.
Sunan Kalijaga mesen supaya Ki Cakrajaya ora ninggal panggonan nganti
penjenengane wangsul.
Ki
Cakrajaya sujud nggegem lan njaga teken kang ditinggal dening Sunan Kalijaga.
Udan, panas, adhem, atis lan ananing kewan galak Sasuwening nunggu tekene
gurune ora sethithika Ki Cakrajaya nggeser lungguhe. Dheweke tetep meneng ing
panggonan lungguhe. Dina ganti dina, sasi terus ganti, tahun menyang tahun
ora karasa Ki Cakrajaya wis sujud nggegem teken suwene 7 tahun.
...
|
16.
Pethikan crita rakyat
ing dhuwur klebu jinise ... .
A.
Legendha D.
Fabel
B.
Sage E.
Dongeng
C.
Mite
17.
Irah-irahan kang trep
kanggo Pethikan crita rakyat ing dhuwur yaiku ... .
A.
Sunan Kalijaga D.
Sujud pitung taun
B.
Sunan Cakrajaya E.
Tongkate sunan Kalijaga
C.
Sunan Geseng
18.
Crita rakyat sing ana
gegayutane marang sejarah, kepahlawanan lan kesaktian sawijining pawongan
diarani ... .
A.
Fabel D.
sage
B.
Mitos E.
legendha
C.
Dongeng
19.
Nalika isih cilik
biyen mesthi wis padha mangerteni crita kancil lan baya utawa kancil nyolong
timun. Dene crita mau klebu ... .
A.
Fabel D.
sage
B.
Mitos E.
legendha
C.
Dongeng
20.
Ing ngandhap menika
ingkang boten kalebet titikanipun crita
rakyat, inggih menika ... .
A.
Critanipun
sakeplasan (dimirengaken sepisan banjur tamat)
B.
Isinipun crita
ngandhut pitutur, panyaruwe lan piweling
C.
Nggambaraken
kedadeyan-kedadeyan ingkang tumemen
D.
Anonim, boten
dimangerteni sinten sejatosipun panganggit
E.
Nyritakaken bab
awon lan leres kangge patuladhan
B.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor
iki kanthi bener, pener lan tliti!
1.
Tembang gambuh ing
ngisor iki gancarna nganggo basa Indonesia!
sabarang
tindak tanduk
tumindake
lan sakadaripun
den
ngaksama kasisipaning sesami
sumimpanga
ing laku dur
hardaning
budi kang ngrodon
|
2.
Apa kang diarani
kawruh basa “bebasan” iku? wenehana 3
tuladha!
3.
Paugeran tembang
macapat iku cacahe ana pira? Sebutna lan jlentrehna kang dadi tegese!
4.
Jinise crita rakyat
iku werna-werna. Coba jlentrehna apa kang diarani crita rakyat ing ngisor iki
lan wenehana tuladha critane, saben crita rakyat 3 tuladha!
a. Legendha
b. sage
c. mite
d. fabel
5.
Ing materi crita
rakyat mesthine wis padha mangerteni babagan crita ing dhaerahmu dhewe-dhewe.
Coba saiki tulisen kepriye critane legendha dumadine kutha Boyolali kuwi!
Kunci jawaban Ulangan Mid Semester
Pelajaran
: Bahasa Jawa
Tahun
: 2015/2016
I.
1.
|
E
|
11.
|
C
|
2.
|
B
|
12.
|
A
|
3.
|
A
|
13.
|
B
|
4.
|
E
|
14.
|
D
|
5.
|
D
|
15.
|
A
|
6.
|
C
|
16.
|
B
|
7.
|
E
|
17.
|
C
|
8.
|
B
|
18.
|
D
|
9.
|
B
|
19.
|
A
|
10.
|
D
|
20.
|
C
|
II.
1. Segala tindak tanduk
Dilakukan
ala kadarnya
Memberi maaf
atas kesalahan sesama
Menghindari
perbuatan tercela
Dan watak
angkara yang besar
2. Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg
panganggone lan duweni teges entar kang ngemu surasa nggambarake tindak-tanduke
manungsa.
Tuladha :
Kerot ora duwe untu, Nabok nyilih tangan, Ngubak-ngubak banu bening
3. Guru lagu : tibane swara vokal
saben pungkasan larikan tembang
Guru
wilangan : cacahe wanda ing saben larikan macapat
Guru gatra :
cacahe larikan tembang macapat
4. Legendha yaiku crita rakyat sing diangep nyata kedadeyane jalaean
sajroning crita ana paraga sejarah lan dibumboni bab ajaib, sekti lsp.
Tuladha :
rawa pening, Roro Jonggrang, Banyuwangi
Sage yaiku
crita rakyat sing ana gegayutane marang sejarah, nyritakake bab kepahlawanan,
kesaktian sawijining pawongan.
Tuladha :
calon arang, Ciung wanara, Siliwangi, Panji lsp.
Mite yaiku
crita rakyat sing paragane para deea utawa samubarang mahkluk separo dewa
dumadi ana ing donya utawa kahyangan.
Tuladha :
Nyi roro kidul, Nyi Blorong, jenglot
Fabel yaiku crita khayalan bab kewan sing poahe
kaya manungsa.
Kancil
nyolong timun, semut lan manut, kancil lan macan, lsp.
5. Kang wigati crita wonten
asmanipun Sunan Pandanaarang, Nyi Pandanarang, Sunan kalijaga. (kawicaksanan
guru)
0 Komentar untuk "Soal Basa Jawa XI Mid Genap "